Dhaharan Istimewa Raja-Raja Jaman Mataram Kuna:
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 79 kali

Iwak Bulus, Wedhus Meteng, lan Celeng Dikebiri

Krajan Mataram Kuna uga disebut Krajan Mataram Hindhu utawa Krajan Medang. Krajan kasebut ngalami jaman kencana rukmi ing abad 8 Masehi lan ambruk ing abad 11. Dene kang nate nyepeng panguwasa ing antarane yaiku raja-raja saka dinasti Sanjaya, Syai­lendra (periode Jawa Tengah) lan Isana (periode Jawa Timur).

Ing antarane kayata Prabu Sanjaya (kang cikal bakal Krajan Medang taun 752 M), Rakai Panangkaran, Rakai Pa­nung­galan, Rakai Garung, Rakai Wa­rak (Dinasti Syailendra), Rakai Pikatan (awal bangkite maneh Dinasti Sanjaya), Rakai Kayuwangi, Rakai Watuhumalang, Rakai Watukura, Mpu Daksa, Dyah Tulodong, Dyah Wawa, Mpu Sindok (Dinasti Isana ing awal periode Jawa Timur), Sri Loka­pala, Makutawangsa­wardana, engga Prabu Darmawangsa (Taun 985-1006).

Mungguh peninggalan lan petilasan kang isih bisa kawruhan tekan saiki yaiku sakehing wujude candhi ing Jawa Te­ngah, Yogyakarta lan Jawa Timur. Kayata Candhi Borobudur, Candhi Prambanan, Candhi Sewu, Candhi Kalasan, Candhi Sojiwan, Candhi Sambisari lan candhi-candhi liyane. Uga wujude prasasti kayata prasasti Kalasan Taun 778 M, Prasasti Mantyasih 907, Prasasti Rukam 907, lsp.

 

Raja Mangsa

Para raja ing jaman Mataram Kuna iku tetela remen marang sawernane dhedhaharan kang disawang mirunggan lan banget istimewa. Dhaharan kasebut katelah “Raja Mangsa” utawa “Maha Mangsa”, tegese “dhaharan (kuliner) kanggo para raja kang minulya”. Pasu­gatan kasebut ing antarane wujud olah-olahan saka iwak bulus, iwak penyu, iwak welut, iwak taluwah, iwak asin, da­ging kebo, daging wedhus meteng, daging celeng dikebiri, uga daging asu sing dikebiri.

Riris Purbasari pegawe saka kantor Balai Pelestarian Cagar Budaya (BPCB) Propinsi Jawa Tengah ngandharake, ji­nise dhedhaharan minangka pasugatan para raja ing jaman Mataram Kuna iku nate kababar ing acara Festival Kuliner Hidangan Raja-Raja Mataram Kuna kang diadani Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Tengah, mapan ing plataran Can­dhi Sojiwan, Kebon Dalem Kidul, Pram­banan, Klaten.

Nanging adhedhasar tetimbangan mirungan, dhaharan kang digelar ing Festival Kuliner Hidangan Raja-Raja Ma­taram Kuna iku mung dipilih jinis dhe­dhaharan kang sacara umum bisa di­dhahar dening sapa bae, lan ora dadi wewalering agama (alias kalal). Ing antarane yaiku jinis masakan kang diga­we saka daging kebo lan iwak welut, de­ne wujude maneka pasugatan iku di­masak adhedasar interpretasi kang ginambar ing relief Candhi Prambanan lan kaserat ing Prasasti Rukam.

Mungguh jenenge dhaharan lan un­jukan ing antarane yaiku sing aran: hada­ngan harang, hadangan madura, dundu puyengan, skul, sambel matah, phalamula, nalaka rasa, jatiwangi, lan kinca. Mungguh sing disebut “hadangan harang” yaiku jinis lawuh saka daging kebo kang diirisi lan diolah kanthi cara digarang lan disunduki nganggo kayu sere.

Dene sing disebut “hadangan madura” yaiku iwak lawuh saka daging kebo, nanging rasane digawe legi lan disuguhake ing olahan tomat mateng kang disigari. Kajaba rasane legi, ma­sakan kasebut teksture lembek lan wujude daging soklat enom, kaya sayur gudheg. Carane masak jinis masakan iki ora migunakake lenga klentik (minyk goreng), nanging mung digoreng sangan (disangrai), digodhog, utawa digarang. (Masakan “hadangan harang” lan “hadangan madura” kajupuk gambar “Relief Kebo” ing Candhi Wisnu ing kompleks Candhi Prambanan).

Ana maneh jinis masakan kang aran “dundu puyengan”. Dhaharan iki wujud lawuh saka iwak welut kang ditata mubeng sarta dimasak pedhes mawa godhong kemangi (jinis masakan iki dijupuk saka “Relief Dhaharan Iwak Welut” ing Candhi Brahma, kom­pleks Candhi Pram­banan). Uga kasuguhake dhaharan baku kang aran skul (sekul) utawa sega. Dhaharan sekul iki ana kang wujud sega ja­gung lan sega beras (jinis dha­haran iki kajupuk saka gambar “Relief Hidangan Nasi” ing Candhi Siwa, kompleks Candhi Prambanan lan ing relief Patirtan Cabean Kunti).

