Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (11)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 47 kali

15.Bumi digelar

Ing babagan iki Allah wus kepareng paring dhawuh, mangkene maknane:

“Lan Allah wus kepareng nitahake Bumi kang didunungi (diengoni) dening para manungsa. Ing  Bumi kono ana woh-wohane lan wit kurma kang ana mang­gare (angkupe). Lan ana wiji kang padha garing godhonge lan kembang kem­bang kang wangi (gandane).” (Q.S. Ar-Raman (55): 10-12)

Hidayah Bumi kang gumelar iki ana gandheng cenenge karo pituduh Langit sing didhuwurake ing ayat sadurunge. Se­babe Srengenge, Langit lan Bumi iku nyediakake energi tumraping thethuku­lan ing lumahing Bumi, kanggo foto­sin­tetis sing ndarbeni jejibahan mro­dhuksi oksigen sarta bahan pangan kang­go sekabehing makhluk urip. Lumahing Bumi iku ora kok cinipta lempeng (datar) kadidene baki (nampan), nanging Allah uga kepareng nyiptakake Gunung-gu­nung, bukit lan dharatan tinggi, lembah  (ngare), lan kali sarta bengawan kang ndarbeni manfa’at kanggo makhluk, ka­wulane Allah.

Kejaba saka iku perlu diaturake ba­bagan wangun (bentuk) Bumi, trep karo dhawuhe Allah, kaya kang wus katur ana ing Q.S.Ar-Rahman (55): 10-12) kase­but, mangkene genahe:

(a).Q.S.Ar-Ra’du ayat 3: “Lan Pan­jenengaNe wus njereng Bumi lan nitah­ake Gunung-gunung, sarta kali-kali ana ing Bumi. Lan PanjenengaNe ndamel ana ing Bumi sawernaning woh-wohan padha jejodhowan. PanjenengaNe kang nutup­ake wengi marang rina. Satemene kang mangkono iku dadi tandha yekti tum­rap­ing kaum kang padha gelem mi­kir.” (Q.S.Ar-Ra’du (13):3).

(b).Q.S.Az-Zumar(39): 5): “Panje­neng­aNe kang wus kepareng nitahake Langit- langit lan Bumi kalawan bener, lan nglebokake wengi marang rina, sarta nglebokake rina marang wengi, lan wus kepareng ngereh Srengenge sarta Rem­bulan, kabeh padha lumaku tekan mang­sa kang wus kepareng katemtokake.

Di eling! PanjenengaNe iku kang Maha Mulya tur Maha Ngapura.” (Q.S.Az-Zumar (39):5).

Miturut Thanthawy (mufassir), ing dalem tafsire nerangake, gilir gumantine wengi lan rina, iku mujudake keajaiban ilmiyah Al-Qur’an, kang wus dikukuhake dening lmu pengetahuan modern baba­gan wanguning Bumi (Bumi bunder). De­ne sing dimaksud Bumi iku ginelar (di­gelar), dijeber, iku mungguhing Bumi yen dinulu saka ndhuwure Bumi, ora katon bunder.

Kaelokaning maneh Rahmate Allah kang wus kepareng kaparingake marang lemah, trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude:

“Lan saka sawenehe ayat tandha yekti sampurnaning kekuwasaane Allah, yaiku PanjenengaNe wus kepareng nitahake tumrap sira kabeh saka lemah, banjur ing wektu iku sira kabeh padha dadi ma­nungsa nguwasani ana ing salumahing Bumi.” (Q.S.Ar-Rum (30):20).

Ngrembug manungsa iku cinipta saka lemah, kaya dene dhawuhe Allah ing ayat kasebut, mufassir Thanthawy ne­rangake, ciniptane manungsa kapisan (saka lemah), yaiku Adam. Dene anak tu­rune cinipta saka nutfah (telur lan sper­ma). Iki kabeh trep karo dhwuhe Allah,  mangkene maksude: “PanjenegaNe kang wus kepareng nitahake sira kabeh saka lemah, nuli saka nutfah (mani), nuli saka getih kenthel, Panjenengane banjur nglairake sira kabeh nuli dadi bayi, ing sabanjure sira kabeh nuli dadi uwong, sampurna kekuwasaanIngsun, banjur dadi wong tuwa. Sawenehe ana kang ka­punddhut nyawane sadurunge tuwa, lan ana uga kang bisa tekan ing mangsa kang wus kepareng katemtokake. Mula­ne sira kabeh padha mikir-mikira su­paya dunung.” (Q.S.Al-Ghafir (40):67).

