Beda Basa Beda Rega
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 61 kali

Panjenengan nate mundhut sega goreng? Pira regane? Sepuluh ewu tekan rolas ewu wis entuk sega goreng sepiring. Yen kersa paket B (paket besar utawa big) tambah pete segane munjung-munjung regane nganti tekan rong puluh ewu. Ana arena food court bioskop 21 ing Solo Baru sega goreng sing dijenengi nasgor ngancik rega rong puluh ewu. Bareng dibandhingke karo rega fried rice (sing asline tegese sega goreng) ing saweneh hotel bintang 5 sing nate taktekani wulan Juli 2017 regane tikel tekuk. Ing hotel bintang 5 pinggir segara iki fried rice diregani pitung puluh lima ewu rupiah. Piye rasane? Upama beda ya mung sethithik. Sing jenenge sega digoreng ya kaya ngana kae ra­sane, ana gurih, pedhes, lan legi.

Biyen ana banyu adhem sing diwe­nehake gratis ing desa-desa, ana ngarep omah asring sumadhiya kendhi isi banyu anyep gratis kanggo sapa wae sing liwat lan krasa ngelak gurunge. Dina iki banyu bening adhem diwenehi wadhah botol plastik wis ngarani regane telung ewu sing botol cilik lan limang ewu sing botol gedhe. Bareng dijenengi cold drink regane wis ngancik Rp 8.500 mung merga beda jeneng, barang sing padha regane tikel tekuk.

Ana crita lucu ngenani banyu anyep iki, nalika penulis entuk gratisan melu wisata ing Lombok lan nginep ing sawe­neh hotel Bintang 5. Ing saben kamar disedhiyani banyu bening botol gedhe (ing tanah Jawa umume diedhol kanthi rega Rp 5000). Ora ngertia banyu kuwi kudu mbayar dhewe amarga ora ke­petung fasilitas akomodasi. Sape­rangan kancane penulis wis kadhung ngombe banyu adhem kuwi lan ora ngerti yen kudu mbayar, sing gawe eram banyu bening sing adate rega limang ewu ing tanah Jawa ana hotel kono regane dadi Rp 50.000 (mung beda nol siji). Ngerti yen cold drink kuwi regane semono dhuwure nalika metu nonton obyek wisata, bis dikon mandheg pinggir mini market. Arep ngapa? Jebul padha tuku banyu mineral botol gedhe kanggo ngganti pasedhiyan banyu ana kamar hotel ketimbang ndadak mbayar Rp. 50.000. Apa tumon, banyu mineral karo cold drink regane tikel ping sepuluh? Ing kamangka barange ya padha wae, mung beda sesebutane.

Yen ditliti ana maneh reregan barang sing beda mung amarga basane beda kaya conto dhuwur mau. Iwak pitik go­reng utawa ayam goreng regane cukup limang ewu nganti sepuluh ewu sepo­tong. Bareng dijenengi fried chicken regane wis owah dadi Rp 27.000. Ora percaya? Mangga tak aturi tindak ana resto sing majang gambar Kolonel saka Amerika kae. Embuh piye mula bukane angger sing dijenengi nganggo basa Inggris kok regane mesthi larang. Lagi ngomong wae rasane ya luwih men­tereng yen nganggo basa manca, umpamane arep nembung tuku, “Mbak, tumbas fried chicken nggih?” rasane beda yen kandha, “Mbok, tumbas ayam gorenge nggih?” nadyan tegese padha, ayam goreng karo fried chicken, konsep tembung loro iku beda. Angger nyebut ‘fried chicken’ sing dibayangake daging pitik dilaburi glepung terus digoreng nganti rasane kemremes, mula regane ya tikel tekuk. Ayam goreng mung da­ging pitik dibumboni lan digoreng.

Ana maneh kenthang goreng sing regane ora sebandhing karo fried potato utawa French fries. French fries seconthong cilik regane rong puluhan ewu, yen ditukokake kenthang Dieng entuk pirang kilo? Upama diragadi sethithik kanggo tuku lenga terus digo­reng dhewe apa ora luwih akeh entuk-entukane? Wong-wong wis ora gelem mikir tekan semono. Dhasare wis kadhung kalah pamor, barang-barang lokal wis ora bisa ngoyak regane barang-barang sing dijenengi bangsa manca.

Wong Jawa (lan uga bangsa Indonesia) wis kadhung mindher ngadhepi tekane pengaruh manca. Tekan ngombe kopi wae ya melu-melu asor, kopi ireng secangkir regane telung ewu rupiah. Bareng arep nyruput black coffee (sing tegese ya kopi ireng) kudu mbayar Rp. 15.000. kuwi isih klebu murah amarga ana maneh kopi saka Amerika sing secangkire regane luwih saka seket ewu rupiah. Gek rasane kaya ngapa atase kopi wae kok nganti eketan ewon se­cangkir? Penulis durung tau ngrasakake amarga wedi regane. Nanging nonton ing café sing dodol kopi larang iki katone laris banget.

Yen panjenengan karem pecel mesthi bisa ngira-ira regane, sega pecel seporsi rega pitung ewu tekan sepuluh ewu wis klebu larang. Nanging yen Panjenengan jajan salad with peanut sauce sing asline ya sejenis pecel regane ngancik Rp 22.000. Yen ora percaya mangga panjenengan tindak ana Gubug Pizza kae. Penulis dhewe lagi pisan pindho ngrasakne panganan sing dijenengi ‘salad’ nalika entuk kalodhangan gratis mapan ing hotel berbintang. Ora ngira yen pecel modern iki regane tikel tekuk yen dibandhing rega pecel Madiun Utawa pecel lokal liyane. Ngenani rasane ya mung kacek sethithik.

