Ndhudhah Kaskaya Lawas : Filsafat Kejawen
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 80 kali

Jinis-Jinise Pasar Ing Tanah Jawa

Temen dudu barang anyar yen  bebasan utawa unen-unen sing wusanane dadi sabdatama basa Jawa kang ngemu pitutur lan pituduh. Unen unen kang wis ana atusan taun kepungkur iku mengku surasa pitutur kang wigati tumrap bebrayan Jawa kasebut kang unine :” Yen pasar ilang kumandhange, kali-kali ilang kedhunge, lan wong wadon ilang wirange, Tanah Jawa bakal ketaman bebendu minangka pacobaning Hyang Widdhi,”.  Unen unen mau ora  ngayawara, utawa lelamisan, Lire mangkene : genah lan endahe pasar, lamun kumandhange untar gemuntang lan bisa kapireng ingakeh, jalaran pancen kuncara ning pasar ana ing gayenge dol-tinuku, anyang anyangan, Rahayune kali lan bengawan, lamun kedhunge isih tumata, jalaran iku kinarya pratandha jero cetheking bengawan, lan anyandhet ili nalika banyune mbludhag. Dene wong wadon, kudu bisa njaga ajining dhiri, solah  bawa, muna-muni kudu winatesan dening trapsila jati. Aran sungsang bawana balik, yen wiranging wong wadon iku wis musna ilang.

Ing andharan iki, prayoga dadi cathetan, menawa sejatine mono pasar ing tanah Jawa iku unik  utawa darbe sesipatan mirunggan.. Kaya sing kapacak aneng babad-babad ing tanah jawi, bilih pasar kuwi ana pirang pirang wahana lan kartiyasane. Sing cetha bae, sepisana ana sing diarani Pasar Galumbang yakuwi pasar sing madege lan suyasane, dalasan ngrembakane jalaran antuk dhawuh saka sawijining pangarsaning praja, upamane ratu utawa adipati sing pinunjul. Kapindhone, Pasar Kinantang, yakuwi pasar sing madege mung srana panyuwunune garwa-garwa Dalem utawa awit pangandhikane pawestri sing mangreh kawulaning praja. Kaping telune, Pasar Katenggan, yakuwi pasar sing dumunung ing pingerane dalan, prapatan, ereng-erenging gunung lan bambinge kali. Pasar sing mangkene iki, dumadine mbiyen mung krana darurat lan mbokmenawa ana ing jaman perang kamardhikan.  Mula, bisa kanggo sarana nadar lan kaul, sing kersa matitisake kekuwataning daya mistik. Ujaring kandha, pasar katenggan rineksa dening  arwahe para satria sing gugur ana madyaning rananggana. Kaping pate, Pasar Karangginantung, yakuwi pasar sing manggon ana sacedhake regol  kuthagara, kampung, lan karang padesan, ila-ilane pasar sing kaya mangkono kuwi ora kena diliwati temanten anyar, mundhak suda rejekine utawa tansah growah.  Kaping limane, Pasar laganglenggis, yakuwi pasar sing sipate mung kanggo pantes pantes utawa praja-praja bae, jalaran ala dulune, yen nagara ora duwe pasar, utawa desa sing sepi ing pasar. Kuwi yen jinereng saka wahana sanyatane.

Wondene lamun dinulu saka kumandanging, sing kagem dedagangan lan laku sudagar, pasar binage dadi pepethan sing kaya mangkene:

1. Pasar Morgan utawa Mirunggan, yakuwi pasar sing mung kanggo dol tinuku barang sajinis utawa wujud sato kewan sawarna, upamane pasar rajakaya, pasar kewan, pasar kembang, pasar unggas (iber iberan), pasra empon empon, pasar sandhang lsp.

2. Pasar Kalpikapuri, yakuwi pasar sing isine palelangan rajabrana lan barang penganggo, kayata emas, inten, jumerud, sarananing pepaes, busana raja keputren, ageman njeron pura lsp.

3. Pasar Karadenayon, yakuwi pasar sing dununge ana ing wewengkon jroning kraton, yakuwi Kraton Kilen (lenggahe kangjeng Prameswari sepuh) lan Kraton Wetan (lenggahe kangjeng Prameswari Anem).

4. Pasar Galeng –Gobeng, yakuwi pasar sing binuka ing wanci bengi lan madege mung manut weton kang mbarengi dina pembangunane desa kasebut. Padhatane sok dianggo minangka papan ngluwari ujar lan kaul.

