Ngungak Pesanggrahan Pracimaharja Tilarane Sinuhun Paku Buwono X
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 106 kali

Pesanggrahan Pracimaharja kang dumunung ing desa Paras, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah, mujudake  papan wisata spiritual kang  tekan seprene isih akeh ditekani dening para peziarah saka ngendi papan. Racake para peziarah iku padha nindakake semedi, tirakat utawa mung duweni sedya tetirah wae. Duking uni, Pesanggrahan Pracimoharjo iki minanggka papan kanggo tetirah lan ngenggar enggar penggalih tilarane Sinuhun Paku Buwono VI ing Surakarta Hadinginrat. Amarga Ingkang  Sinuhun Susuhunan PB VI kakendangake ing Ambon dening Walanda merga didakwa mbiyantu Pangeran Diponegoro, temahan pesanggrahan iki kahanane ora kerumat. Akeh wewangunane sing padha rusak, mula ing jamane Ingkang Sinuhun Susuhunan Paku Buwono X ngasta pusaraning praja wiwit taun 1893 tekan 1939, pesanggrahan iki banjur dimulyakake (direhab).

 

Miturut buku panduan kang sesirah “Sejarah Pesanggrahan Pracimaharja”, diaturake yen ing taun 1803  pesanggra­han iki klebu salah sijine wewangunan ing sajabane kraton sing paling endah lan me­gah. Tekan saiki situs cagar budaya iku isih katon wutuh senajan saperangan wis akeh sing rata karo lemah. Wewangunan sing isih katon wutuh ing antarane gapura  sing kari cacah telu kang dumunung ana Lor, Wetan lan Kidul, tilas Air Mancur, Sang­gar Palereman, Sanggar Pamele­ngan, Pager mubeng pesanggrahan lan sisane struktur bangunan liyane. Dene gapura sing sisih Kulon wis rusak. Banjur ing komplek pesanggrahan sing mbiyen jembare udakara 6 hektar lan saiki mung kari 2 hektar kuwi isih tinemu fountain cacah loro sing mbiyen ngrenggani taman ngarep pesanggrahan sing wis suwe ora ana banyune lan cagak gendera, kang yen genderane dipasang nalika semana bisa katon ing Kraton Surakarta. Kejaba kuwi isih bisa ditemokake sisane wewangunan gedhong pusaka lan podhasine pesang­grahan. Plataran ngarep sing katon ba­wera iku ditanduri pohong lan tanduran liyane dening masyarakat sakiwa tengene papan kono.

Pemkab Boyolali kang ndadekake pesanggrahan iki dadi obyek wisata sejarah miturut katrangane Harsosayono (65) juru kunci pesanggrahan marang PS, tetela ora konsekuen. Nyatane tilas pe­sanggrahan lan plataran sakiwa tengene durung dikapak kapakake tumekaning seprene, mung dijarke ngono wae.  Platarane ya katon njembrung ora kopen, dalan njeron kompleks pesanggrahan isih katon pating jlegong durung diaspal utawa di paving. Jalaran wolak waliking jaman kang anjalari komplek pesanggrahan wis akeh sudane sebab dijaluk dening warga dienggo maune magersari kuwi, luwih luwih Pemkab Boyolali dhewe ya ora gelem ngopeni aset peninggalan sejarah kang kawuri kasebut pancen cukup mrihatinake.

 

Rata karo lemah

Critane Harsosaryono kang ayahane mbiyantu Nyai Lurah Harsopracimo (75), menawa  rusake pesanggrahan Praci­ma­harja merga dhek jaman perang kamar­dikan utawa sing kawentar kanthi aran Clash II taun 1949 pesanggrahan iku dibumi hangusake dening tentara PETA (Pembela Tanah Air) kang nalika semana dipimpin dening almarhum Letkol Slamet Riyadi kanthi pangajap murih aja nganti  papan iki dibroki lan dienggo markas dening tentara Walanda.

Anehe senajan pesanggrahan sing mbiyen endah lan gedhe kuwi wis disem­prot lenga nganti warata, nanging bareng disumet genine ora bisa murup. Mangkono bola bali nganti Letkol Slamet Riyadi sakanca rumangsa judheg. Wusana Letkol Slamet Riyadi kang seneng tirakat iku banjur menyang Astana Pajimatan Imogiri Yogyakarta saperlu nuyuwun idin palilah marang ingkang Sinuhun Paku Buwono X kang wis sumare ing papan kono.

Sawise pirang pirang bengi anggone tirakat, dumadakan ana dhawuh awujud swara gaib kang dumenling ing talingane Letkol Slamet Riyadi kang wose niat arep ngobong pesanggrahan dikeparengake, nanging yen ana resikone supaya disangga dhewe. Bareng Letkol Slamet Riyadi bali saka Imogiri, pesanggrahan Pracimaharja bareng disumet genine bisa ngobar pesanggrahan nganti entek. Mung kari nyisa saperangan bangunan gedhong pusaka sing isih ngadeg tumekaning saiki.

