Chiang Mai Kuna, Negara Sakyuta Lahan Sawah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 25 kali

Kali Ping, nduweni andhil kang gedhe tumrap kabudayan Lanna. Dawane kali iki kuwawa ngukir kelairan sawijining peradaban, kang mangun infrastruktur alam. Ndadekake sawijining urat nadi sajeroning komunikasi tumrap peradaban masyarakat liyane.

 

Kali Ping kang nduweni dhaerah aliran kali nganti (3.553.500 ha) ing negara Gajah Putih iki, dadi saksi sejarah peradaban wilayah lor Thailand. Kadidene kutha gedhe nomer loro sawise Bangkok, kutha kuna sing umure wis ngancik 700 taun iki mujud­ake ibu kota kerajaan Lanna kang kaloka oleh sebutan “The land of million rice field”. Sebutan kang kaya mangkono mau ana gandheng cenenge karo kondisi lansekap nalika Chang Mai kuna madeg nalika semana.

Kutha sing dibangun ing perenge Gu­nung Dol Suthep iki mujudake laladan aluvial subur wiwit sangka Kali Ping kang mili sangka lor mengidul. Ambane lahan kanthi tanah subur lan banyu kang kim­plah-kimplah sing tansah gemrojog saka pegunungan lan alas kang ketel, mujud­ake pilihane Raja Mangrai kang kuwasa nalika semana. Ing tanah su-bur kang ana ing antarane Kali Ping ing sisih wetan, lan kutha Chang Mai sisuh kulon, dicetak mayuta lahan sawah.

Alas pegunungan saku­penge, mujud­ake laladan sumber banyu kang penting minangka pasokan banyu kanggo sawer­na­ning aktivi­tas pertanian. Saliyane iku alas pegunungan Dol Suthep dimanfa­atake minangka sum­ber kayu kanggo mba­ngun kutha, saengga dinasti Lama mu­judake salah sijine kekuwatan gedhe sajero­ning sejarah Thailand.

 

Tapak Kota

Saliyane faktor biofisik, pemilihan tapak kota uga anglelimbang anane factor social lan geopolitik. Posisi tapak kota ing pereng antarane kali Ping sisih we­tan, lan pegunungan Doi Suthep sisih ku­lon mujudake tetimbangan minangka se­gi pertahanan tumrap serangan musuh.

Burma (Myanmar), salah sijining ke­ra­jaan kang ana ing suwalike pegunu­ngan Dol Suthep, saliyane Ayutthaya, mujudake ancaman potensial. Ing sa­ndhuwuring lahan kanthi topografi sing rada dhuwur iki, kutha Chang Mai kuna iki dirancang pembangunane kanthi wu­jud bujur sangkar. Sadurunge raja Mang­rai kang isih kuwasa nalika iku ngrancang kutha kang saben sisihe dawane 2.000 wa. Wa, mujudake satuan dawa kang meh padha karo 2 mtr. Nanging sawise nganakake pirembugan karo raja loro sahabate, diprayogakake supaya kutha dibangun kanthi wangun bujur sangkar. Saben sisih-sisihe ora perlu dawa-dawa ing pangangkah supaya gampang ang­gone ngendhalekake. Tetemonan raja telu ing rerangken rencana kasebut, an­ta­rane ngusulake supaya dawa saben sisihe kang uga nduweni fungsi kadidene benteng pertahanan mau 800 wa (1.600 m). Jarak iki mujudake kang paling adoh sing bisa ditempuh dening jaran kang mla­yu adoh kanggo nggawa pesen sa­ka salah sijine pojok benteng menyang po­jok liyane. Kanggo mengeti konsultasi raja telu sangka kerajaan Lanna, Payau, lan Sukothai kasebut dinane iki nuli di­degake Monumen “Pertemuan Tiga Raja” mapan ing sangareping plataran Balai Kota Chiang Mai. Kutha Chiang Mai kuna dibangun kanthi dikupengi tembok benteng sing digawe sangka bata (wal­led city). Zonasi kutha nganggo konsep sing cinathet sajeroning naskah Maha­taksa (keberuntungan).

