Seri Patilasan Majapahit ing Gunung Kidul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 173 kali

Guwa Rancang Kancana Patapan Kyai Putut Janaloka

Desa Bleberan bawah Kecamatan Playen Gunung Kidul trus mranata diri. Sawernane potensi wisata alam apa­dene budaya dikemonah kanthi nastiti premati. Amrih bisa dadi destinasi wisata andelan dhaerah. Ing antarane yaiku Guwa Rancang Kencana sing dumunung ana ing Padhukuhan Menggoran.

Papan dununge Guwa Rancang Ken­cana ora adoh saka papan wisata Gro­jogan Sri Gethuk. Malahan ana sing kan­dha jare bolongane guwa nembus tekan Sri Gethuk. Titikane guwa, ana ing clo­ngopan katuwuhan uwit Klumprit.

Kagolong uwit langka sing uga tuwuh ana ing sawatara patilasan apadene sendhang sing ana ing wewengkon Gunung Kidul. Upamane ana ing sikil gu­nung Genthong, tilas patapan Brawijaya pungkasan ing Majapahit. Utawa ana ing sendhang Beji Desa Pengkol Kecamatan Nglipar.

Sajatine wiwit jaman Indonesia mar­dika, Guwa Rancang Kencana wis dadi paran jujugan. Utamane tumrap bangsa Welanda sarta Tionghwa sing dedunung ana ing Yogyakarta. Dhasar hawane gawe seger awak. Karana ing sakiwa tengen guwa katuwuhan maneka warna jinis uwit taun. Akeh-akehe uwit jati.

Dene tu­mrap wong Jawa, utama­ne para pan­dhemen laku budaya spiritual Jawa, guwa Rancang Kanca­na dadi salah siji pa­pan sing apik kanggo ngulir samadi. Jala­ran dhek ja­man ku­nane nate kang­go manguntapa putra Sinuhun Brawijaya pung­­kasan ing Maja­pahit. Bakda ke­dhaton Majapahit kabedhah dening prajurit Demak.

“Nggih leres niku mas, jaman kriyin nate kangge tapa piyayi saking Maja­pahit,” mangkono pratelane Mbah Giman (65) bong supit asal dhusun Walikangin sing jaman nom-nomane asring mara sanja ing Guwa Rancang Kencana.

Manut dongengane para luhur ing kono, piyayi saka Majapahit sing dhe­men manguntapa ing njeron Guwa, duwe sesilih utawa as­ma jejuluk Kyai Putut Janaloka. Sajrone tapa tansah ditung­goni dening gar­wane. Anggone tapa ana bage­yan guwa sisih tengah sing paling amba ka­aranan pring­gitan.

“Mila lajeng ka­telah patila­san­ipun Kyai Nyai Puthut,” im­buhe Mbah Gi­man.

Ana ing ja­gade pakeliran, puthut Janaloka aran pawongan sing ngemong Pregiwa. Tansah nunggal rasa ing nga­sepi. Titis patrap ing budi masuh. An­dhap asor sarta trap susila. Ora slesih mung sawiji. Wijang wijil laku sapada ing ngarsa pepadaning Gusti Kang Akarya Jagat. Jagat maladkung mane­kung ana ing pringgitaning wukir. 

Ing njeron pringgitan tinemu ting­galan purbakala saka jaman kahindhon. Wujud reca nandi utawa lembu njerum sing wis rusak kahanane, watu kothak sarupa yonni utawa landhesan reca. Sarta sawatara watu candhi saka watu padhas. Dinuga wiwit jaman kunane wis neng kono. Dadi dudu barang pindhahan saka papan liya.

“Dereng cetha sela candhi menika damelan saking jaman kapan,” ujare mbah Giman

Karana durung nate ana panaliten mirungga saka sing kawogan, mula du­rung bisa kinawruhan asal muasale watu candhi. Nanging nitik saka blegere reca nandi, aciri Jawa tengahan, dinuga  gaweyan saka jaman Mataram kuna. Ing sakiwa tengen abad IX M. Jaman biyen Gunungkidul pancen klebu wilayah reh-rehane Mataram kuna.

Malahan jaman semana wis ana is­tilah gugur gunung. Kanggo ngarani kagiyatan masyarakat Mataram kuna sajrone reresik kahanane wana. Merga lemahe longsor utawa sak  prelu kanggo dedunung apadene yasa wewangunan suci minangka sacara pamujan masya­rakat ing padinan sarta nuju dina riyaya.

