Juru Foto
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 356 kali

Kudu dakakoni yen nganti seprene isih angel kanggoku nglalekake sawijining wengi ing tengahe sasi Mei sawetara taun kepungkur. Ing wengi kuwi ke-priye rasane nothog regol ijo  kos-kosanmu nalika aku lan kowe isih padha-padha ngangsu kawruh ing pawiyatan luhur kutha pahlawan. Tumrap wong liya, nothog lawang mono mbokme-nawa gampang. Apamaneh kanggone cowok sing sok nothog lawang kuwi sadurunge ngajak kanca-kancamu ngrakit crita ing sangisore gapura kampus.

Nanging kanggoku beda. Sasuwene aku kenal karo dheweke ya lagi pisan kuwi  wani nothog lawang kos-kosane. Tekaku wengi kuwi ora liya kanggo ngucapake selamat ulang taun marang dheweke, mahasiswi adhi tingkatku. Kanthi nggawa kadho sing dakbungkus  kertas werna soklat, bola-bali aku nothog lawang kos-kosane.

Bodhone aku, ing wengi kuwi aku ora ngomong apa-apa kejaba selamat ulang taun lan sawetara donga puji supaya apa kang dikarepake dijabahi dening Gusti. Senajan kedadeyan ing wengi kuwi  mung sakedheping netra paribasane, nanging nganti seprene isih gumawang  ing angen-angenku. Ewasemono tresnaku marang Nuning nganti aku lan dheweke lulus ora pisan-pisan dakblakakake. Jalaran aku ngerti yen ing njero atine Nuning  wis ana priya sing ngrenggani.

Tresna ora kudu nduweni,   ngono jarene wong akeh. Nanging kahanan sing kaya mangkono mau satemene nyiksa ati banget. Wis bola-bali aku nyoba mbukak ati marang wanita liya kanggo nglalekake Nuning.  Nanging jebul ora gampang, sebab ati iki kaya-kaya mung kanggo kenya saka Mojowarno kasebut.

“Ah, pancen abot yen kudu nglalekake sekabehane,” panggresahku ing sawijining wektu.

Upama  jaman semana aku nekad nelakake rasa tresnaku, mbok menawa saiki aku ora kesiksa banget-banget. Minggu gumanti wulan lan saiki wulan wis gumanti taun. Dalan tumuju  kampus sing kebeneran ngliwati kos-kosan gapura  ijo kuwi isih kaya taun-taun nalika semana. Nanging surasa  nalika aku liwat regol sing tau dakthothog lawange  iku saiki wis beda.

Biyen saben mulih kuliyah, nalika ngliwati kos-kosan kuwi, ing njero ati mesthi ana pengarep-arep dheweke bakal mbukak lawang  lan ngatonake esem ngujiwat mligi kanggo aku. Nanging saiki wis beda. Dheweke wis ora mapan ana walike regol ijo kuwi.  Dheweke netepi apa kang dikarepake,  semono uga aku  isih kepengin golek jati dhiri sarta mbudidaya amrih bisa nglalekake kenya Mojowarno iku.

Ah, Nuning. Angen-angenku ngumbara nalika dheweke kerep njaluk tulung supaya ngrewangi  nggarap tugas kuliyah. Dijaluki tulung Nuning ngrewangi nggarap tugas kuwi mujudake wektu-wektu kang paling endah kanggoku. Jalaran aku bisa ngancani dheweke klawan ngematake eseme kang nengsemake sarta swarane kang renyah.

Senadyan dhadhaku megar, ewadene sumelip rasa perih mangerteni dheweke wis………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…