Tapak Jangkah Leluhur (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 191 kali

“yayi Mahisi Shima, manungsa tumitah urip ing jagad raya iki tan prabeda kaya prajurit kang piniji mangsah perang dening Sang Senapati Agung. Jer urip mono mula perang. Perang antarane kabecikan lan kautaman lumawan piala lan kadurakan. Mangka sajroning perang iku sawijining prajurit bisa kelangan peranganing awak: tangan, sikil kepara bisa uga malah sirah. Tiwas!” pangandikane Prabu Kartikeya Singha Mahisi Shima.

Alon, sareh. Mawa swara dhadha kang ngrendem mantep. “Mangkono uga sajroning urip iki, manungsa bisa kelangan peranganing kulawarga: anak, bojo, sanak sedulur. Lan lamun perang wis rampung, prajurit kasebut tertamtu bakal bali. Parandene bali marang pangrehe Sang Senapati Agung kanggo ngayahi jejibahan anyar. Punarbhawa.”

“Mila leres Kangmas Prabu, awit Sang Senapati Agung menika mboten sanes Hyang Widhi Wasa. Ingkang ngasta purba wasesa gesangipun sedaya titah ing jagad raya. Nanging…. nuwun sewu, wonten wahanan menapa dhuh Kangmas Prabu teka nganeh-anehi wedharing pangandika dalem ?”

“Hmh. Ora ana sing nganeh-anehi. Kaya lakune ukum alam, esuk, awan, sore, bengi. Katiga, labuh, rendheng, mareng. Lair, tuwa, lara, mati. Ana, sirna, teka, lunga,” pangandikane Prabu Kartikeya Singha sajak ora ana momotan jroning penggalih.

“Kangmas Prabu…!” Mahisi Shima kandheg ature. Sedhih. Pangandikane ingkang garwa sangsaya gawe goreh.

“Yayi Mahisi Shima, panjenenganmu kudu muji syukur marang Hyang Widhi Wasa.”

“Nuwun inggih, Kangmas Prabu. Wiwit alit mila kula sampun dipungegulang dening Bapa Dapunta Selendra dalah Ibu Sampula. Kula kedah tansah muji syukur dhumateng Hyang Widhi. Awit ing saben  sasedhotan salebeting unjal ambegan, ing saben sakedutan salebeting keteging getih, kula sampun nampi kanugrahan ageng saking Hyang Widhi. Inggih menika gesang,” ature Mahisi Shima lugu lugas.

“Yoh. Urip. Lan ing sajroning urip iki panjenenganmu bisa mukti wibawa minangka garwa prameswari Keling Kalingga kang sinuyudan dening sanggyaning kawula dasih. Gek puta wayahmu ya padha setya bekti mbangun turut marang wong tuwa,” pangandikane Prabu Kartikeya Singha bombong. “Banjur kepriye pawartane si Sannaha lan Sanna, teka wis sawatara suwene ora nate dikanthi sowan? Hmmm, nganti kapang aku.”

“Punten ndalem sewu, Kangmas Prabu, samangke si Sannaha putranipun Rahyang Mandiminyak patutan saking ingkang putra Dewi Parwati sampun ndungkap rumaja putri. Sannaha ketingal rukun, renteng-renteng reruntungan kalihan Sanna, putra Rahyang Mandiminyak ingkang patutan saking Pohaci Rababu,  saking Pakuwan.”

“Yoh. Aku sumurup ana gegambaran wahyu kanaledran tumiba marang Sannaha lan Sanna. Mula bocah-bocah iku ing diwasane mengko prayoga dijodhokake wae. Poma dipoma aja tan ora,” wekase Prabu Kartikeya Singha wanti-wanti.

“Lho, lare kalih menika rak pinanggih sami sedherek ta, Kangmas Prabu?” pamiterange Mahisi Shima sajak ora rila.

“Lelakon kang ngono kuwi wis lumrah ditindakake dening………………………..

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya