Katrangane
petugas keamanan mau gawe njomblake Martini. Dheweke ora nyana jebul Sayunah
wis keblegong ing jagade dol tinuku obat kang dadi laranganing negara. Interogasi
awan kuwi wis bisa oleh dudutan menawa Martini ora melu cawe-cawe perkara
narkoba sing didol Sayunah lan pancen ora ngerti. Katrangane Martini dibenerake
Sayunah. Apa maneh asile tes banyu urine Martini nuduhake negatif.
Ing batin
Martini isin karo Kusno. Awit Kusno kang jejer pangayom masyarakat kanthi nganthongi
layang tugas minangka reserse kadakwa arep tumindak ora genah karo dheweke.
Malah Sayunah kang sasuwene iki kaanggep minangka dewaning pitulungan keblowok
ing dalan kang dadi larangane pamarentah. Kanthi pangrimuk lan pituture
Kusno, Martini nuli gelem bali menyang desane nggawa sangu pengalaman saka
Yogya.
Martini
nuli pamitan apik-apik marang Sayunah. Lelorone tetangisan. Dongane Martini
muga-muga Sayunah oleh pangentheng-entheng saka pihak kang wajib lan sabar
nglakoni proses ukum, klebu mengko yen dipidana.
“Mangga,
Bu, minggah malih. Masangipun ban sampun cekap,” ucape kernet bis njugarake
lamunane Martini. Martini njenggirat. Ora krasa dheweke wis keseret marang
lelakon sing wis mataun-taun mungkur.
Playune
bis sing ditumpaki Martini luwih banter tinimbang sadurunge. Kejaba pancen
wektune saya wengi, uga merga pating clomete penumpang sing rumangsa gela
merga telat tekan papan tujuwane dhewe-dhewe. Ati lan pikirane Martini bali
was-was menawa kelingan lan ngentha-entha kahanane Jatmiko.
Tekan
Pacitan wis bakda Mahgrib. Kanthi pituduh lan pitulungane tukang becak, wasana
Martini tekan papan sing digoleki. Jebul sing diparani kuwi dudu rumah sakit
kaya sing dipikir Martini, ananging mujudake kamar inap sawijining puskesmas
ing laladan kecamatan. Sanadyanta mung ana laladan kecamatan nanging pasiene
akeh, katitik ora ana kamar kang kothong.
Tekane
Martini ana puskesmas dipapag bojone Jatmiko. Sawise salaman lan ngambung
tangane maratuwa, Riris nuduhi kamare
Jatmiko dirawat. Tekan njero kamar Martini karo Jatmiko padha rerangkulan,
sajake pancen wis kangen tenan. Jalaran wiwit kepethuk nalika ijaban telung
taun kepungkur lelorone durung nate ketemu maneh. Jatmiko repot minangka guru
honorer ing sawijining sekolah dhasar, dene Martini sibuk golek nasabah
asuransi ing papan anggone nyambut gawe.
Atine
Martini kaya diiris-iris meruhi…………….
Akeh wong
kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.
GROJOGAN PEDHUT-
Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***
Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas
Benci
nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri
DPR ora kesusu ngrembug RUU HP
Ora
kaya RUU MD3 ya?
Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi
Ora
ana mangan awan gratis pancen…