Ing sajeroning naskah kasebut, saben saperangan kutha diibaratake kadidene perangan sangka anggane manungsa. Sajeroning walled city, saliyane istana, sang raja uga mbangun penginapan, ge­dung pengadilan, gedung perbendaraan negara, perumahan keluarga raja, gu­dang pangan, kandhang gajah lan jaran, pasar induk lan kuil-kuil. Saben kawasan iki dipapanake ana ing blok-blok. Sape­rangan dalan utama mujudake akses menyang saben kawasan, uga mujudake penghubung antarane pintu gerbang.

Sangka dalan utama iki uga disam­bungake marang jalur-jalur sirkulasi ciut ndadekake tatanan kutha malih awangun kaya grid. Saliyane mbangun tembok per­tahanan, Raja Mangrai uga ngedhuk kalen kaya sing nate katindakake nalika mbangun benteng kutha Sukothai. Kalen kang ambane 9 wa (18 mtr) mujudake benteng bastion pertahanan njaba sing ngli­lingi kutha kang awangun bujur sang­kar. Senajan kutha-kutha kuna ing Thailand umume nduweni benteng lan kalen kadidene pertahanan, nanging mligi ing ibu kota kerajaan Lanna mujudake salah sijine peninggalan kasebut sing isih sar­wa jangkep. Chang Mai kuna dibangun kanthi system drainase sing apik.

Bukti sejarah anane system drainase iki mujudake prasasti ngenani system pe­masok banyu ing kalen-kalen kanthi ba­nyune sing tansah bening kinclong-kinclong ndemenakake. Ora ana salem­bar gegodhongan sing kemampul. Ing prasas­ti kasebut disebutake me­nawa sumber ba­nyu sing ngisi kalen-ka­len mau mujudake ka­len-kalen pertahanan sing asale sangka Huai Kaeo sing dii­lekake li­wat aqueduct (kanal/terowo­ngan banyu) nu­ju kalen kang anjog me­nyang kalen liwat po­jok wetan benteng bastion. Pojok iki kaloka kanthi sebutan Hua Lin Corner utawa po­jok beteng. Suwasana Hua Lin Coener mau amerga kahanane kang asri, sering ditekani wis­man/domestik kanggo ngeng­gar-enggar ati. Senajan populasi penduduk Chiang Mai saiki kurang luwih 700.000 jiwa, na­nging kutha sing amba­ne 4.000 ha iki tan­sah katon asri lan resik gemrining. Ing kawasan pusat perada­ban Chiang Mai kuna iki sadawane dalan utama lan jalur ijo kalen disemarakake karo sawer­naning kekembangan maneka warna sing tansah tinata tharik-tharik kang banget mencutake. Bukti sejarah mau wis dumadi pirang-pirang taun kang ana ing saben pojok kutha. Chiang Mai kuna mujudake roh kang nduweni pengaruh tumrap perkembangan kutha Chiang Mai modern. (Pakne Novie, maneka sumber)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora bisa ngajeni, mula aja tau ngina.

Klik

KENYA MAIN TONG SETAN

Pemain tong setan biyasane wong lanang, nanging ing kene sing main sawijining wanita yakuwi kang jenenge Karmila Purba. Kenya umur 18 taun asal Pematang Siantar, Sumatra Utara iki cukup kondhang ora mung ing Indonesia, nanging uga ing donya. Iki gara-garane merga aksine diliput dening media asing yakuwi Guardian lan Metro. (d/ist)***

Pethilan

Presiden mundhut motor Royal Enfield Bullet 350 cc

Dadi kelingan esemka…

Tata kelola anggaran olahraga ala

Sabandhing lurus karo prestasine

Kabeh calon kepala daerah nyerahake LHKPN

Perkara datane bener apa ora uru­san mburi