Gendruwo si Kliwon
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 264 kali

Sing diarani hobi mono meh kabeh uwong duwe. Ana sing karem ngingu manuk, ngoleksi barang langka, mancing, kluyuran, nga­botohan lan sapanunggalane. Hobi ngabo­tohan bisa kaperang dadi loro, main mung kanggo cagak melek kanthi udhu dhuwit cilik-cilikan, utawa pancen wis nyethet ba­nget karem main engga saleker gentho­nge disok glogok kanggo totohan. Nyalur­ake hobi, mbuh apa jinise, bisa njalari pikiran lejar lan kebak greget nglakoni urip.

Ora beda kaya hobine bapak-bapak ing kampungku sing saben bengi ora gothang cangkrukan. Anggone jejagongan giliran, kadhang ana omahe Mujiman, Suroto lan Tarship. Kari endi sing tawa-tawa enggon. Saben cangkrukan ora ana liya sing dila­koni kejaba mbanting kertu remi. Yen wis dolanan remi, gayenge ora jamak. Sing kalah raine kebak coretan enjet nganti rupane pating cloneh kaya badhut. Saking katreme anggone remi, terkadhang nganti lali wayah. Lagi leren yen krungu kuman­dhange adzan subuh.

Bojone bapak-bapak sing hobi remi sok protes, sebab saben bengi ajeg ditinggal lunga. Paini, bojone Mujiman,  salah sijine. Kaya bengi kuwi, nalika  sing lanang pamit arep cangkrukan ing omahe Suroto, Paini prengat-prengut sajak wegah ditinggal ijen.

“Mbok ora usah tindak ta, kung. Wong wancine malem Jumuwah Kliwon. Atiku kawit sore kok ora kepenak. Sareya ana nda­lem wae ta, ora susah mrana-mrana,” ujare Paini.

Dipenggak bojone, Mujiman ora nggu­gu. Dheweke ngglendhoti sing wadon kare­ben diolehi metu. “Padune kowe ora gelem taktinggal wae. Aja sumelang, aku iki mengko ora nganti parak esuk kaya biya­sane kok. Tengah wengi dakmulih, njur awake dhewe nganu….”

“Wis..wis,  gek ndang merat kana! Ora kena dielingne ya sakarepmu,” Paini  gi­bras-gibras risi diusil-usil sing lanang. Dhe­weke ngrukubake slimute banjur turu mungkur.

Mujiman nuli kluntrung-kluntrung lu­nga karo klecam-klecem. “Ni, lawange kanci­ngana. Panganan ing meja mangan kuwi ndang kukupana njur lebokna lemari, mun­dhak dibadhog tikus. Wis lho ya, aku budhal,” ucape.

“Mbuh!” wangsulane Paini sengol.

Nganti jam sepuluh Paini durung bisa ngliyep. Mripate kethap-kethip. Saklebatan dheweke sumurup ana ayang-ayang mle­bu ruwang tamu, nanging arep tangi rasa­ne awak kok abot banget. Ah bah-bah,  paling bojone mulih maneh. Sapa sing bisa mlebu ngomah yen dudu bojone, wong dheweke mau sadurunge budhal remi wis sangu kunci, ngono batine.

Dumadakan mripate Paini ngantuk tan kena disayuti. Wusanane less, dheweke keturon. Rumangsane durung suwe olehe kesirep nalika dheweke krungu kumriyete la­wang kamar sing menga separo iku  di­dedel saka njaba. Kumlesede jangkah an­teb nyedhaki peturon. Paini ngrasakake awake ditindhihi  barang anteb lan dikekep kenceng.

Awake sakojur krasa…………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…