Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (12)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 43 kali

III. MAKHLUK ALLAH, MANUNGSA LAN JIN.

(1). Manungsa cinipta. Ciniptane manungsa lan jin trep karo dhawuhe Al­lah, mangkene maksude: “Panjene­nga­Ne kang wus kepareng nitahake manungsa saka lemah kang garing pin­dha wingka. Lan maneh PanjenengaNe uga wus kepareng nitahake bangsane jin saka geni kang murni. He manungsa lan jin, sebab apa sakaronira padha mai­do marang nikmat peparinge Allah, Pa­nge­ran sesembahaning para kawu­la?” (Q.S.Ar-Rahman (55): 14-16).

Ayat-ayat kang katur ing ndhuwur, nerangake, manawa bahan (materi) ci­nip­tane manungsa lan jin, kekarone ma­khluk Allah iku, ndarbeni pepadhan sarta prabeda.

Sawijining sing padha, sing cetha kekarone dumunung ana ing ancas lan tujuan ciniptane, kekarone makhluk iku  ci­nipta supaya padha manembah ma­rang Allah.

Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan Ingsun ora nitahake jin lan manungsa, kajaba supaya (kekarone) padha manembah marang Ingsun.” (Q.S.Adz-Dzurriyat (51):56). Krana saka keparenging Allah maksud ciniptane ke­karone makhluk mau, supaya manem­bah (ndhedhipe) marang Allah, tumuli Allah kepareng ngutus marang kekarone para utusan sing ngajak manembah ma­rang Allah. Nanging utusan tumraping bangsa jin, dudu saka jinis jin. Nabi lan Rasul, mung diutus saka bangsa ma­nung­sa. Nabi lan Rasul sing Panjene­ngaNe utus marang manungsa, yaiku Na­bi lan Rasul sing uga kudu ditaati lan diimani dening jin. Dene utusan tumrap­ing  para jin, yaiku padha-padha bangsa jin, sing wus iman sarta pikoleh pituduh saka para Nabi lan saka para Rasul. Nuli jin mau bali marang kancane (bangsa jin) sarta nerusake pituduh apa bae sing ditampa saka para Nabi lan Rasul ka­sebut.

Ana kisah muthawatir saka ayat-ayat Al-Qur’an babagan Nabi Dawud lan Nabi Sulaiman, uga ayat-ayat sing nerangake tumekane (kehadiran) sekelompok bang­sane jin marang ngarsane Rasulullah, sing padha ngrungokake (nyimak) ayat-ayat Al-Qur’an saka panjenengane (Ra­sulullah). Para jin mau nuli padha iman, banjur padha bali marang kaume, sarta nga­jak para kaume supaya iman marang Risalah sing diwulangake dening Ra­sulullah. Mangkene maksud dhawuhe Allah:

(a). Lan elinga! Nalika golongane para jin Ingsun condhongake marang sira, yaiku padha ngrungokake Qur’an. Sa­wuse padha teka ing kono, banjur padha akon marang kancane.  Padha ngilingna. Bareng wus padha rampung pamaca-nira Qur’an, nuli padha bali marang ka­ume, lan kancane padha dielingake.

Pangucape para jin: ‘He kaumku ka­beh! Aku mentas bae keprungu Kitab Qur’an (Al-Qur’an) diwaca, yaiku Kitab kang diturunake sapungkure Nabi Musa, sarta mbenerake marang Kitab kang sa­durunge, sarta nuduhake marang bebe­ner lan dalan kang jejeg.” (Q.S.Al-Ahqaf (46):29-30).

(b). He golongan jin lan manungsa! Apa durung teka marang sira kabeh utusan Allah saka jinis sira dhewe, kang nyaritakake marang sira kabeh, anggon­ira bakal ketemu dina Qiyamat iki? Wong-wong mau padha munjuk atur: Kita sam­pun sami nyekseni dhumateng kalepat­aning badan kita piyambak”, lan dhe­weke wus padha kapusan dening pangu­ripan Donya, sarta dheweke padha nyek­seni marang kesalahane awake dhewe, manawa sanyatane (temen) dheweke iku padha kafir.” (Q.S.Al-An’aam (6):130).

Kejaba pepadhan (persamaan) ing dalem ciniptane, kekarone makhluk iku, uga padha mapan (dumunung) ana ing Bumi sing padha karo manungsa, na­nging beda alame. Manungsa urip ana ing alam nyata, dene jin urip ana ing alam ghaib.