Mbok menawa karana anane watu candhi iku, Kyai Putut banjur ketarik nin­dake tapa ing papan kono. Kepara ma­lahan manggon ana ing njeron guwa. Merga aman saka pangoyake prajurit Demak sing kadhawuhan nggoleki para putra sentana Majapahit sing keplayu nganti tekan wewengkon Gunungkidul.

Apa maneh jaman semana, mesthine kahanane sakiwa tengen isih kebak grumbul uwit wana. Dadi luwih aman. Samangsa ana tandha bakal ketekan prajurit Demak, bisa langsung mlayu nuju iline kali Oya. Sabanjure nylamet­ake diri pribadi sekalyan garwane ing papan sing luwih aman.

“Nanging asma asline boten wonten ingkang ngretos mas,” ujare Mbah Giman.

Kanggo meruhi jeneng sajatine pan­cen ora gampang. Upaya nalusur liwat asma para putra Sinuhun Brawijaya pungkasan ing buku babad, uga durung bisa menehi pepadhang. Semono uga migunake jeneng dusun apadene desa, uga durung bisa miyak wewadi sing sinandi ing asma.

Nitik saka jenenge guwa, sing dumadi saka tembung rancang tegese nggathuk-nggathukake saweneh prakara kalawan prakara liyane. Sarta tembung kancana tegese emas, bangsane wesi werna ku­ning. Ana ing budaya Jawa, werna ku­ning didunungake minangka lambang kamulyan, iya kamulyaning urip bakda surud.

Lire tembung rancang kancana mengku surasa nggathuke sawe­neh prakara ka­lawan kamulyan­ing urip bakda surud. Tumrap wong Jawa, kang­go nggayuh kamulyaning urip kalumrah kanthi cara ngurip-urip kahananing batin. Anggone ngurip-urip kanthi ngulir samadi utawa ma­nguntapa ana ing saweneh pa­pan.

“Leres niku mas, sagedipun kasem­badan kedah tapa,” ujare Mbah Giman.

Nanging ana sing duwe panemu me­nawa jeneng rancang kancana ana ga­thukane kalawan paran dununge gem­bok watu owal-awil tumemplek watu padhas ing guwa sisih njero. Jembare guwa sangongrongan. Bisane tekan ko­no, saka pringgitan liwat bolongan am­bane mung cukup kanggo liwat wong siji. Kepara kudu mbrangkang.

“Miturut ngandikane simbah kriyin, sok sintena saged mbikak gembok, badhe sumerep gedhonging rajabrana,” Mbah Giman nerangke kanthi mantep

Tembung gedhong wis cetha, aran saweneh wewangunan sarta rajabrana aran bangsane mas inten sing paling apik, tan ana sing bisa nglu­wihi kaen­dah­ane. Ka­l­umrah digam­barke muntah­ake cah­ya ku­ning emas ka­didene ge­byare kanca­na sinang­ling. Ka­ton edi, neng­semake ati­ne sing weruh.

“Kacariyos ka­dhangkala ketingal wonten cahya gumebyar medal saking guwa,” ujare mbah Giman.

Cahya gumebyar sing katon wernane kuning emas. Cahya iku bisa katon saka kadohan ing titi wanci tartamtu. Merga ketarik marang kaendahane cahya, mula para pendhemen laku budaya spiritual Jawa banjur padha mara sanja.

Nanging sajatine tembung gedhong rajabrana iku minangka pepindhan utawa lambang kamulyaning urip. Mula wis ngetrepi sarta laras, saka basa lambang gedhonging rajabrana iku, banjur kaaranan guwa rancang kancana. Sarana ngrancang kamulyaning urip.

“Nanging anggenipun nyumerepi dunungipun gembok boten gampil,” imbuhe Mbah Giman.

Pancen ora gampang, meruhi paran dununge gembok, merga wujude ora ka­didene gembok kalumrah. Mligi pepethan cilik tumemplek ing padhas, sinamun ing antarane watu mecungul ing temboke guwa. Apa maneh ing sakiwa tengene kebak corekan jeneng pawongan.

“Sagedipun sumerep kanthi ening mas,” ujare Mbah Giman.

Nanging sajatine tembung gembok iku uga pepindhan utawa lambang. Lire sing sapa ngerti sarta nyekel kuncining tapa bakal bisa mbukak gembok. Sa­banjure bakal weruh gedhonging ra­jabrana.

Kanthi anane cecritan iku, kena ingaran, sajrone manguntapa ing  njeron guwa, Kyai Putut Janaloka kasil meruhi gedhonging rajabrana. Lire bisa nggayuh kamulyaning urip sing sajati. Kapra­tandha moksa. Raga sarta jiwa bisa bali sampurna ana ing pangayunane Gusti Kang Akarya Jagat. *

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!