Dhasar Pancen Lugu lan Utun
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 407 kali

Dhasar Pancen Lugu lan Utun

 

Yen aku nyawang dalan ing desa Badher pancen ngresepake. Sak larik tanduran minangka pager jinise padha wit luntas. Sing sisih kana rata katon tharik-tharik wit kelor. Batinku ya gumun banget. Semono gedhene karu­kunan warga pa­dha nyambut ga­we gotong ro­yong lan padha duwe wawasan kanggo mbudi daya kepriye amrih tatanan dalan akeh ijo-ijone.

Sawijining dina pak Toha arep nggoleki omahe kanca la­was kang mang­gon neng desa Badher mau. Karo thingak-thinguk anggone mlaku alon-alon. Pak Darman pirsa ana wong thingak-thinguk, sajake bingung keraya raya takon :

- Pak, madosi sinten, nggih ?

- Dalemipun pak Sugeng, pak!

- Panjenengan terus tindak ngidul, sabibaripun kluwengan regol watawis griya nomer gangsal.

- Inggih, matur nuwun

Pak Toha mbacutake lakune. Tekan ngarepe regol mandheg sawetara, maca tulisan sugeng tindak. Klepat, pak Toha mbalik karo batine rada gela. Pak Darman pirsa manèh yen pak Toha mbalik, banjur takon :

- Lho pak, kok enggal sanget ?

- Inggih. Mboten pinanggih, amargi pak Sugeng tindak. Mangga pak, sanes wekdal sowan malih.

- Mangga.

Ya ngono kuwi wong nek lugu. Apa tumon ? (Is Hastuti  —  Madiun)

 

 

Bakwan Rasa Semèn

 

Iki kedadeyan ing sasi Oktober kepungkur. Sawijining esuk bojoku arep gawe bakwan jagung. Bumbu diracik, jagung disisir, terus njupuk tepung gandum bungkusan plastik kang isine wis kalong separo. Bumbu, jagung, tepung gandum diulet nganggo banyu.

Rumangsa gandume kurang, njupuk bungkusan sijine, dijupuk separo. Lenga dipanasi, terus nggoreng. Bojoku kaget, lengane kok mumpluk. Bakwane diwalik. Kira-kira wis garing, bakwan dientas, terus nyemplungake maneh. Bakwan sing wis dientas, dicuwil terus diicipi.

Lho rasane kok pait, kasar tur ngeres. Aku diundang terus dikon ngicipi. Wis, wis. Genine dipateni. Iki genah ana sing kliru. Anakku mara, karo takon ana kedadeyan apa, banjur tak dongengi. Sateruse turahan gandum sing isih ana dideleng, diuseg-useg nganggo jempol lan driji, terus didilat sithik.

“Iki dudu tepung gandum. Ketoke kaya semen putih. Dhik Hery tuku semen putih sekilo, jare arep kanggo nambal jogan kamar.” Ora sranta, bojoku ngebel Hery.

“Iya, buk, semen putih sing tuku aku. Arep kanggo nambal jogan, nanging durung sida.” Wong telu, papat karo hape-ne ngguyu bareng. Ha-ha-ha. Ya iki bakwan rasa semen....... (Mbah Supar – Bringin, kab. Semarang)

 

Kelangan Lap Top maneh.

 

Sing jenenge apes kuwi ora merduli marang sapa wae. Kalebu pak S, kepala sekolah sing durung ganep rong wulan wis kelangan lap top kaping pindho. Wektu isih dadi guru (durung diangkat dadi kepala sekolah) ora nate kelangan lap-top, apamaneh jaman jaman durung usum lap-top. Najan mung duwe mesin ketik, anggone ngrumat lan njaga pak S kanthi permati. Ing mesin ketike diwenehi tenger tulisan “sandi” yen kuwi duweke dheweke. Mula yen nganti dicolong maling mesthi konangan.

Ora kaya jamane lap-top, nadyan pak S durung bisa ngetik nganggo lap-top, ya kepeksa kudu duwe lap-top. Apamaneh datane guru saiki kudu kudu ditulis on line, kabeh sekolahan ya kudu duwe lap-top. Apa marga kuwi banjur kelangan lap-top ? Ya embuh! Sing cetha bareng SD-ne pak S ora duwe penjaga (maksude penjaga sing gelem nunggoni SD nganti rina wengi), banjur dadi kelangan lap-top.

Perlu kawuningan, wektu usume ngisi dapodik, akeh operator SD sing kerja nganti lembur. Semono uga operator SD-ne pak S. mula saben guru-gurune wis kondur saka SD, lap-top-e SD uga mesthi digawa mulih dening operatore.

Karepe mono, daya-daya enggal rampung, mula anggone lembur nganti jam telu esuk. Sing jenenge kesel kuwi obate ya turu, mula anggone sare uga nganti nglepus. Ya gara-gara anggone sare nganti nglepus, ora ngerti yen lap-tope dicolong maling. Ya untunge, kabeh data kejaba disimpen ana lap-top uga disimpen ana flash disk, mula ora ndadekake masalah , nadyan sabenere uga ndadekake masalah.

Krana operatore isih trauma, bareng wis tuku lap-top maneh, banjur ora wani nggawa mulih kaya biyasane. Mula anggone nglembur banjur ana sekolahan. Ndilalah durung nganti jangkep seminggu, lap-tope dicolong uwong manjeh. Pungkasane pak S mundhut lap-top maneh nganggo dhuwit pribadi. Muga-muga mboten dicolong maling maneh, nggih pak ! (Dias Lentera Yuliano, Mahasiswa jurusan Bahasa dan Sastra Daerah Jawa)


Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…