Mudhik Total
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 191 kali

Dak etung-etung olehku bara nyang Jakarta ki wis sepuluhan taun. Wiwit aku umur 23 nganti saiki wis 33 taun. Olehku tekan Jakarta biyen satemene setengah ora njarag, wong jane aku ora krasanan ana paran. Dhek semana mung nuruti ati panas. Partini, prawan pacang­an­ku wis arep daklamar, lha kok malah boncengan karo Tarka, ka­thik ngethapel gocekan weteng. Kontan wae lamaran dakbatalake, terus aku katut kanca nyang Ja­kar­ta. Sekawit kaya ora krasan­ kra­sana ing kutha negara iku. Na­nging bareng melu-melu bakulan bakmi, laris, kok dadi krasan ngan­ti seprene. Eloke, aku malah arang-arang mulih ndesa. Jrone 10 taun aku mung mudhik ping telu, merga ora kepengin weruh Partini renteng­renteng karo Tar­ka. Marahi panas nyang ati.

Lebaran taun iki karepku ya ora arep mudhik. Nanging wanci sadra­nan wis di-SMS bapak, dikon mulih, jare penting banget. Tekan ngomah, lang­sung dikrutug rembug karo bapak lan ibu.

“Samsuri, aku wis tuwa, wis ora ku­wat nggarap sawahe. Muliha ndesa wae aja bali nyang Jakarta. Perkara seneng bakul, ana ndesa rak ya bisa. Nggarap sa­wah loro karo bakulan, insya Allah urip­mu makmur, ora kalah karo bara nyang Jakarta.”

Disambung ibu, “Karo maneh kowe ki gek rabiya. Partini seprene tetep ngen­­teni kowe.”

Saklimah guneme ibu iku nga­getake aku banget. Mula aku nggenahake, “Kok ngenteni aku? Apa ora dadi karo Tarka?”

“Apa sambunge karo Tarka?” saure ibu kaya nutuh aku. “Kowe ki bocah cupet nalarmu. Mung weruh Partini dibonceng­ake Tarka, terus kowe nggeblas nyang Ja­karta, tanpa dilarah perkarane luwih dhisik. Biyen kae Partini ki lara, awake panas banget. Merga kuwatir yen dhe­mam berdharah, enggal diterake Tarka nyang rumah sakit.”

Aku njegreg. Keduwung, nanging wis kadhung, arep kepriye. Mung yen dhe­weke tetep ngenteni aku, iku sing dadi pikiran. Malah setengah ora ngandel, sa­bab selawase iki aku wis ora tau sam­bung karo dheweke. Mula sawise ram­pung iyarah menyang makame simbah-simbah, aku merlokake dolan menyang omahe. Ketemu Partini. Katon luwih mre­nyen, luwih lemu lan singsed. Jare saiki bakulan.

“Dhik, apa seprene kowe isih legan?” takonku. “Iya,” saure cekak.

“Apa kowe isih kepengin mbaleni crita lawas karo aku?” takonku rada ming­grang-minggring.

Wangsulane rada nylekit, “Aja ge-er mas, kegedhen rumangsa kowe. Ora!”

“Kena apa seprene tetep legan?” ta­konku ngoyak.

Jebul wangsulane kepenak wae, “Mung pengin mbuktekake yen aku biyen ki ora ana rasa apa-apa karo  Mas Tarka.”

Sajake bener critane ibu.

“Lha Tarka saiki rabi apa durung?”

“Wis duwe anak siji,” saure. “Ngapa kok takon Tarka barang?”

“Arep njaluk ngapura,” saurku.

“Nek arep ketemu nyanga…………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…