Seri Patilasan Majapahit ing Gunung Kidul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 110 kali

Pundhen Bruno, Kalimputan Daya Kramat Wujud Cahya

Ing sisih lor pesisir  Krakal bawah Ngestirejo, Tanjungsari Gunungkidul tinemu saweneh dhusun, jenenge unik, sarupa basa kulonan yaiku dusun Bruno. Adohe saka pinggir gisik kurang luwih rong kilometer. Unike maneh ing kono tinemu patilasan Majapahitan. Katelah patilasan Pepundhen Bruno.

Golekane ora angel. Saka arah pesisir, sawise tekan tengah dhusun Bruno, trus menggok ngetan utawa nengen, tinenge­ran tilas gapura saka pring werna abang putih. Dalane cor beton. Tekan mesjid cilik sing dumunung ing sisih Kidul, trus meng­gok ngiwa. Saka ndhuwur dalan katon  ana wewangunan cilik dicet putih abang.

“Nggih leres Mas, wonten mriki patilasanipun Mbah Bruno,” pratelane Mbah Santomo (70) putri ing daleme.

Wewangunan patilasan manggon ana ing lemah duweke Mbah Santomo. Kapernah ana ing pekarangan sisih wetan. Adhepe ngidul. Wujude wewangunan unik. Saktleraman sarupa gerdhu. Lawange malengkung madhep ngidul. Ambane watara 1,5 x 2,5 meter pesagi. Payone cara omah kampung.

“Manawi jaman rumiyin namung bika­kan, boten mawi tembokan,” ujare Mbah Santomo.

Dadi wujude wewangunan kadidene bangsal cilik. Cagak cacak papating pojo­kan nyangga payon. Jaman kunane, tutupe payon ginawe saka alang-alang. Nanging ing wuri banjur diganti gendheng.

“Anggenipun nembok dereng dangu mas, wata­wis taun sangang dasanan,” imbuhe mbah Santom.

Waragad kang­go nga­nya­r­ake pati­lasan, asile klum­pukan dhuwit saka ma­sya­rakat Bruno. Anggone nandangi sacara gotong royong. Sanajan katon prasaja na­nging tansah dipepundhi dening ma­sya­rakat sarta didunungke minangka cikal bakal anane dhusun Bruno.

Ing ngarep lawang nganggo jobin ples­teran, ambane watara semester. Pener ing lawang rinengga warana saka reruji kayu dicet abang branang. Ing dhuwur lawang tinulis tembung Pepunden Bruno. Ing sisih njero tinemu maejan siji linangse kain mori pirang-pirang lapis.

“Kainipun mori saben nyadran dipun tambahi ingkang enggal, mila lajeng tumpuk-tumpuk,” ujare Mbah Santomo.

Kain sing lawas sengaja ora dijupuk. Anggone nambahi kain mori nuju diadani adat tradhisi nyadran. Katindake saben labuh ing mangsa kapat. Antarane sasi September tekan Oktober. Tujuwane amrih tanduran tuwuh subur sarta asile panen apik. Dina sarta tanggale ora mesthi pa­dha, gumantung ma­rang sing duwe kajat.

Tata carane nyadran, sing duwe kajat nye­dhiyake uba­rampe wujud sega gurih, ingkung, sarta abon-abon samurwate. Banjur kapasrahke marang juru kunci saprelu kadonganan ana ing ngarep patilasan.

Rampung kadonganan banjur kadha­har bebarengan ana ing kono kakanthi ngaturi rawuh tangga teparo. Mula sanajan mligi ujub pribadi, nanging swasanane regeng gayeng. Rasa paseduluran isih tansah kajaga. Awit dadi kaskaya dhusun sing larang regane.

“Manawi jaman rumiyin, anggenipun nggelar acara nyadran sesarengan se­tung­gal dhusun,” ujare Mbah Santomo.

Sakliyane masyarakat Bruno, kapara ana uga pawongan saka papan liya sing melu nindake nyadran ing papan kono. Malahan saka njaban Gunung Kidul. Ang­gone neneka rerombongan bis-bisan.

“Mila katingal lajeng langkung gayeng,” imbuhe mbah Santomo.

Bab iku nuduhake menawa asmane mbah Bruno amrik mawangi. Gandane ngambar-ambar nganti tekan ing ngendi papan. Kabeh ora uwal saka katiyasan sarta daya kramat sing mancar saka patilasan Pepundhen Bruno.

Daya kramat iku wujud cahya. Ka­dhangkala katon mancar saka tumpukan kain mori sing nutupi maejan. Wernane putih sumamburat biru. Werna biru laras kalawan werna keramik sing ngrenggani maejan. Keramik iku nuduhake menawa wujude maejan gaweyan anyar.

“Nggih leres, maesanipun damelan enggal, manawi ingkang lami saking kajeng,” imbuhe Mbah Santomo.

Wujude maesan saka kayu jati susun loro. Sengaja diganti nganggo watu, amrih luwih awet. Ngelingi papan kono, paling ora setaun sepisan mesthi ketekan rayap gunggung ewonan. Nganti maesan kayu jati sing umure atusan taun mbaka sithik rusak.

Maesan saka kayu jati dadi salah siji ciri pambeda kalawan maejan umume. Minangka pratandha menawa patalisan kono isih ana gathukane kalawan krajan Majapahit. kadidene patilasan apadene pasareyan Majapahitan sing isih asli. Mae­sane nganggo kayu. Nanging ora mes­thi nganggo kayu jati.