Jin bisa ndulu manungsa saka alame, nanging manungsa ora bisa ndulu ma­rang jin saka alame manungsa. Mang­kene dhawuhe Allah maksude:

(a). Sanyata syetan lan golongane iku padha weruh marang sira kabeh, na­nging sira kabeh padha ora bisa weruh ma­rang dheweke. Sanyata anggonIng­sun nitahake syetan-syetan iku kareben dadi kekasihe wong-wong kang ora pa­dha iman.” (Q.S.Al-A’raf (7):27). Dene dhawuhe Allah sing nerangake, manawa jin lan manungsa mapan ana ing Bumi, mangkne maksude:

“Tumuli (Adam lan Hawa) sakeloron diplesetake dening syetan saka Suwarga, lan ngetokake kekarone saka panggon­ane. Dhawuhipun: “Sira padha mudhuna saka Suwarga. Sawenehira padha bakal memungsuhan kalawan sawenehe, sira bakal padha manggon ana ing Bumi, lan bakal padha diparingi kesenengan ngan­ti tumeka sawatara mangsa.” (Q.S.Al-Baqarah (2):36).

Lha sawuse Adam lan Hawa dipaeka (tergoda) dening bujuk rayuan gombale Iblis, Allah banjur kepareng paring dha­wuh marang tetelune (Adam, Hawa lan Iblis) supaya mudhun manggon ing pa­pan kang padha, yaiku Bumi. Nuli Pa­nje­nengaNe kepareng paring pepenget marang manungsa, manawa syetan iku mungsuhmu!

Hiya syetan iku ndhisik sing nggodha Adam, sing njalari Adam ditundhung saka Suwarga. Supaya luwih gamblang ing ngi­sor iki bakal diaturake fenomena utawa kahanan sawijining makhluk kang pinter sadurunge Adam.

Miturut Mufassir kondhang Ibnu Kat­sir ing Kitabe kang asesirah “Al’Bidayah wan Nihayah” nerangake, manawa mak­hluk kang mapan ana ing lumahing Bumi sadurunge manungsa, yaiku sing karan al’hinn lan al’bin. Allah kepareng nda­dekake jin kuwasa marang al’hinn lan al’bin. Jin nuli mrawasa sarta nyirnakake makhluk mau. Wusana Jin banjur mang­gon ana ing lumahing Bumi lan nguwa­sani Bumi. Wawasan kaya mangkono mau ora kok mujudake wawasan siji-sijine sing nerangake babagan makhluk cerdhas, sing manggon ing lumahing Bumi sadurunge manungsa. Ana wawa­san liyane sing nerangake, adhedhasar karo informasi Al-Qur’an sarta wawasan sahabat Nabi s.a.w. sing nerangake, ma­nawa makhluk cedhas sing kawitan, sing tumapak ana ing lumahing Bumi sa­durunge manungsa, yaiku bangsane jin. Iki krana dheweke (jin) iku cinipta luwih dhisik katimbang manungsa. Lelandhesan karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan temen Ingsun wus kepa­reng nitahake manungsa iku ma­une saka lemah, kang garing tur ireng kang dirupakake. Lan Ingsun wus kepareng ntitahake jin sadu­runge nitahake manungsa, katitah­ake saka geni kang panas banget.” (Q.S.Al-Hijr (15):26-27).

Maksud kang kinandhut ana ing ayat kasebut, cetha wus nerang­ake, manawa jin cinipta dening Allah sa­durunge manungsa. Hiya dheweke iku sing mapan (dadi penghuni) ing Bumi sadurunge ma­nungsa. Ibnu Ab­bas, sahabat ahli tafsir iku ne­rangake, manawa sing kawitan ana ing Bumi yaiku jin. Nuli jin-jin mau padha cecongkrahan, paten-pina­ten.

Hiya krana fenome­na kang kaya mangkno mau, wu­sana Allah ke­pa­reng ngirim samu­barang kanggo bras­tha lan num­pes-pepes jin-jin mau saengga musna/sirna saka lumahing Bumi.

Kejaba saka iku, fenomina (ka­hanan) Lintang padha rontog iku, mi­turut Al-Qur’anul Karim, mujud­ake piranti kanggo mbandhemi sye­tan sing ngudi nguping (ngrungok­ake) pocapaning para Malaikat sing dumunung ana ing Langit. Dawuhe Allah, mangkene maksude:

“Sanyata Ingsun wus kepareng ngrengga, maesi Langit kang luwih cedhak sarana Lintang-lintang. Ka­jaba minangka rerenggan, uga mi­nangka njaga saben-saben syetan kang mbalela. Supaya syetan-syetan iku ora ngrungok-ngrungok­ake (ngu­ping) wawan sabda para Malaikat, lan syetan-syetan mau dibandhemi (dibalang) saka sadhe­ngah arah. Kareben syetan-syetan ditundhug adoh, lan bakal kapa­trapan siksa kang langgeng, keja­ba sawatara syetan kang bisa oleh rungu kala­wan nglimpe, banjur di­oyak dening colok geni kang murub ngobong awake.” (Q.S.Sha­f­faat (37):6-1). (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…