Ngugemi Wulangane Syekh Ronggo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 333 kali

Akehe makam para penyebar aga­ma Islam kang manggon ing sisih lor mu­judake salah siji bukti yen agama Islam ing tanah Jawa ngono wiwit sumebar saka sisih lor. Nitik saka babagan iki kena dikira-kira agama islam sing teka ing Indo­nesia, mligine sing mlebu ing laladan Jawa iki digawa dening para pedagang-pedagang bangsa Arab. Islam dhewe pancen wis suwe anggone mlebu ing pulo Jawa, yen nitik saka maesane Fatimah binti Maimun kang nduweni angka taun 1082 M, bisa didudut yen sejatine Islam wis ana ing Jawa sadurunge Majapahit madeg.

Penyebaran agama Islam sing sa­cara gedhen-gedhen lagi ditindakake sapungkure Majapahit ngalami pralaya. Ing kalane Kasultanan Demak dadi salah siji kraton gedhe ing tanah Jawa, agama Islam lagi disebarake kanthi gencar-gencare. Dewan Wali Sanga mujudake pa­ra pioner kerajaan sing diajap bisa nyebarake agama Islam ing tanah Jawa. Rancake para wali sanga iki anggone wiwiti nyebar agama Islam uga sairib ka­ya mlebune agama Islam menyang pulo Jawa.

Anggone nyebar agama Islam di­wiwiti saka lor lan terus mangidul. Sali­yane Dewan Wali Sanga iki mau ana ulama-ulama liyane sing uga melu nye­barake agama Islam. Gandhenge jene­nge kalah ‘gedhe’ klawan wali sanga akeh para penye­bar agama Islam iki sing durung ki­nawruhan klawan umum. Salah siji ulama gedhe kang nduweni lelabuhan gedhe nyebarake aga­ma Islam iku mau nduweni jeneng Syekh Ronggo.

Sing jenenge Syekh Ronggo iki mujudake ulama kang nyebarake agama Islam ing Kabupaten Pati, Jawa Tengah. Ka­ya dene para ulama liyane, Syekh Ronggo nduweni cara dhewe kanggo nye­barake Islam. Salah sijine yaiku kan­thi narik zakat mal marang para pa­wo­ngan muslim sing nduweni kaluwihan rejeki. Asil tarikan zakat mal iki mau sa­banjure dening Syekh Ronggo didumake menyang masyarakat non-muslim sing kurang mampu. Gandhenge kerep nam­pa bantuan saka Syekh Ronggo masya­rakat sing durung padha ngrengkuh aga­ma Islam wekasane gelem ninggal kapi­tayane sing lawas lan ganti ngrengkuh Islam.

Suwening suwe pawongan sing ge­lem ngrengkuh agama Islam tansaya akeh. Warga sing gelem ngreng­kuh Islam mau banjur akeh sing sinau  ngel­mu lan kawruh aga­ma Islam marang Syekh Ronggo. Salah siji wejangan sing diwenehake Syekh Ronggo menyang san­trine yaiku pa­ngajap amrih para santrine ge­lem tetulung marang sapadha sing mbutuhake. Upa­maa sing diduweni arupa dhuwit utawa barang, ya dhuwit lan barang iku mau kang disedhekah-ake. Dene yen ora ndu­weni barang utawa dhuwit, pawongan mau bisa urun tenaga marang pawongan kang mbu­tuhake.

Syekh Ronggo uga ngajap amrih san­trine tansah njaga kerukunan sajroning urip. Babagan sing kaya mangkene dite­ngenake amarga mung kanthi rukun swa­sana tentrem bisa kacipta. Ing perangan liya anane swasana kang tentrem mu­judake perangan wigati amrih manungsa bisa nindakake ngibadah kanthi jenak lan khusyu’.

Nalika surud ing kasedan jati Syekh Ronggo disarekake ing ing desa Ngem­plak Kidul, Kec Margoyoso, kabupaten Pati, Jawa Tengah.

en manut ujare Herianto, Syekh Ronggo iki isih putrane Ki Ageng Mruwut. Lan Ki Ageng Mruwut salah siji ulama gedhe saka laladan Tuban. Ki Ageng Mru­wut dhewe kacarita uga isih nduwe trah saka Prabu Brawijaya V sing pinercaya mujudake raja pungkasan ing Majapahit. Ing perangan liya Herianto nambahake yen Syekh Ronggo iki gesang rikala tanah Jawa isih dijajah dening bangsa Wa­landa.

