Siluman Eko
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 283 kali

Mulih sekolah tekan ngomah wis jam loro awan. Daklukar sragam abu-abu putihku lan sepatu sing sejatine wis wancine njaluk ganti.

“Lawuhe gereh, Le, neng njero lemari mangan,” bengoke emak saka emper sing digunakake kanggo bukak warung. “Jangane neng ndhuwur kompor, mau durung dakentas,” bacute.

Sega sapiring lawuh gereh goreng lan jangan bobor wis pindhah menyang weteng. Sawise weteng wareg, karepku bakal ngisis ing bayang pring sangisore wit keres mburi omah. Turon sinambi mbukak smartphone, ketambahan ngrasakake silir-silire angin wah mesthi tepak.

Nanging pepenginan mau dakwurungake. Aku banjur ngungkal arit nganti landhep. Karung daksaut. Aku banjur jumangkah menyang kebon mburi omah sing sukete lemu ledhung-ledhung. Srat sret, srat sret, tanganku lincah mbabadi suket. Sedhela wae wis oleh seprapat karung.

Dumadakan mak tlolor… ing ngarepku jumedhul ula ijo sajempolan gedhene tlusur-tlusur mbudidaya  mlayu ngedohi aku. Nanging trengginas gage daksaut banjur dakbabit arit. Cras…cras… ulane tugel dadi loro. Nadyan wis tugel nanging awake ula iku isih klogetan.

Ora umuk, nek mung prekara ula wae aku iki ahline. Krana pegaweyanku ngarit, ora pisan pindho aku nrenjuhi ula. Ana ula luwuk, weling, blandhotan macan, dumung, tali picis lan sapanunggalane. Uger ketemu aku, woo aja takon dosa, ula iku mesthi mati dening aritku sing landhep iki.

Karungku wis kebak suket. Daktetel supaya bisa amot akeh. Jalaran wedhusku wolu cacahe tur lagi masa pertumbuhan. Dadi ya rosa-rosane mangan. Ora apa-apa doyan mangan, sebab yen awake sehat tur lemu, yen diedol payu larang, sing entuk bathi ya aku.

Rampung ngarit aku thenguk-thenguk sedhela ngiras nggaringake kringet. Biyasane yen dhong thenguk-thenguk ngene iki daksambi maca novel olehku nyilih saka Rudi kancaku sakelas. Arepa tukang ngarit ning wawasan kudu jembar. Nanging iki mau Rudi ora mlebu, dadi ya ora entuk silihan wacan.

Panyawangku dakuncalake menyang saambane kebon mburi omah iki. Ukurane watara 50 meter mungsuh 50 meter. Ing poncod garis wates ngrembuyung dhapuran pring ori sinigar kali cilik watara telung meter ambane. Nedhenge aku nggagas-nggagas ngono ujug-ujug jleg, mripatku nangkep sesawangan sing ora sabaene.

Ing lumahing kali kuwi katon ula kobra ngadeg klawan ngegarake gulune. Aku gumun, yagene ana ula sendhok ing kali kuwi, mangka dudu habitate jinis ula kasebut. Kejaba kuwi, kok bisa ula kobra ngadeg ing ndhuwur banyu.

Dakrapal aji tulak-balak, nulak gangguwane makhluk jahat lan tulak setan. Aku banjur marani ula sing nganeh-anehi iku. Garan arit dakgegem rosa.

“Heh ula, aku ngerti sapa kowe. Kowe dudu ula asli, nanging panjalmaning siluman, bangsane jim!” alokku bantas.

Dumadakan ula kobra iku…………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…