5.   Pasar Tingalan, yaiku pasar sing bukake mung manut wirayat jaman kepungkur, sing urut desa-ngadesa, upamane pasar kidulk kudu bukak saben kliwon, singlor kali saben wage, denen sing sandhing pasareyan saben pahing, apadene sing wetanan saben pon, lsp. Ing jaman jaman sawise paprangan, akeh banget “Pasar Krempyeng”, yakuwi pasar pasar sing anane mung sakluweng-saklimah bebasane. Esuk bukak jam telu, meh mletheking fajar, dene yen wus jam papat sore, utawa salebare luhur wis kukus. Iki akeh banget ing kutha-kutha cilik, sing bakune mung arsa nyengkuyung para sedulur sing butuh kalodhangan kanggo blanja, kamangka wektune cupet banget. Ing Pacinan, aneng kutha ngendi bae, biyen umume ya akeh pasar Krempyeng kasebut. Jalaran iku ngemong kahananing kulawarga Tionghoa-Tionghoa  sing  kacancang ing karya, sasat tanpa ngaso, jalaran wineleg ing dedagangan. Yen ana kampunge priyayi Kranggan (wilayahe para Rangga, lan Ketandhan (wilayahe para tandha) kuwi umume ya pasar krempyeng embuh mapan ing plataraning dalem, ing nigisor wit witan ngrembuyung, apa ana ing ara-ara sawetan lan kuloning dalem. Wis dadi tata cara sing diantebi.

Ana sawenehe kapitayan sing isih tansah diugemi dening wong Jawa yakuwi menawa pasar mono kadidene wadhag sing kinemulan dening, sarta ngandhut kekuwatan luhur sing angel sinidikara. Upamane, tradhisi sing kaya sinebut iki : Ing tanah Panjer (Kebumen) ana tata cara, lamun ana dhudha rabi antuk prawan, utawa jaka antuk randha, sepasar sadurunge pawiwahan dhauping lan sepasar sawise pawiwahan, si manten sarimbit kudu jajan ana pasar kono, utamane pecel lan dhawet cendhol, nanging aja nganti kepethuk utawa sapa-aruh. Ing wewengkon Bagelan (sakidul wetane Purwarejo) ana tata cara, yen manten setaun omah omah meksa durung ana tandha tandha mbobot utawa arep momong bayi, si manten lanang kudu golek uwuh ing pojok pojoke pasar- kulon, wetan, lor lan kidul, lan ngukup uwuh mau nganggo tilas sarung apadene kathoke, karepe supaya sing wadon enggal ngandhut. Ing Sukorejo (Bojonegoro) uga isih diugemi lan dileluri, lamun ana jaka kasep lan pratu (prawan tuwa)  sing durung payu rabi,  kudune saba pasar ing tengah wengi utawa ngarepe byar rahina (fajar), lan njupuk godhong jati garing sing wus sumebar, tilas bungkus panganan, kinarya sarat palarisan. Liya saka kuwi, ing Masaran (Sragen) ana kalumrahan, menawa jabang bayi isih tansah nethek (nyusu), lan angel disapih (mangka wis umur rong taun), sarate si emake lan bapakne sabisa bisa ngombe banyu genthong ing pasar, banjur disemburake ing embun embune si bocah, cikben banjur ora seneng nyusu maneh. Pratanda tradhisional liyane, ing Tandhes (Surabaya), menawa barang dagangane diparani kucing, banjur didilat, gedhene digondhol lunga, iku kudu disambati nganggo mantra panglarisan, jalaran kuwi ngalamate yen ana betuwane. Ing Ragasumangsang (Banyumas), saben dina pasaran pinuju marengi kumandhange pasar lor lan kidul, para ibu banjur rebutan aweh zakat marang wong ngemis sing dumunung ing papan kono, jalaran kuwi dadi pratandha, yen bakal katunggon rejeki. Kang luwih gayeng, kaya tatacara ing Tumenggungan (Ambarawa), wong wong sing rada bingung, lara saraf, wong sing pisah kebo karo bojone, lan anak anak sing ditinggal lunga bapa lan biyunge, aja pisan-pisan diajak dolan menyang pasar. Padatane, bakal nandhang bebendu.        

Iku kabeh waril-waril utawa pantangan, pemali, sing kaprah ing tanah Jawa kene,biyen lan samengko. Kanthi ngandhakake sing kaya mangkono,  menawa sejatine kuwi kabeh kapacak lan rinangkum ing primbon “Saba Pasar”, sing andarane kurang luwih mangkene : 1. Pasar isih andayani masyarakat, jalaran kumandhange pancen gawe horeging jagad. Lire swasana sing ndayani kuwi gawe sawijining jampi utawa obat marang  sarirane manungsa kang leledhang ing pasar. 2. Pasar mau kinarya sendhon lagon lan wirama kang nguripi titah sawantah, jalaran pasar mono wadhaning panguripan ekonomi lan barometer singdadi pandoming ukuran rega-rega ing sawijining titiwanci. 3. Pasar mono kadidene sawijining wicara utawa wacana, sing gumathok, jalaran ana patunggon, utawa pambaureksane, yakuwi Kyai Among, Nyai Among, Kyai Sidaguri, Nyai Sidaguri, Kyai Surawikalpa lan Nyai Surawikalpa.

