Kidang lan Salju, Natal ing Tanah Klairane Sisihanku (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 39 kali

Tepungake, jenengku Windi Wahyu Ningtyas, asli Sidoarjo Jawa Timur. Taun wingi, sepisanan aku melu mahargya Natal ing Amerika. Awit, marasepuhku manggon ing Laverett, Amherst, Massachusett. Ing desa kasebut, wargane ora nganti 10 ewu cacahe. Mula, lumrah wae yen saben omah isih kinupeng latar sing amba. Kejaba saka iku, tangga teparone uga arang.

Ngendikane ibu maratuwaku, wis pirang-pirang taun sing keri iki, nalika Natal ora ana salju. Mula ya wingi kuwi jan begjaku, kok ndilalah ana salju. Kanggoku sing kulina urip nang Indonesia, bisa weruh salju cetha seneng banget. Lan Natal taun wingi bisa karan White Christmas tenanan.

Kejaba latar sing bawera, pomahan uga kapetung cedhak alas. Isih akeh kewan sing saba alas lan sok ngaton ing sacedhake papan padunungan warga. Pancene begjaku tenan, nalika mlaku-mlaku metu ngomah nuju pinggiring alas, kepethuk kidang sing lagi saba laladan kono.

Ing kutha Amherst iki, ana pawiyatan luhur yaiku Universitas Massachusetts, Amherst College, Smith College, Hampshire College lan Mount Holyoke College. Universitas Massachusetts mujudake universitas negeri, kang mahasiswane lumayan akeh. Mula lumrah yen ing kene luwih akeh padunung saka maneka papan, dudu warga ngenggon. Lha yen ngepasi Natal, bebarengan karo prei dawa. Mula ya malih dadi sepi amarga akeh sing mulih menyang papan asale dhewe-dhewe.

Kanggo mahargya Natal, kaya adate, ing kulawarga maratuwaku masang wit pinus sing diwenehi maneka rerenggan. Bapakku maratuwa olehe mundhut wit pinus ing South Hadley, beda kecamatan saka daleme. Ing kana pancen akeh sing nandur pinus mligi kanggo didol nalika ngarepake Natal. Saben sing arep tuku, mara dhewe menyang kebon, milih, banjur negor dhewe. Dadi bisa nyelarasake karo butuhe, sing cilik, sedhengan, utawa gedhe.

Wit pinus iku banjur dipapanake ing ruwang tamu, dipasangi tatakan. Ngepasi wengi sadurunge Natal, kabeh anggota kulawarga bebarengan masang rerenggan ing pang-pange pinus kasebut. Kapeneran, bapakku maratuwa asline saka Eropa, yaiku Swedia. Mula, ana sakehing rerenggan sing khas gaya Swedia. Wujude kaya rerenggan wit natal umume, ana wedhus, topi sinterklas, lintang, malaikat. Sing unik yaiku rerenggan kasebut digawe saka damen.

Rerenggan paling akeh pancen wujud wedhus. Aku ya mbatin, kok dudu kidang, kaya ing crita sing kerep keprungu (kretane sinterklas ditarik dening kidang). Jebulane, wedhus mujudake simbol sing nduweni mitos kebatinan ing Swedia. Yaiku arane Tanngrisnir lan Tanngnjóstr sing mujudake tumpakane Thor, salah sawijinign dewa ing kana. Sanadyan aliran kebatinan iku wis arang banget sing nglakoni, nanging wewujudan simbole isih sumebar. Malah, lumebur ing tradhisi agama sing luwih akeh ngrembaka. Dene dewane, Thor, diganti Jultomte, yaiku wewujudan uwong kanthi topi abang utawa lumrah karan sinterklas.

Ngendikane Bapak mertua, Jultomte iku uga mitose tansah mbiyantu kadang tani. Mbokmenawa yen ing Jawa saupama kaya Dewi Sri, simbol kemakmuran lan karahayon.

Kejaba rerenggan saka damen sing khas Swedia, bapak lan ibu maratuwaku uga isih nyimpen rerenggan kang digawe dening anak-anake jaman cilik (bojoku karo adhine). Tinimbang masang lampu kelap-kelip, bapakku mertuwa luwih sreg masang lilin ing wit pinus. Sawise kabeh rerenggan kapasang, bapak lan ibu nyetel lagu natal uga nyanyi-nyanyi karo aku lan bojoku.

Dene tangga-tangga ing kene saperangan ana sing masang lampu, patung, lan boneka salju ing njaban omahe. Nanging uga akeh sing ora masang apa-apa. Awit, ing tlatah kene padununge pancen werna-werna. Ana sing mahargya natal nanging uga ana sing ora.

Tangga sing paling cedhak, anake dhaup entuk uwong Yahudi. Nanging kepeneran anake nglegakake mulih nyambangi wongtuwane lan isih melu mahargya Natal.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih