KECEMPLUNG BLUMBANG
SABEN jam papat esuk, kaya adate aku wis tangi. Banjur ubres ing pawon olah-olah nggo sarapan. Panggaweyan rutin sing tak tindakake minangka ibu rumah tangga. Krungu adzan Subuh, aku niyat arep sholat dhisik. Gandheng kolahe lagi diagem ibu, aku niyat wudlu ing jaba. Pinggir blumbang ana kran khusus sing biyasa kanggo wijik. Ing blumbang kono uga ana wit nangka kang lagi nguwoh pating grandhul. Kamar mandhi mung siji, dadi yen lagi dienggo kudu ngalah metu yen mung arep wudlu.
Nalika arep wudlu, ujug-ujug sikilku kepleset, mak ceblung kecemplung blumbang. Ndilalah sandhal jepite lunyu, aku kurang waspada. Aku napak pinggir blumbang, terus kecemplung. Aku bengok-bengok njaluk tulung bojoku ben ditulungi. Nganti suwe anggonku kungkum, bojoku ora metu nulungi. Aku krekel-krekel mentas dhewe. Klambiku klebus, tujune ora nganti teles tekan sirah. Sawise mentas, bojoku nembe metu karo omong : “Wong mung nangka tiba, mengko awan tak jupuke. Kok ndadak bengok-bengok mbribeni tanggane”.
Karo muni-muni aku omong yen sing tiba aku, dudu nangka. Krungu aku sing tiba,bojoku ora ndang nulungi malah ngguyu kepingkel-pingkel. Gelem ora gelem aku ya melu ngguyu. E, lhadalah, sing tiba aku kok dikira mung nangka. Mulane suwe ora ditulungi, nganti kadhemen nang njero blumbang. (Alfiyah Indarwati — Wonosobo)
DIDOL RUGI
Anakku dodolan on-line. Merga disaingi
kanca, saiki regane diudhunake. Biyen kembang plastik diregani Rp 25.000,-
saiki mung Rp. 20.000,- . mesthi wae ya laris manis. Ning sing nggawa ora oleh
apa-apa, malah rugi.
Minggu kepungkur oleh pesenan kembang saka Palembang.
Dikira ongkos kirime mung Rp 25.000,-. Nalika aku arep ngirim liwat JNE lha kok
diaba Rp 69.000,- Aku mundur, ora sida kirim. Liwat pos diabaRp 55.000,- Aku ya
mundur ora sida. Ping telu liwat Tiki ing Wirobrajan Yogya, diaba Rp 47.000,-
Sidane anggonku ngirim kembang plastik liwat Tiki. Yen
digagas, dodolan payu, ning rugi. Lha piye ? Coba digagas. Anggone akon anakku
marang sing tuku, ongkose mung selawe ewu. Ndadak saiki 47 ewu. Ateges anggone
bakulan on-line rugi Rp 22.000,- Ya muga-muga wae oleh ijol saka Gusti Allah
!!! (Ny. Sumaryati — Yogyakarta)
KOMPAS
Minangka Kepala Regu Putri Lomba jelajah
hutan, kudu duwe kompas. Lagi wae mulih sekolah lan durung lukar seragame,
putuku wis njarwani kaya mengkono. Sabanjure crita, yen saregu gunggunge 11.
supaya ora kangelan, regu dipantha dadi loro. Kepala regu ngendhaleni anggota
lima, wakile papat. Aku nyandhak marang karepe. Sarana sangu kompas, ora bakal
ana sing kecicir lan ora kesasar-sasar. Gandheng wektune mung kari sesuk,
sarampunge mangan dak jak tuku. Lan lagi wae tata-tata, mas Nar numpak mobil
liwat ngarep omah. Sawise miterang lan dak jarwani, tangga sing uga arep lunga
menyang pasar mau saguh nukokake. Dak ulungi dhuwit, durung gelem nampa. Menawa
wae ditalangi dhisik. Kebeneran, aku ora sida kepanasen mancal sepedhah lan
nggonceng bocah.
Sasuwene ngenteni mas Nar, putuku tata-tata uba rampe.
Seragam pramuka. Tongkat, tali, sempritan lan topi rimba. Karo sedhela-sedhela
prit-prit nyebul sempritan, tangan kethawa- kethawe kanthi nyuwara seru ngabani
kaya patrape komandhan ngatur lan nuduhake panggonan sing diarah, marang
anggotane. Watara rong jam candhake, mas Nar wis bali.
“Angsal, pak”. Wuwuse karo mudhun. Aku gage-gage
ngulungi dhuwit. Uga ora ditampani, wong regane mung limang ewu rupiah. Aku
njomblak. Kuwi ora mung murah, nanging super murah. Barang lan regane ora
cundhuk. Mas Nar ngulungake lempitan koran. Barange endi, batinku. Arep takon,
mas Nar wis kebanjur adoh. Menawa wae saking kesusune nganti lali. Tak antu
nganti rada suwe ora bali-bali. Piye ta iki, batinku karo rada grundelan.
Apamaneh putu wis bola-bali takon.
Karo setengah ngguyu kecut, Kepala Regu tak gonceng
menyang toko. Tujune durung tutup lan sawise milang-miling, barang sing
dibutuhake kelakon oleh. Putuku sakala ajer binar, aku dhewe rumangsa jenjem
marem. Regane limang ewu rupiah punjul nol siji. Sabanjure tak jarwani, menawa
mas Nar kakehan blanjane nganti ora kober mampir toko sing mligi adol kebutuhan
bocah sekolah. Sadalan-dalan aku nggagas, sajake mas Nar kleru panampa. Sing
dak karepake kompas, sawijining pandom kanggo nuduhake panggonan lor, kidul,
wetan lan kulon. Ditukokake Kompas wacan /koran. Wow, ora sombong, yen koran,
sanajan ora langganan, nggonku tumpukan. Nanging piye maneh, wis keraya-raya
gelem tetulung, mongsok arep dipaido. Sing baku Kepala regu K eturutan karepe lan ora cuwa. (Ismoe
Rianto —
Madiun)
Akeh wong
kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.
GROJOGAN PEDHUT-
Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***
Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas
Benci
nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri
DPR ora kesusu ngrembug RUU HP
Ora
kaya RUU MD3 ya?
Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi
Ora
ana mangan awan gratis pancen…