“Sareng dipunbumihangusaken, pusaka pusaka kagungan dalem sami murca mboten dipun mangertosi wonten pundi cumondhokipun,” pratelane Har­sosaryono.

Sabanjure ana warta yen Letkol Slamet Riyadi minangka Komandan Operasi Pe­numpasan pemberontakan RMS (Repubik Maluku Selatan) nalika mimpin anak buahe ngrebut Benteng Victoria Ambon tanggal 4 November 1950 gugur kena mimis padharane.

 

Direksa macan kajiman

Senajan Pesanggrahan Praci­maharja wis ora ana, nanging papan kono isih dianggep dadi papan sing win­git. Jarene Harsosaryono, sing ngreksa wujud macan kajiman ulese ireng, poleng  lan putih sing arane Kyai Sla­met, Kyai Remeng lan Kyai Poleng.

Nate ana sawijining sentana kraton Surakarta kang milik lawang tilas lan gebyog pesanggrahan, sing banjur dipasang ana omahe. Kocapa, uripe sentana mau dadi rekasa sebab bandhane banjur entek ora karuwan tanjane.

Bareng tilarane Ingkang Sinuhun PB X sing seprene isih dianggep gawat keliwat lan wingit kepati pati iku awujud watu gilang kang dawane kira kiraa 1 meteran, sing dipapanake ana kamar mligi bageyan kulon gedhong pusaka, kang sinebut Sanggar pamelengan. Ora sithik sedulur sing padha nenepi sarana laku semedi utawa Yasinan ing sandhine watu gi­lang kasebut. Rame-ramene saben ma­lem Jemuwah lan Selasa Legi (mbe­neri sedane Sinu­hun PB X) kanthi sawernaning tuju­wan. Tumrap pa­wongan sing ka­trima panyuwune bakal diweruhi sa­lah saijine ma­cam kasebut, dene yen anggone nenepi nganti pitung malem jemuwah bakal ditekani ula sing gedhe.

Biyasane pawongan sing kabul panyuwune banjur nganakake tasyakuran ing papan kono. Bab gedhe cilike anggone wilujengan gumantung karo kekuwatane dhewe-dhewe. Sing wigati wilujengan kuwi mung kinarya sarana ngunjukake puji syukur marang Gusti Kang Maha Agung. Kanggo nenepi ing papan kono syarate mung kanthi nggawa kembang setaman, rokok klobot utawa rokok kretek, menyan madu, wedang kopi pait lan legi.

Setaun sepisan ing pesanggrahan Pracimaharja diadani wilujengan sarana mbeleh wedhus, kang dipepaki karo sega jagung kanggo nggawe tumpeng cilik, jenang warna pitu lan ketan kang uga werna pitu. Kanggo tutupan wulan Sura kepungkur, warga PAKASA (Paguyuban Kawula Surakarta) ing Boyolali nganakake kirab lan saresehan ing pesanggrahan.

Senajan pesanggrahan Pracimaharja iki klebu isih wingit nanging asring digunakake dening masyarakat papan kono kanggo kegiatan olah raga. “Papan wiyar ingkang samenika kangge lapangan menika rumiyin taman pesanggrahan. Menawi ingkang Sinuhun tindak pesanggrahan kadherekaken dening garwa dalem, Kangjeng Ratu Kencana lan Kangjeng Ratu Pembayun sarta para abdi dalem keputren sanes sanesipun. Saking kraton nitih mobil Kyai Wimanasara ingkang mawi rante lan mandhap ing dhusun Pule, lajeng dipun tandhu tumuju pesanggrahan. Dene tandhun­ipun dipun simpen ing griya tiban sakilen pesanggrahan,” mangkono  critane  Harsosaryono.

Uga dicritakake, arane apan kono uga dijenengake Paras, jalaran biyen kanggo paras ingkang Sinuhun PB X. Sesepuh desa kene sing marasi Ingkang Sinuhun, banjur rikmane kalarung ing segara kidul. Tedhak turune tukang paras kuwi saiki wis ora kaweruhan papan dununge.

Biyen kanggo nyukupi kebutuhan banyu pesanggrahan, dijupukake saka banyu umbul telu. Biasane sedulur-sedulur yen wis nenepi ing pesang­grahan banjur nerusake nenepi ing Watu Tapak Nata ing Sembung, Kalurahan Gedangan. Watu Tapak Nata awujud watugilang kang ana tilas tapak sukune ingkang Sinuhu PB X sing tume­kaning seprene isih dikeramatake. Miturut critane,ya nalika meditasi ing watu kasebut Ingkang Sinuhu PB X nampa wahyu kraton. (Isti Nugroho)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?