Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (14)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 36 kali

(c). Waktu cinipta. Kaya kang wus diaturake ing ndhuwur, manawa  pangu­ripan iku ora binarung karo ciniptane Bumi. Ciniptane Bumi mono ngalami ta­taran persiapan miliaran taun, supaya sa­mubarang pantes sarta bisa dadi pa­pan panggonane makhluk urip. Kejaba saka iku, manungsa mono dudu makhluk sing paling awal kang manggon (mapan) ana ing lumahing Bumi. Dhawuhe Ra­sulullah sing nerangake kapan Nabi Adam cinipta, nerangake (mengungkapkan) se­cara analogis, mangkene maknane:

“Allah iku kepareng nyipta Bumi ana ing dina Sabtu, tumuli nyipta Gunung-gunung ana ing dina Ahad, ciniptane ke­kayuan ana ing dina Senen, nyipta ma­khluk (samubarang kang ora disenengi) ana ing dina Selasa, nyipta cahya ana ing dina Rebo, ngrembakakake kewan-ke­wan ana ing Kamis, nyipta Adam ana ing dina Jum’at sawuse Asyar, minangka kang cinipta pungkasan, ana ing wektu pungkasning saka wektu dina Jum’at, yaiku wektu antarane sore lan we­ngi,” (HR.Muslim).

Dhawuhe Rasulullah  s.a.w. ing ndhu­wur mujudake informasi kang mirung­gan (penting), kapan manungsa iku ci­nipta? Hadits kasebut nerangake, ma­nawa manungsa mujudake makhluk urip kang cinipta paling akhir. Becik iku cinipta ing alam ghaib utawa cinipta ing  lumah­ing Bumi. Para Ulama ndarbeni panemu, manawa Adam mujudake makhluk ing lumahing Bumi paling akhir cinipta. Lha ing kene banjur tuwuh  pitakonan, banjur kepriye wawasan ilmu pengetahuan mo­dern (sains) lan ilmu babagan tumapak­ing manungsa ing lumahing Bumi?

Asil panalitian dening para ilmuwan nuduhake, manawa sasuwene 100 taun kapisan wiwit dumadine (terbentuknya) Bumi durung bisa dadi papan sing bisa dipanggoni (didunungi), sanajan ta de­ning makhluk urip sing bisa adhaptasi karo kahanan kang mangkono mau (eks­trim). Lha tumrap umure Bumi kang di­nuga wus 4,5 miliiar taun, panguripan kang kapisan watara 3,9 milliar taun ke­pungkur.

Mung makhluk sing ndarbeni sel tung­gal, kaya ta mikroba sing bisa tahan urip, tumuli darbe jejibahan mirunggan (penting), saengga Bumi kita dadi papan sing bisa dienggoni (didunungi) dening makhluk liyane. Dene manungsa mu­judake makhluk urip sing paling  pung­kasan, sing tumapak ana ing lumahing Bumi, watara 1,8 yuta taun kepungkur.

 

(d). Materi (bahan) ciniptane

Hadits sing diriwayatake dening Abu Musa al-Asy’ari, Rasulullah s.a.w. pa­ring dhawuh, mangkene maksude: Allah kepareng nyipta Adam saka le­mah, sing dipikoleh saka sekabehing arah bantala, nuli keturunane uga lair trep karo cakrik tlatah dumununge, ana sing cakrike abang, putih, ireng utawa antara kekarone.” (HR.Abu Asy’ari.)

 

(e). Sawuse cinipta

Ciniptane Adam miturut Al-Qur’an mi­­gunakake sawatara unsur kang mi­runggan, kang dumunung ana ing lemah, mawa sebutan antara liya yaiku turab, thin, shal-shal min hamain masnun, shal-shal kal fakhkhar. Miturut Syeh Than­thawy, istilah tumrap materi ciniptane ma­nungsa kang kapisan, yaiku Adam iku ora ana lelawanan maknane, nanging mujudake tataran proses ciniptane.

Mangkene maksud dhawuhe Allah:

(a). “He para manungsa! manawa sira mamang (ragu-ragu) marang bakal tangine wong kang wus mati, mangertia satemene Ingsun wus nitahake sira saka lemah (turab), banjur saka nutfah.” (Q.S.Al-Hajj (22):5).

Ayat kasebut ing ndhuwur, nyebutake bahan baku (materi) saka turab (awu garing) sing ora ngandhut banyu, sing bobote entheng banget, gampang sem­burat, mabur yen kataman angin.Trep karo isyarat kang wus kepareng kadha­wuhake dening Allah, mangkene mak­sude:

(b). ”He para wong Mukmin ka­beh! sira aja padha mbatalake se­dhekahira kabeh sarana ngundha­ma­na lan nglarakake ati, iku padha karo wong kang ndarmakake ba­dha­ne mung murih dideleng para manungsa, lan ora iman marang Allah lan dina Akhir, mungguh sane­pa­ne wong mau, kaya upamane wa­tu klimis kang ana lemahe, banjur ti­nempuh ing udan deres pathes. Wusana watune bali klimis maneh. Dheweke ora padha bisa pikantuk ganjaran apa-apa sethithik bae sa­ka barang kang wus ditindakake mau, awit Allah ora kepareng ne­dah­ake wong kang padha kafir.” (Q.S.Al-Baqarah (2):264).

(c).”Lan satemene Pangeranira wus nitahake manungsa iku maune saka lemah kang garing tur ireng kang dirupakake,(shal-shal kal fakhar) (Q.S.Al –Hijr)

Sawuse Nabi Adam cinipta, Allah ban­jur kepareng paring piwulang ma­rang Adam sekabehing arane (jeneg-jenenge) samubarang. Allah tumuli dha­wuh marang para Malaikat supaya nye­butake arane (jeneng-jenenge) samu­ba­rang mau.

Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude: “Allah wus kepareng paring priksa marang Adam arane kabeh sa­mubarang wujud apa bae, tumuli Allah kepareng ndangukake (menanyakannya) arane ba­rang-barang mau marang para Ma­laikat. Dhawuhe Allah: “Sira padha nga­turna marang Ingsun arane ka­beh barang mau, yenta nyata sira pa­­dha temen,” (Q.S.Al-Baqarah (2):31).

Fenomena (kahanan) kasebut mu­judake kaunggulan Adam marang Ma­laikat, Allah wus kepareng paring ilmu pengetahuan arane sekabehing barang. Dene para Malaikat ora ndarbeni pe­nge­tahuan ing babagan iku. Hiya iku sawiiji­ning hikmah, sing kepareng Allah  mari­ngi dhawuh maksud bakal ciniptane khalifah ing Bumi. Tumuli para Malaikat munjuk atur: “Munjuk atur para Ma­laikat, Maha Suci Paduka, kita se­da­ya punika mboten sami gadhah pengetahuan, kajawi ingkang sam­pun kepareng Paduka paringaken dhu­ma­teng kita, sayektos Paduka punika Ma­ha Ngawuningani sarta Maha Wi­caksana,” (Q.S.Al-Baqara (2):32).

Nuli Adam kadhawuhan nyebutake arane sekabehing barang mau. Trep dha­wuh pangandikaning Allah, mangkene mak­sude: Dhawuhe Allah marang Adam: “He Adam para Malaikat iku padha sira kaba­rana keterangan arane sekabehing ba­rang sawiji-wiji. Bareng Adam wus ngabarake keterangan arane barang-barang, dhawuhe Allah : Apa ta Ingsun durung paring pangandikan marang sira, manawa Ingsun iku Ngawu­ningani ghaibing Langit lan Bumi, lan Ingsung Ngawuningani ka­beh barang kang sira pratelakake lan kang sira umpetake?” (Q.S.Al-Baqara (2):33). Wusana Allah tumuli ke­pareng paring dhawuh marang Malaikat lan iblis, supaya kurmat, ngakoni marang kaung­gulan, kamulyaning Nabi Adam sarta keturunane. (Ana Candhake)      

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…