Perlu kinawruhan, informasi Al-Qur’an, materi dhasar ciniptane ma­nung­sa iku saukur (relevant) karo apa kang wus diterangake dening ilmu pe­ngetahuan modern, bab unsur kimiawi awake manungsa. Lha pranyata seka­beh­ing unsur iku sumadiya (tersedia) ana ing sajeroning lemah (tanah). Apa bae unsur kimiawi kang kinandhut ana ing sajeroning awake manungsa? Anasir mau antara liya yaiku, oksigen 65 %; karbon 18,5 %; hydrogen 9,5 %; kalsium 1,5 %; fasfor 1 %; potasium 0,4 %; sulfur 0,3 %; sodium 0,2%; klorin 0,2 %; lan magnesium 0, 1 %. Mangkene genahe: Dadine sekabehing unsur-unsur kasebut diserot dening awake manungsa iku saka panganan kang dikonsumsi, ha­wa kang diserot , banyu kang diombe. Lha pranyata, sekabehing sumber nutrisi manungsa iku ora ana siji-sijia sing ora ana gandheng cenenge karo lemah, be­cik langsung utawa ora. (Subhanallah, Allah iku Maha Wicaksana).

Kejaba saka iku, perlu uga kawuning­ana, yaiku babagan nutrisi thethukulan uga mangkono. Tumraping  thethukulan uga merlokake nutrisi sing ora sethithik, supaya bisa thukul sarta ngasilake, yaiku karbon, hidrogen, oksigen, nitrogen, fasfor, potasium, sulfur, magnesium, zat tembaga, zinc, molydenun lan klorin. Lha kejaba karbon,hydrogen lan oksigen sing dikirim  saka asil olahan karbon dioksida lan banyu, sekabehing unsur nutrisi ka­sebut asale uga saka komponen mineral sing diserot dening oyod thethukulan iku. (Subhanallah). Bener-bener mujud­ake  Rahmate Allah kang tanpa winilang (tak ternilai), saka ngarsaning Allah kang Maha Hanyipta, krana sajeroning proses, bisa pikoleh nutrisi kanggo awake, ma­nungsa ora perlu kangelan nyaring utawa langsung ngonsumsi lemah kanggo ngu­padi nutrisi mau. Allah wus kepareng Ha­nyipta mekanisme sing ngagumake banget (nggumunake) tumraping thethu­kulan sing dadi pangane. Coba yen dina­lar, oyode thethukulan iku ndarbeni  jeji­bahan kang mirunggan (utama) nyedhi­yakake nutrisi  minangka kanggo thukul  sarta ngrembakane. Sekabehing nutrisi diserot dening oyod kang awujud  (ben­tuk) ion, nuli diangkut tumuju menyang sekabehing awake thethukulan mau, mawa liwat (melalui) organ pengangkut. Lha hiya ing dalem swasana (proses) pe­nyerotan iku mau, oyod mau bakal ngle­pas anion bikarbonat (HCO), sarta anion hidroxil (OH), kanggo nggampang­ake olehe nyerot nutrisi-nutrisi anion sa­ka Kation Hidrogen kanthi cara ijol-ijolan. Lha asile, tumraping ion sing diisolasi utawa dipisahake iku, nuli dilepasake tu­muju menyang njeroning larutan lemah.

Hiya kanthi cara kang mangkono iku, yaiku mekanisme kang nggumunake iku, oyod thethukulan mau  kanthi gampang nyerot sekabehing nutrisi saka larutan lemah, ugere cukup oksigen kanggo nyengkuyung metabolisme marang oyod.

Bener-bener nakjubake banget, kan­thi cara kang sistemis iku Allah kepareng nyedhiyakake bahan pangan tumraping manungsa saka bahan kang Panjene­ngaNe kepareng pigunakake kanggo nyip­ta manungsa kang kapisan (Adam), tanpa repot-repot, nanging cukup ditin­dakake dening oyoding thethukulan iku.

Lha tumraping wong (manungsa) kang tansah kufur sarta nduwa (ingkar) marang kanikmatan kang wus kaparing­ake dening Allah marang manungsa, sar­ta marang jin, tumuli nuwuhake pita­konan sing dibolan-baleni (ambal-amba­lan) nganti kaping 31, iku krana banget wigatine, kang tumuju marang manung­sa lan jin, maksud pitakon mau mangke­ne: “tumuli  nikmat sing endi maneh sing padha sira kabeh nggorohake?  (QS.Ar-Rahman (55) 1-78).

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…