Mungguh sawernane dhedhaharan iku uga dipepaki jinis dhedhaharan liyane kayata kuluban, urap, lan phalamula. Ku­luban dumadi saka jinis tetuwuhan ka­yata kobis, wortel, kacang gleyor, kang­kung, kembang turi, godhong jembak, lan kenikir. Uga sambel wijine ireng, sambel matah (lombok, tomat, lan bram­bang dirajang), sarta urap (kem­bang kecombrang, beluntas, ulegan godhong kemangi lan pete).

Dene dhedhaharan kang disebut “phalamula”, yaiku jinising panganan pala kependhem kang digodhong mawa areh lan gula. Phalamula lumrah kanggo “ganjel weteng” (nyamikan, sarapan) ing wayah esuk tumrap para Raja ing jaman Mataram Kuna. Jinis pala kependhem kasebut ing antarane yaiku godhongan tela kaspa (pohung) lan garut.

Mungguh mi­nang­ka unjukan yaiku jinis minuman sing disebut “nalaka rasa”, “Jati wangi”, lan “Kinca”. “Nalaka rasa” iku jinis minu­man saka sari tebu, “Jati wangi” iku jinis minuman teh kang digawe saka sari kembang mlathi, dene “kinca” yaiku jinis minuman kang digawe saka woh asem (sari asem).

 

Pasugatan Kang Wigati

Crita bab dhedhaharan tumrap para raja ing jaman Mataram Kuna iku pancen ora kombul kaya crita bab katresnan utawa crita bab perang sedulur. Senajan mangkono, nanging mungguh sanyatane bab dedhaharan iku mujudake unsur kang banget wigati tumrap panguri­paning manungsa sacara umum, kawit biyen tekan saiki. Dhedhaharan iku wigati kanggo nyugata tamu utawa nalika pawongan pinuju andon laku. Dhaharan uga tetep diadani nalika sawenehing negara lagi nandang paprangan utawa nandhang kasusahan.

Ing jaman biyen sawernane dhe­dhaharan kasebut umume kasuguhake nalikane sang Prabu lagi ngestreni sawenehing wilayah kang ditetepake minangka sima (tanah perdikan) utawa dhaerah bebas pajak. Tumraping kawula salumrah “panetepan sima” iku mujudake kanugrahan kang gedhe saka raja marang kawulan kang darbe labuh-labet lan duwe kawigaten mirunggan marang bangunan suci (candhi). Bisa diarani dhaharan (kuliner) iku kagolong unik lan rasane lumayan enak. Luwih-luwih masakan saka daging kebo sing aran “hadangan madura” iku.

 

Kanggo Nggrengsengake Kawasan Wisata

Acara Festival Kuliner Hidangan Raja-Raja Mataram Kuna kasebut digelar kanthi ancas lan tujuwan kanggo nikelake kekarepane masyarakat supaya melu ngupakara situs-situs kang ana ing lingkungane, satemah tuwuh rasa han­darbeni lan kaajab bis ngundhakake kesejahteraan masyarakat ing saku­the­ging candhi. Uga minangka kupiya kang­go nggrengsengake kawasan wisata Candhi Sojiwan.

Festival kasebut kegolong unik lan mujudake sawenehing bukti yen pening­galan jaman kuna iku pranyata bisa ka­wedhar kanthi tinarbuka kanggo kegiatan masyarakat jaman saiki. Pe­milihan Candhi Sojiwan minangka papan acara, sebab kajaba desa Kebon Dalem Kidul iku duweni potensi cagar budaya situs, masyarakate uga duweni kupiye gedhe kanggo mekarake kridha kapari­wisatan liwat kegiatan desa wisata kang wis dibentuk.

Balai Pelestari Cagar Budaya Propinsi Jawa Tengah uga nyeleksi wanita cacah lima saperlu dilatih masak, mligine jinis-jinis masakan kang ana ing jaman Ma­taram Kuna. Ing pangajab para wanita kang wis melu pelatihan masak iku bisa nularake sesurupane marang wanita liyane ing sakiwa-tengene candhi, lan diajab bakal kuwawa nikelake kesejah­teraan masyarakat. Kajaba iku, jinis masakan iku bisa minangka saweneh bentuk kuliner khas ing Candhi Sojiwan.

Makan lan minuman asil karyane ibu-ibu ing Desa Kebon Dalem Kidul iku iya dhaharan lan unjukan kang disuguhake ing acara Festival Kuliner “Hidangan Raja-Raja Mataram Kuna” kasebut. Yaiku jinis makanan lan minuman kang ana sambung rapete karo menu-menu makanan ing jaman Mataram Kuna kang bisa disawang saka kajian-kajian ing prasasti lan ing gambar relief-relief candhi.

Dhedhaharan kasebut dimasak kanthi cara gotong-royong, dene bahan ma­kanan kang dipilih migunakake per­timbangan kang laras karo kondhisi masyarakat, uga trep karo kesehatan lan kalal didhahar. Pelatihan diayahi Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Tengah makarya bareng karo Yayasan “Kebun Kita” kang disuhi Ny. Retno Wulandari, sawenehing praktisi kuliner lan ahli tanaman organik. Ing pengajab, kegi­yatan iki bisa terus dikembangake dening masyarakat desa Kebondalem Kidul lan sakiwa-tengene.

(Ismadi K)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…