Saliyane kuwi sing pantes dilarah yakuwi upamane, Pasar Galumpang kang biyen tau dadi sabaning para bakul lan wong tuku, yakuwi ing Kebonsan (Klaten) kang dibangun awit saka dhawuh dhalem Susushunan Pakubuwono X, lan pasar Beringharjo (Ngayogyakarta) awit saka dhawuh dalem Sultan Hamengkubuwono I. Utawa maneh Pasar Tumenggungan (Kebumen) sing manut dedongengane awitsaka dhawuh dhalem Sang Bupati Arungbinang I. Contone Pasar Kinantang, upamane Pasar Wonosari, sing dibangun awit saka panyuwune kangjeng Ratu lembayung marang Panembahan Senopati, lan Pasar Muneng, sing kabangun jalaran pambekane Kangjeng Ratu Kencana, prameswari dalem Sultan Agung, kagem saba yen lelangen. Pasar Katenggan, kayata pasari Siwalan ing Ungaran, Pasar Gelar ing Kaliurang, Pasar Srikuncara ing Lamongan lan Pasar Karangginantung, upamane Pasar Jayengranan ing Surabaya lan Pasar Wayanggraga ing Bondowoso. Dene Pasar Laganglenggis, upamane Pasar Besar (Banyuwangi) lan Pasar Wangen (Malang),

Kejaba saka kuwi, kang bisa kanggo tuladha tumrape jinis Pasar Morgan/Mirunggan, upamane Pasar Iber-Iberan ing Dongkelan, Psar Sore Wongsodipuro, Pasar Kembang ing Karangnangka (Sala), Pasar Anakan (Sukoharjo). Kanggo tuladhane Pasar Kalpikakapuri, meh arang tinemu lan langka, upamane Pasar Keputran Kulon (Surabaya), Pasar Danareja ing Jepara, lan Pasar Kemasan ing Tuban. Pasar Karadenayon, ananging mung ing Kraton Surakarta jaman sugenge Susuhunan PB IV – XI, yakuwi ing kratone garwa prameswari sepuh (Kangjeng Ratu Kulon) lan Prameswari anom (kangjeng Ratu Wetan), darbe pasar dhewe mawa duwit emas lan perak, nganggo gambar-dalem Sinuhun. Sing tetuku ana kono mung putri-putri dalem sing kebawah tepas Kawedanan Karadenayon Kulon lan Wetan,  adol sawernaning kebutuhan sing nyukupi, wiowit saka sandhang-penganggo, tatarakiting pawn, lan jamuning wong wadon. Pasar Galeng Golong, wayah bengi, iku mung ana ing Sukolilo (Pati), Mangkara (Temanggung), lanm Pasar kemukus (Sragen), jalaran kanggo ngladeni para sedulur sing ngluwari nadar, ngiras panten gawe rejane tlatah-tlatah sing anapasareyan utawa astana petilasankang sumare,leluhure. Pasar tingalan, meh kabeh Kartang Padesan ing tanah Jawa, tartamtu ana pasar-pasar kaya mangkono, nalare kanggo ngawekani atine wong akeh, jalaran kanti ambage wanci wanci bukake pasar manut petungan pasaran, kabeh dhusun oleh kalonggaran ngreja desa.

Ayake isih akeh kapitayan kang magepokan karo pasar lan sandhangane, pasar dalasan  kumandhange sing bisa disimakdening sok-sapaa kang kersa marsudi kalimpadan. Kaya ta, lamun panjenengan karsa sujarahan lan riyalatan ing papan-papan werid, aja lali tindhak menyang pasar, saperlu ngunjuk wedhang utawa jamu, jalaran iki ateges panjenengan nyrapat lan necep kumandhange papan suci. Kosokbaline, menawa arsa tindak mangunyudha utawa mbedhah praja, aja pisdan-pisan ngaso ing pasar, mundhak apes dayane. Sultan agung rikkala mbangun pasareyan Pajimatan Imogiri, panjenengane kerep banget tedhak menyang pasar Bengkungan, mung mundhut sega langgi lanserbat kenikir, lan raos ngelak ical. Dene wadyabala saka Bandung, sing dipandhegani Dipati Ukur, ajur kacegat dening bala kompeni Walanda ing batavia, lan kuwi jare Dipati Ukur kerep ngaso ing Pasar karanggetas lan cilaki. Ana uga tilaraning tatacara, yakuwi sapa sing duwe anak lanang, mangka wis wektune bisa omong, meksa durung bisa omong, lan wis wektune mlaku, durung kuwawa—kudu digulung-gulung awake ing Pasar kendhal sing kebak uwuh, sabanjure “dikumbah” nganggo embuning pasukatan ing alun-alun kutha Kendhal.Tradhisi kuwi wiwit jamane Adipati Bahureksa lan Wiryahadikusuma, kang dhawuh supaya kalumrahana mau dileluri. Unik maneh, sapa kanglagi pepacangan, sirikan lamun mlebu Pasar Kepanjen, ing Malang, jalaran mbiyen putar kadipaten Malang (Raden supacxitra) lan kekasihe (Raden Surareni) dadi korban wong frustasi, nalika tedhak ana papan  nalika  tedhak ana pasar sakloron.

(Isti Nugroho)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…