Ora mung mandheg tekan urusan weteng lan gurung, maneka warna kebutuhan urip angger sing nganggo jeneng manca wis mesthi regane beda. Kagem ibu-ibu sing remen ngadisarira, etung-etungane rega mesthi beda. Pengin ngresiki pa­suryan cukup raup utawa nganggo sarana liyane ra­gade murah ora nganti sepuluh ewu. Nanging ang­gere wis dijenengi facial mula regane dadi seket ewu ru­piah. Pengin po­tong kuku sikil lan ngaluske kulit sikil ora perlu wragad larang. Ning ang­ger dijenengi pedicure wis mesthi wae tarife dhuwur. Yen kepengin ngrawat kuku tangan, ngecet, lan ngalusake kulit tangan ragade ora dhuwur. Bareng perawatan mau dijenengi manicure, wis ana regane dhewe.

Yen panjenengan durung duwe omah lan kepengin kagungan perumahan pinggir kali, kanthi wragad rong atus yuta mbok menawa bisa kelakon duwe omah sedherhana. Ananging yen peru­mahan mau banjur dijenengi Riverside Apartment (sing tegese omah tumpak ana pinggir kali) regane ngancik pitung atus yuta. Mula kuwi akeh perumahan-perumahan sing banjur dijenengi nganggo basa Inggris kayata Village (desa), Park (taman), lsp. Piye kaha­nane? Sing jeneng perumahan utawa apartemen utawa omah tumpuk ya kaya ngana kae. Yen bisa milih wong mesthi kepengin manggon ana omah ing pekarangane dhewe-dhewe.

Sing luwih nggumunake maneh nganti urusan mati wae sing nganggo se­sebutan basa Inggris mbutuhake prabeya sing luwih dhuwur. Pemakaman ana desa mung mbutuhake prabeya sayuta tekan rong yuta. Kuwi wae ora diwujudake dhuwit, nanging pemakaman ana Mount Carment jare ngancik tekan Rp 65 yuta. Ana uga taman pemakaman mewah sing diarani San Diego Hill. Em­buh pira wragade yen kepengin dima­kamake ana pekuburan iki? Sing cetha mbutuhake dhuwit sing ora sethithik.

Andharan conto ing dhuwur mung mbuktekake yen beda basa beda rega, sakabehe barang kang nganggo jeneng manca (utamane sing basa Inggris) regane tikel tekuk yen dibandhing karo reregan barang sing nganggo jeneng lokal (basa Jawa utawa basa Indonesia). Yen dipikir luwih jero bisane kaya mangkono jalaran wong Jawa (wong Indonesia) iku luwih ngregani barang lan basa manca yen kabandhing karo darbeke dhewe (barang lan basa Jawa utawa basa Indonesia). Arep ngarani protelon wae isin banjur diganti “junction”. Ora percaya? Mangga panjene­ngan tindak Yogya ana papan jenenge Junction (asline pretelon Babarsari, cedhak Janti). Arep nyebut lampu bangjo iya isin, banjur diganti ‘traffic light’.

Kang dialami dening bangsa Indonesia umume (Wong Jawa khususe) sajake padha isin yen kudu nggunakake basa lokal utawa basa nasional. Rasa mindher ngebaki pikiran, rumangsane yen nggu­nakake basa Jawa kuwi wong ndesa sing ketinggalan jaman. Ana faktor psikologis sing tansah mepalangi yen arep migunakake basa Jawa, beba­re­ngan karo kuwi wong-wong uga luwih ngreng­gani kabeh kang diwenehi label basa manca (utamane basa Inggris). Saiki lagi ungsum istilah ‘kids zaman now’ sing mujudake antarane basa Inggris lan basa Indonesia. ‘Kids’ tegese bocah-bocah. ‘Now’ tegese saiki. Yen diga­bungake asline teges ‘bocah-bocah jaman saiki’. Upamane ngomong ‘bocah-bocah jaman saiki’ mbokmenawa kurang nges. Mula luwih teteh banjur padha ngucap ‘kids zaman now’ ora ketang tetembungane cmapur bawur.

Yen dipikir luwih jero maneh, kahanan minder nggunakake Basa Jawa utawa Basa Indonesia kangg komunikasi padinan iki satemene fenomena sing mrihatinake. Wong wis ora mongkok lan bombong karo dar­beke dhewe lan lu­wih ngregani ba­rang, basa, lan uga budaya sing asale saka manca. Iki pancen aneh, wong sing isin karo kas­kayaning pribadi iku suwening suwe pancen banjur melu-melu wong manca lan ora peduli ma­rang idhentitas pribadine dhewe. Yen ngono banjur dumadi dijajah ora krasa.

Kahanane beda karo wong Jepang utawa wong Thailand. Nadyan wis dadi negara maju, wong Jepang emoh ning­galake basa lan tulisan Jepang. Wong Jepang tetep nduweni idhentitas dhiri sing khas lan dadi ciri utama bangsa kuwi. NHK sing nggunakake basa pe­ngantar Basa Inggris uga isih tetep nyiarake kekhasan Jepang. Wong-wong Thailand uga isih nggunakake tulisan sing memper aksara Jawa nadyan uga nampa pangaribawane bangsa manca. Yen nonton siaran bal-balan saka TV Thailand, tulisan sing mlaku ing layar (running text) uga nganggo tulisan asli Thailand kuwi. kapan awake dhewe bisa kaya kuwi? (*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…