“Tiyang mriki mitadosi menawi mbah Bruno pancen asalipun saking Majapahit, ingkang lajeng dhedhekah wonten mriki,” ujare Mbah Santomo.

Tembung dhedhekah, menawa cara jaman saiki padha karo manggon utawa dedunung. Nanging bedane, sak durunge manggon, luwih dhisik nindake babad alas. Awit jaman biyen isih mujudake alas gung liwang-liwung. Bubar iku nembe gawe gubug kanggo manggon sawatara wektu.

Pamilihe papan dhedhekah ora sem­barangan. Kapilih papan sing luwih ndhu­wur tinimbang sakiwa tengene. Tujuwane ora liya, amrih bisa meruhi apa wae sing kato­n obah ana ing sa­kiwa te­ngen papan kono.

Ora mung kang­­go meruhi bangsane kewan, nanging klebu pa­wongan sing ka­utus Raden Pa­tah nggoleki paran dununge wong-wong Majapahit sing keplayu saka kedhaton sarta lakune nganti tekan wewengkon Gunungkidul. Tapak tilase dening masyarakat asring dipepundhi minangka papan pasujarahan.

“Yektosipun, niku sanes sareyane Mbah Bruno, na­nging namung pati­lasan” ujare Mbah Santo­mo.

Miturut crita sing run tumurun ing satengahing ma­sya­rakat Bruno, ing patilasan kono sa­jatine kanggo men­dhem teken du­weke Mbah Bru­no. Anggone nyim­pen kabungkus ngang­go alang-alang. Pancen masyarakat sing sugeng jaman saiki durung nate ana sing weruh wujud nyatane teken sing kapendhem.

“Manawi criyosipun simbah kula, wujudipun teken namung prasaja, nanging andayani,” imbuhe mbah Santomo.

Kacarita wujude teken digawe saka kayu setigi laut. Asale saka satengahing pulo ing sisih kidul kulon pante Krakal. Jaman saiki katelah pante Drini. Kayu setigi pinarcaya meng­ku daya alam, bisa dadi sarana nggedhekake per­bawa sarta bisa kanggo nun­dung ula apade­ne ngisep wisa ing mlebu ana ing raga.

Ragane mbah Bruno tan­sah ka­rukti sawise ka­ra­sa aman dhe­dhe­kah ana ing satengahing wana. Ing sakselane budidaya sandhang boga, ajeg nindake samadhi miturut tata cara ka­hindhon.

“Papan samadhi ingkang dipun remeni wonten song kerek,” ujare mbah Santomo.

Paran dununge song kerek ana ing sisih lor pesisir  Krakal. Adohe watara sekilo me­ter. Kapernah ana ing ereng-ereng gunung gamping sing mendhukul ing sisih kulon dalan dusun. Lambene song madhep ngetan ngalor. Ora pati dhuwur, nanging ora gampang anggone munggah. Dalane rungsit tur rumpil.

“Manawi mangsa rendheng, mbeba­yani, soale lunyu,” imbuhe mbah Santomo. Ana uga sendhang sing pinarcaya asring digunake Mbah Bruno kanggo sesuci sak­durunge nindake samadi. Arane sen­dhang kembar. Dumunung ana ing sisih kidul guwa. Kapernah ing sisih kulon dalan dhu­sun. Ora pati amba, nanging neng­semake. Banyune katon bening kinclong-kinclong.

“Jaman rumiyin katuwuhan uwit mung­gur ageng,” ujare mbah Santomo

Merga dianggep kramat, mula nalika ambruk, ora ana sing wani njupuki kayune. Mung di-inggirake saka sendhang sarta ditumpuk nganti bosok. Kamangka kayu munggur sing umure tuwa kena kanggo gawangan. Asmane mbah Bruno kumbul ngawiyat mbarengi lepase sukma raga. Saperlu nggayuh kamoksan sing sajati. Mung wae, papan dunung anggone moksa ana ing ngendi, durung ana sing ngerti kanthi cetha.

Semono uga sajatine Mbah Bruno, apa klebu putra Sinuhun Brawijaya pungkasan utawa mligi punggawaning praja. Durung cetha, isih kalimputan pedhut ampak-ampak putih sing kadhangkala katon nglimputi song kerek. Nanging nyata, Mbah Bruno nate dhedhekah ana ing dusun Bruno.*

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang nglarani awakmu, yen dudu luwih kuwat ya luwih ringkih saka awakmu. Tumrape sing luwih ringkih saka awakmu, apu-ranen. Lan kang-gone kang luwih kuwat, apuranen awakmu dhewe.

Klik

PATUNG RASEKSA MAO ZHEDONG

Patung emas raseksa tilas pemimpin Cina, Mao Zedong ing desa Tongxu, Henan, Cina. Patung kang dhuwure 36,6 meter mawa cet emas iki madeg ing sandhuwure pategalane warga, ing desa Tongxu, provinsi Henan, Cina. Ragad kang dientekake kanggo mbangun patung iki kurang luwih Rp 6,3 milyar. Mao Zedong mujudake presiden pisanan negara pandha kang kuwasa suwene 27 taun. (d/ist)***

Pethilan

Rega pangan ngadhepi pasa dijamin

Pengin murah, tuku nang koran ae!

Gaya ngadibusanane Pres. Jokowi mujudake strategi komunikasi

Ana sing nggaya ote-ote uga

Legislator kena OTT KPK maneh. Ketua DPR Bambang Soesatyo nga¬jab iku kang pungkasan

Pungkasan sing korupsi apa pung­kasan sing konangan?