Crita Panji Semirang Ing Situs Panji Gambyok
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 98 kali

Istilah “Tonel Direksi” yen dising­kat TD, dijupuk saka tradhisi “Tonel” utawa sandiwara ing jaman Walanda. Istilah populer ing jaman saiki yaiku sutradara, sutradara ludruk nduweni tanggung jawab milih lakon/nemtokake crita lakon ludruk nemtokake tata rias pemain ludruk dipadhakake karo karakter tokoh ing crita sing dipentasake.

Mula yen pentas ing “tonil” utawa kanggo pahargyan ing kampung isih gampang, kejaba skenarione ora kudu manut pakem terkadhang mlenceng saka skenario uga ora ndadekake masa­lah. Ora kaya yen pentas ing “kampus” kaya kang dialami dening penulis, isih teka bab penulisan “skenario” wis akeh sing disalahake utawa ana sing perlu diowahi. Mula nalika penulis arep nulis skenario ludruk sing arep dipentasake ing semester loro nganti direwangi “luru” crita ludruk ing ngendi-endi.

Ndilalah isih tekan Kediri, durung nganti ketemu tokoh-tokoh ludruk wis mrangguli dhisik salah sawijining situs sing ana sambung rapete karo crita ludruk. Situs kang mapan ing Desa Gambyok, Kecamatan Grogol kasebut kinaran Situs Panji Gambyok.

Situs Panji Gambyok dumadi saka struktur bata kuna lan watu andesit sing dinuga saka abad XIII M. Keunikane relief Panji Gambyok iki, yaiku gaya ukiran tokoh sarta crita sing ditampilake slaras karo nuansa crita Panji.

Miturut WF Stutterheim lan Poerba­tjaraka, relief Panji Gambyok iki minangka salah sawijining wujud babak kisah crita Panji Semirang. Tokoh-tokoh sing digambarake ing relief iki yaiku: Punta, Kertala, Brajanata, Pangeran Anom, Semar, lan Panji Asmarabangun (lungguh sila ing ngarepe kreta rodha loro). Anane relief Panji Semirang kang otentik sarta upaya dilestarekake dening masyarakat Desa Gambyok njalari papan iki banjur sinebut Kampung Panji.

Ing sacedhak (loro pepet) relief Panji Gambyok ana kuburan kuna cacah loro. Kuburan sing wetan luwih dawa, wong-wong sakitere kono padha nyebut makame Mbah Sarean. Wondene alasane krana sadurunge babad Desa Gambyok, kuburan cacah loro kasebut wis ana.

Miturut katrangan Miftakul Jannah (juru kunci Situs Panji Gambyok), nganti saiki isih akeh wong kang padha bancakan ana kono. Biasane wong sing wis mari (waras) anggone nandhang lara nemen, wong sing nembe kapilih dadi Kades, utawa wong sing wis kasil nggawa dhuwit akeh saka luar negeri. Umbarampe sesaji kanggo bancakan yaiku: ambengan lawuh ayam panggang, srundeng, lan sambel goreng.

Wondene miturut Poerbatjaraka, ing relief Panji Gambyok iki nyritakake yen Raden Inu Kertapati iku putra mahkota Kerajaan Jenggala. Dedeg piadege gagah prakosa lan pasuryane bagus. Kejaba iku dheweke uga supel marang sapa wae, kalebu marang kaloro abdi kinasihe. Raden Inu Kertapati wis ditunangake karo sawijining putri saka Kerajaan Kediri kang pinaringan asma Dewi Candra Kirana.

Ing sawijining dina Raden Inu Kertapati nduweni maksud arep nemoni tunangane ing Kediri, dheweke kairing pengawal kang nggawa gawan kang lengkap. Ing tengah dolan, rombongan Raden Inu Kertapati dicegat grombolan begal saka Asma­rantaka kang dipan­dhegani dening Panji Semirang. Raden Inu Kertaspati wis siap siaga, ning rom­bo­ngan begal iku malah ora nyerang.

Wong loro wakil grombolan iku ban­jur maju nyedhaki Raden Inu Kertapati.

“Kula suwun Raden kersa nemoni pemimpin kula, Panji Semirang.”

“Ayo,” tumanggape Raden Inu Ker­tapati tanpa nduweni rasa wedi ning tetep waspada.

Pranyata Raden Inu Kertapati disam­but kanthi ramah dening Panji Semirang.

“Lho, kok beda karo apa sing dak rungokake sasuwene iki, yen Negara Asmarantaka iku negarane para begal sing asring nyulik uwong,” ujare Raden Inu Kertapati.

“Kabar iku ora bener, aku mung nga­jak wong-wong manggon ing negaraku, yen ora gelem aku ora meksa,” kandhane Panji Semirang.

“Yen ngono aku dak nerusake laku.”

“Arep menyang endi Raden?”

“Aku arep nemoni tunanganku ing Kediri.”

“Oh, Kediri, aku ngerti ana kenya loro ayu-ayu ing kana. Sing siji jenenge Dewi Candra Kirana lan sing sijine maneh Dewi Ajeng. Raden arep milih sing endi?”

“Tunanganku Dewi Candra Kirana,” wangsulane Raden Inu Kertapati.

Nadyan lagi ketemu, Raden Inu Kertapati wis rumangsa akrab karo Panji Semirang. Dheweke rumangsa kaya wis tepung karo wong iki, ning dheweke lali ing ngendi dheweke nate ketemu karo Panji Semirang sing wis ora asing maneh iku.

Sawise rinasa wis cukup, Raden Inu Kertapati banjur pamitan saperlu nerusake perjalanan tumuju Kediri.

“Ya uwis Raden, sugeng tindak, nganti ketemu maneh,” kandhane Panji Semirang.

Tekan ing Kediri, Raden Inu Kertapati disambut kanthi meriyah lan kebak suka parisuka. Garwa selir Raja Kediri kang asma Dewi Liku lan putrine Dewi Ajeng melu mapag tekane. Ning, Dewi Candra Kirana ora katon.

“Geneya dheweke ora mapag aku?” pitakone Raden Inu Kertapati.

“Mbakyu Dewi Candra Kirana lara pikiran lan wis suwe ninggalake istana” wangsulane Dewi Ajeng.

Krungu katrangan kasebut Raden Inu Kertapati sanalika kaged lan semaput, dheweke age-age digawa menyang njero istana. Dewi Liku pranyata nduweni kekuatan sihir, krana dhesegane mula Raja Kediri banjur mutusake kanggo nikahake Raden Inu Kertapati karo Dewi Ajeng. Dewi Ajeng gumbira banget, dheweke mbayangake bahagia yen bisa pikantuk karo Raden Inu Kertapati sing bagus iku.

Raja Kediri mrentahake punggawane kabeh kanggo nyiapake pesta pernikahane Raden Inu Kertapati karo Dewi Ajeng. Gapura lawang gerbang dihias endah, panggung kesenian age-age didegake. Ing sadawane dalan tumuju istana dihias kanthi umbul-umbul lan maneka kembang, maneka jinis panganan lan inuman disiapake. Kamar penganten dihias kanthi endah lan diwenehi minyak wangi saka jinis paling apik, persiapan bener-bener sampurna.

Ning rencana jahat Dewi Liku kanggo njodhohake Raden Inu Kertapati karo putrine Dewi Ajeng ora lumaku mulus. Ujug-ujug wae dumadi kobongan kang ngobong sakabehe persiapan pesta. Ing tengah-tengah kekacauan iki katon rombongan Raden Inu Kertapati nunggang jaran lan jumangkah ninggalake istana. Ing tengah dalan sihir Dewi Liku lagi ilang saka pikirane Raden Inu Kertapati.

Raden Inu Kertapati sadar lan kelingan maneh marang tunangane, Dewi Candra Kirana. Pasur­yane tunangane ora beda adoh karo pasuryane Panji Semirang, dheweke nduga aja-aja Panji Semirang iku tunangane sing nyamar. Dhe­weke lan rom­bongane banjur jumangkah tumuju negara Asmarantaka saperlu nggoleki Panji Semirang. Ning pranyata, Panji Semirang wis ninggalake negara iku. Raden Inu Kertapati mrentahake prajurit terus nggoleki menyang endi lungane, ning asile tetep wae nihil. Anggone nggoleki diterusake, nganti tekan ing negara Gegelang. Raja negara Gegalang isih kerabate Raja Jenggalan, mula Raden Inu Kertaspati lan rombongane disambut kanthi apik.

Ing wektu iku negara Gegalang kabener diganggu dening grombolan rampok sekti sing dipimpin dening Lasan lan Setegal. Raden Inu Kertapati lan rombongane siap mbrastha para rampok iku, bebarengan karo prajurit Gegelang. Nganti ing sawijining dina Raden Inu Kertapati mergoki grombolan rampok iku ing sawijining desa.

“Kowe pilih nyerah apa dipateni” pambengoke Raden Inu Kertapati.

“Hahaha, bocah luwih becik aku mati tinimbang aku nye-rah marang kowe” wang­sulane ketua grombolan rampok iku.

Sabanjure tanpa mbuwang wektu pasukan kang di­pimpin Raden Inu Kertapati age-age jumangkah nyerbu, dumadi paprangan rame lan terus mangan korban pihak kekarone Raden Inu Kertapati adhepan langsung karo Lasan lan Setegal. Pangeran iki perang kanthi ngetokake sakabehe kesaktiane sing dheweke duweni. Ora let suwe sabanjure pemimpin rampok kekarone iku ambruk ing lemah, banjur mati. Para prajurit Gegelang padha sorak gembira krana kemenangane Raden Inu Kertapati.

Raja Gegelang nganakake pesta pitung ndina pitung mbengi kanggo nyambut kemenangan Raden Inu Kertapati. Nganti ing bengi kapitu iku, Raja Gegelang nimbali sawijining ahli pantun. Ahli pantun iku yaiku sawijining pemuda ning awake alus, dheweke maca pantun sing pranyata nyritakake kisa lelakone urip Dewi Candra Kirana lan Raden Inu Kertapati. Nyumurupi bab iku, Raden Inu Kertapati malih penasaran lan langsung wae dheweke kelingan tunangane. Age-age wae Raden Inu Kertapati marani pemuda sing maca pantun iku, lan pranyata pemuda iku Panji Semirang alias Dewi Candra Kirana sing sasuwene iki dheweke goleki.

Krana pasangan iki wis suwe ora ketemu banjur nyuntakake kangen sing semumpel dhadha, sing pirang-pirang taun direndhem. Sabanjure Dewi Candra Kirana crita yen Dewi Liku sing nyebabake owah pikirane lan dheweke diusir saka istana. Untunge ana sawijining pertapa sekti sing gelem ngobati Dewi Candra Kirana saengga dheweke mari lan wiwit njajah desa melangkori saka siji negara tumuju negara liyane. Raden Inu Kertaspati ngungun ngrungokake kisah tunangane iku. Dina bacute pasangan iki budhal menyang Kerajaan Jenggala lan nindakake palakrama lan pungkasane dadi pasutri (pasangan suami istri) kang bahagia nganti puputing jaman.

(*)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih