Syal Werna Biru
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 711 kali

Nganti seprene aku ora ngerti karo kersane Ibu sing tansah alesan werna-werna saben dakajak me­­lu menyang kutha. Embuh ku­wi sing wis tentrem ing desa, ora kepengin ngrepotake anak, utawa kanthi alesan liyane sing sateme­ne mung kanggo nulak pangajak­ku.

Yanti, adhiku, uga ngrasakake ngono. Senajan wis ora kurang-ku­rang anggone ngrerepih Ibu arep diajak nunggal saomah, na­nging nyatane tetep ora ana asile. Alesane Ibu uga mesthi tharik-tharik.

Karepku mono yen Ibu kersa ing omahku saora-orane aku bisa ngawat-awati ing saben dinane. Kaya ngapa wae rasane ora tega yen ndeleng Ibu urip ijen sawise ditinggal seda Bapak setaun ke­pungkur. Nanging kepriye maneh, ang­ger-angger aku ngeculake tembung ke­pe­ngin mboyong menyang kutha, ale­sane Ibu panggah wae: kepengin urip ing desa utawa wegah ngrepotake anak-anake.

Wekasane aku mung bisa nyekarep ka­ro kersane Ibu, awit yen nganti dipek­sa tundhone ora becik. Nyipati kanyatan kaya ngono, gelem ora gelem aku karo Yanti kudu nglonggarake wektu lan gen­tenan bali ndesa saperlu nyambangi Ibu. Ora ketang seminggu sepisan.

“Belok nengen mriki, Mbak?”

Aku kaget nalika sopir taksi sing dak­tumpaki ngerti-ngerti takon arahe dalan nalika wis mlebu desa klairanku. Lamu­nan­ku ngenani Ibu sakala dadi buyar.

“Nggih, Pak. Belok nengen udakara satus meter pun dugi.”

Ora let suwe taksi wis tekan ing nga­rep daleme Ibu. Aku lan Rani, anakku sing lagi umur patang taun, gage-gage mudhun. Ibu sing kebeneran lagi leng­gahan ana ngarep omah gage menyat lan banjur nyedhaki aku. Rani banjur dirangkul lan diambungi.

“Pras endi, kok mung karo Rani wae?” Ibu ndangu kaya ngono sawise nyumurupi tekaku sing mung karo Rani.

“Mas Pras mbenjing nyusul. Saniki nembe dhines luar kota.”

“Ya wis yen ngono.”

Karo nyangking tas aku banjur ju­mangkah mlebu omah. Ibu karo Rani isih ana njaba, embuh apa sing ditindakake.

Sawise mlebu lan nyeleh tas ing ka­mare Ibu kaya yen saben-saben aku bali ing omah iki, mripatku dumadakan tu­mancep marang sawenehe poto ing meja. Saelingku, rong minggu kepungkur nalika nyambangi Ibu poto kuwi durung ana. Nanging bareng saiki poto sing lu­mayan gedhe lan dipigura iku katon njenggereng ngrenggani kamare Ibu, atiku thukul tandha pitakon.

Poto dakcedhaki lan daktamatake. Ka­ton cetha wong lanang lan wadon sing isih padha nome lagi ngadeg ing pesisir. Sing lanang nganggo klambi kothak-kothak lan topi, sedheng sing wadon nganggo kaos lengen dawa lan kalungan syal werna biru. Apa iki potone Bapak lan Ibu nalika jaman nom-nomane? Ge­neya aku durung nate weruh poto iki?

Nalika batinku isih muyeg takon-takon dhewe ngenani…………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ana Gusti papane se­mendhe kang kukuh, geneya wedi tiba. Ana Gusti kang kagu­ngan tresna sejati, ge­­neya wedi kela­ngan. Ana Gusti pang­gonane nyenyuwun, geneya wedi kentek­an? Pasrahna saka­behe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Klik

60 TAUN ORA ADUS

Adus saben dina penting banget kanggo njaga kesehatane awak. Nanging ora mangkono tumrape Amou Haji, priya tuwa asal Iran iki malah lara kabeh kulite yen kena banyu. Mula dheweke ora tau adus sasuwene 60 taun iki. Nganti-nganti dijuluki priya paling kotor sadonya. Kepriye ora, werna kulite wis padha karo wernane lemah, semono uga teksture atos kaya semen saengga kerep dikira patung yen lagi lungguh meneng wae. (d/ist)

Pethilan

Pirembugan cawapres durung rampung

Dudu mung ngomongi ban serep

Disiapake rekayasa lalu lintas kanggo Asian Games

Jalur zig-zag sepedhah uga ana

Penduduk desa bisa saya miskin

Nah, kena kanggo bahan adol kam­panye