Gandheng wektu kuwi Syekh Ronggo wis klebu salah sijine ulama gedhe ing laladan Pati kang tinengeran saka  akehe cacah santrine. Bangsa Walanda nganti rumangsa wedi yen kedadeyan perang Jawa kaya sing nate ditindakake dening Pangeran Diponegoro dumadi maneh. Mula saka kuwi pihak Walanda banjur ga­we rekadaya sing kaya-kaya Syekh Ronggo dalah para santrine wis nindak­ake kesalahan lan kudu nampa pauku­man. Emane jaman semana akeh sing percaya saengga Syekh Ronggo kasil ka­rangket lan banjur digawa menyang Kraton Surakarta.

Sawise tekan Kraton Kartasura, pihak kraton untunge ngerti yen kabar sing ana ing njaba iku mung kabar ngayawara sing kepengin ngadu domba antarane kraton Surakarta klawan para ulama lan para santri kang ana ing laladan Pati. Penga­dilan kang ditindakake ing kraton iku mutusake supaya Syekh Ronggo lan para santrine kudu nyuwita menyang Syekh Muttamakin.

Ukuman sing kaya mangkene tanpa ditimbang langsung ditindakake dening Syekh Ronggo dalah para santrine. Syekh Ronggo rumangsa marem pikantuk uku­man sing kaya mangkene jalaran sing disuwitani iku mau isih prenah sedulure dhewe. ukuman nyuwita menyang Syekh Muttamakin iku mau digunakake dening Syekh Ronggo kanggo luwih jero ang­gone nyinaoni agama Islam.

Tekane Syekh Ronggo dalah santrine sing kena uku­man mau ditam­pa kanthi becik dening Syekh Muttamakin. Sa­un­tara wektu Syekh Ronggo dalah para san­trine nyuwita ing daleme Syekh Muttamakin. Kalane nyuwita ing daleme Syekh Muttama­kin iku mau akeh banget ngelmu anyar sing ditampa dening Syekh Ronggo lan para santrine.

Sawise dianggep cukup anggone nyuwita Syekh Ronggo dalah para santrine diajab ora prelu bali menyang papane sakawit, nanging malah diajab babad alas kanggo mbukak pemukiman anyar. Kacarita alas sing dibukak iki mau mapan ing sakulone desa Kajen. Kanthi kasakten sing diduweni alas kasebut anggone mbukak mung mbutuhake wektu sewene setengah dina. Alas sing sorene isih mujudake alas gung liwang-liwung esuke wis dadi papan kang ngemplak-emplak tanpa ana wit-witan maneh. Anane kedadeyan sing kaya mangkene banjur digunak­ake kanggo njenengi papan sing mentas kababad mau. Saiki papan sing dibukak kanthi migu­nakake kasektene Syekh Ronggo iku mau sinebut Desa Ngemplak.

“Sawise alas mau kabukak, wekasane Syekh Ronggo dalah para santrine padha mapan ing papan anyar kasebut. Wiwitane ya abot miwiti urip ing papan anyar. Nanging kanthi perjuangan lan ora lali tetep ndonga menyang sing Gawe urip. Papan sing maune alas iku mau kasil dadi papan anyar kang rame banget. Manut crita sing daktampa Syekh Ronggo mapan ing desa kene nganti sedane,” ujare Herianto.

Priya sing wis mataun-taun nja­ga makame Syekh Ronggo nam­bahake yen sedane Syekh Ronggo seda rikala tanggal 10 Sapar. Emane Herianto ora kelingan taun pira anggone Syekh Ronggo seda. Gandhe­nge sedane Syekh Ronggo tanggal 10 Sapar, njalari anane tradhisi ganti lang­se. Tradhisi iki dianakake kanggo me­ngeti sedane Syekh Ronggo lan kanggo ngeling-eling perjuangane kang wis ditindakake dening Syekh Ronggo. Pe­ngetan dina sedane Syekh Ronggo mau diwujudake kanthi ganti langse.

Langse sing lawas dilorot lan diganti nganggo langse sing anyar. Langse lawas iku mau banjur diguntingi cilik-cilik lan dilelang marang para pawongan sing mbutuhake. Lelang guntingan langse iki mau ditindakake merga ana kapitayan yen langse lawas iku mau nduwe daya tartamtu sing bisa dadi sarana kanggo ngedohake sing nduwe saka sakehing bebaya. Asil saka lelangan langse lawas kasebut digunakake kanggo mbangun masjid sing mapane ora adoh saka makame Syekh Ronggo. Yen isih ana si­sane dhuwit mau banjur didum-dumake menyang para masyarakat sing kurang mampu.

“Kain luwur iku mung sawate kain biyasa wae dene yen ana sing percaya aku ora masalahake sauger kapercayane wong-wong iku mung percaya yen kain iku mung sarana wae. Dene kekuwatan sing utama iku mung diduweki dening Allah SWT. Sing wigati lelang kain luwur iku satemene kanggo nggambarake piwulange Syekh Ronggo kalane isih sugeng biyen yaiku seneng tetulung marang sapa wae kang ora mampu,” pungkase Herianto.

(P. Kusuma)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…