Tragedy Kasarasan Asmat, Mrihatinake lan Ngisin-isini
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 73 kali

Manéka kegiyatan lan masalah ing negara kita ngadhepi Pilkada serentak. Pendhaftaran calon sing durung tuntas, muncul mundhaking reregan uta­mané beras sing njalari menteri Perdagangan kalang kabut; nganakaké operasi pasar, tender impor beras lsp. Sing wi­witané rada kurang serius digatèkaké, KLB (Kejadian Luar Biasa) bencana kasarasan ing Asmat sing njalari bocah 69 tiwas merga lelara campak lan gizi buruk utawa kaliren.

Gizi buruk iku penghalusan saka tembung kaliren utawa kurang pangan, sing penyebab utamané :kekurangan ma­ngan. Merga kekurangan pangan, kondhisi awak ringkih, ma­warna lelara gampang tumama, kaya ta TBC, dipteri, malaria, campak lsp. Campak ora bisa diobati kanthi becik samangsa lelara liyané ora diobati secara optimal. Kita nga­weruhi, sawisé KLB mau viral dibiwarakaké liwat Pers lan Me­dia Sosial, pemerintah énggal-énggal turun tangan: ngi­rim petugas medis, obat-obatan ; bantuan uga sok glogok saka ngendi-endi.

Pancèn mrihatinaké banget, ing jaman saiki isih ana tra­gedi lelara kaliren lan campak ngembrah ing tanah air, gèk bocah sing nemahi tiwas nganti 69. Sawijing anomali sing lelawanan karo fakta yèn tlatah Papua wiwit 2002 wis olèh alokasi dana otonomi khusus (otsus) sing akèh lan tan­sah mundhak. Taun 2017 dana otsus Papua (Prov. Papua lan Papua Barat) dianggaraké Rp 7,9 T lan taun iki mundhak manèh dadi Rp. 8 T. Sawijining gunggung sing ora sethithik.

Pemanfaatan dana otsus ing Papua diprioritasaké kang­go pendhidhikan lan kasarasan. Nanging ironisé : jroning 15 taun pengalokasian dana atas Papua mau tansah ana waé tragedi kemanisiaan. Pasokan dana mundhak terus. Ka­liren ora saya suda, apamanèh mandheg. Paradoks.

Desember 2005, warga 55 ing kabupaten Yakuhimo ti­was merga kaliren. Taun 2009 uga ing kab. Yakuhimo uga ana wong 100 luwih sing mati kaliren. Ing kab. Paniai taun 2007 wong 16 mati kaliren. Taun 2012 ing Distrik Kwor kab. Tambrauw wong 95 sing tiwas, lan saiki ing Asmat, bocah 69 tiwas, kabèh merga campak lan kaliren. Wajar banget yèn kahanan iki munculaké panduga yèn dana otsus Papua wis dimanfaataké kanthi ora samesthiné.

Logikané, yèn pemanfaatané bener, dhuwit puluhan tri­liun rupiah sing diglontoraké pemerintah pusat kuduné wis kuwawa njalari mundhaké kesejahteraan masyarakat Papua lan Papua Barat. Yèn dikemonah cocog karo kebutuhané, mes-thi tragedi ing provinsi loro mau ora bakal nganti keda­déyan.

Bisa uga, kaya pandugané Dirjen Otonomi Daerah Kem. Dalam Negri Sumarsono, dana otsus Papua iku ora digunak­aké kanggo pendhidhikan lan kasarasan, nanging dialihaké kanggo kegiyatan liyané sing sabeneré ora dibutuhaké, malah mung kanggo kegiyatan sing digolèk-golèkaké dhemi ngoyak realisasi 100 %. Kita uga bisa duwé panduga liyané, yèn akuntabilitas keuangan dana otsus kendho banget, sing sabanjuré mbukak kalodhangan anané penyelèwèngan, penyimpangan lan korupai. Wis kabuktèn yèn ing Indonesia, saben anggaran sing gedhé tansah dadi incerané para koruptor sing “ngrangkep” dadi pejabat. Contoné, wis dadi rahasia umum yèn pejabat ing Papua iku luwih akèh “tirah” menyang Jakarta tinimbang makarya ing dhaerahé.

Wis wayahé pemerintah pusat serius ngevaluasi perpu­ta­ran dana gedhé mau. Yèn masalahé mung pengalihan pe­manfaatan marang kegiyatan liyané sing ora perlu, me­kanisme penyalurané kudu didandani. Nanging yèn ditemok­aké ana penyelèwèngan lan korupsi, kudu ana keberanian politik mbrastha kadurjanan mau, ya marang pejabaté kaya wali kota, bupati lan gubernur.

Presiden Jokowi wis kithal. Sing netepaké arep mbangun saka pinggir, nyatané Papua sing kalebu pinggiran lan dha­érah terluar wis kena pageblug lelara lan penyelèwèngan dana sing ngisin –isini lan mrihatinaké banget. Yèn isih duwé rasa lan budaya isin, kuduné Men. Kesehatan lan Men. Sosial wis pantes mundur tanpa dilèrèni awit wis lir­wa marang tugas utamané, nganti ana pageblug lan ke­kurangan pangan ing dhaérah pinggiran. (MW).

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…