Kuliah dadi Dhokter Spesialis (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Email Saka Jakarta - Dibaca: 15 kali

Mung butuh wektu karo tengah sasi wis antuk wangsulan yen anakku ditampa. Kaya ngapa bungahe anakku lan uga aku dene olehe ikhtiyar kok kasembadan. Sekolah ana lu­war negeri lan pawiyatan luhur kang nampa mau dudu pawiyatan kang baen-baen. Mlebu ranking 125 ing ndonya. Co­ba bandhingake, kaya UGM lan UI wae isih sandhuwure 700 ing ranking ndonya. Wulan September 2012 anakku wis wi­wit kuliah ana Belanda. Lan bener, karo tengah taun wis lulus. Lan banjur eng­gal bali. Tekan Jakarta durung nganti se­wulan wis ditawani nyambut gawe ana Siloam Hospital (rumah sakit Siloam) lan uga ditawani dadi manager hemophilia centre ana RSCM karo dhosene. Banjur ta­kon marang aku, “Pak enake milih sing endi. Milih Siloam apa ana RSCM?” Aku banjur kandha marang anakku, “Awakmu nyambut gawe golek dhuwit apa dhuwit kang nggoleki awakmu? Yen dhuwit kang nggoleki awakmu ya milih RSCM.” Krungu wangsulanku mau anakku kaget, “Lo Pak, ana Siloam gajine gedhe. Lan ana RSCM gajine malah cilik banget.” Aku karo nggu­yu banjur mangsuli, “Iku cara mikir cendhak. Ya gajine ana Siloam gedhe na­nging awakmu kerja keras, amarga awakmu ana Manajemen. La yen awak­mu ana RSCM, bapak yakin setaun awak­mu nyambut gawe mesthi diseko­lahake spesialis. La yen awakmu mbesuk antuk spesialis rak dhuwit teka dhewe.”

Ngerti wangsulanku mau anakku ban­jur mlenggong. Lan sarujuk karo pane­muku. Mula banjur milih nyambut gawe ana RSCM nyekel manager hemophilia cen­tre kaya krenahe dhosene. Bener, ka­ya kang dirancang setaun olehe nyam­but gawe banjur disekolahake njupuk spesialis anak ana FKUI/RSCM.

La ya ana sekolah spesialis anak iki aku ngerti banget abote sekolah. Nganti rikala aku pensiun saka Sekjen Kominfo taun 2016 kepungkur, aku ora antuk bali dening sisihanku kang wis rolas taun kudu urip pisah, siji ana Jakarta dene sisih­anku ana Surabaya. Mung saperlu bisa tansah support anakku kang sekolah spesialis anak mau. Apamaneh rikala isih junior, sasat ora nate bali mulih. Tekan omah wis jam 22.00, lan jam 05.00 wis budhal. Durung yen jaga, ora bali rong ndina iku wis biasa. Mulih-mulih nanging iku uga biasa. Malah asring kandha yen ora kuwat. Arep kudu metu wae.

Jenenge Bapak, bisaku tansah me­nehi urun rembug lan semangat. Aku asring kandha marang anakku, “Arepa kaya ngapa awakmu kudu bertahan lan lulus. Awakmu iku wanita kang begja. Ora angger wanita bisa lulus sar­ja­na. Ora angger sarjana iku bisa dadi dhokter. Ora angger dhokter iku lulusan saka FKUI. Lan ora angger lulusan dhok­ter saka FKUI bisa antuk master saka Be­landa. Lan ora angger dhokter lan mas­­ter saka luwar negeri bisa nerusake spesialis ana FKUI. Mula awakmu iku wanita kang begja lan antuk kanu­grahan saka Pengeran. Kudune tansah syukur, carane sekolah nganti lulus.” Yen wis daktuturi mengkono lan karo dak­elus-elus rambute mau mendha lan ban­jur semangat maneh. Kedadeyan kaya mengkono mau makaping-kaping. Saben ndina atiku kaya trauma. Yen anakku bali bengi karo suntrut, atiku ngedhap. Na­nging suwalike yen katon gumbira, atiku ayem. Nanging yaiku, rikala junior meh saben minggu bali nangis biyasa. Rada suda rikala munggah dadi madya, lan rada longgar rikala wis munggah senior.

Pancen sekolah spesialis ana Indonesia, iku beda banget karo luwar negeri kaya ing Eropa. Ana negara mau umume, dhokter kang sekolah spesialis iku sejene sekolah, uga dianggep kerja. Amarga wis dhokter lan uga nangani pasien kanthi bimbingan dhosene. Mula sekolah spesialis ana negara maju ora mbayar malah antuk gaji. La ana Indonesia, kejaba mlebune angel, seko­lahe uga angel kebak tekanan, lan kudu mbayar. Ora malah dibayar. Mung saiki kandhane anakku antuk jasa sanadyan ora mingsra. 

La ora maido yen banjur rikala ana WKDS mau ana kang protes kaya kang wis dakandharake ing nduwur, dianggep kerja paksa. Sekolahe angel, mbayar dhewe kok kudu wajib kerja. Kejaba kang njupuk beasiswa. Yen wis praktek kudu tansah ningkatake ilmune kanthi nekani seminar, pengabdian masyarakat, penelitian apa pengabdian masyarakat. Yen ora, ijin praktek ora bakal diper­pan­jang. Dadi bener, kang wis digambarake ana nduwur mau yen dhokter nganti tuwa tansah sekolah.

Durung yen arep njupuk sub spesialis utawa spesialis II. Kudu sekolah maneh udakara rong tahun. Gelare tambah maneh. Kaya umpamane dr. Bambang, SpA (K), K mau tegese konsultan bidhang umpane neuro anak. Dadi yen umpane bocah kena ayanen kang paling becik digawa dhokter spesialis anak konsultan neuro. Yen ana gangguwan ana weteng kang ora mari-mari sawise digawa me­nyang dhokter anak bisa dirujuk ana dhokter spesialis anak konsultan gastro lsp. Yen ana penyakit dalam, upamane dr Janoko, SpPD-KGEH iku tegese dhokter Janoko iku ahli penyakit dalam konsultan (sub spesialis) bidhang Gastroenterologi-Hepatologi. Gampange rembug yen para maos upamane lara maag utawa liver iku ahline. Terus yen para maos mirsani ana papan pengumuman daftar dhokter RS kang ana gelar dr. Werkudoro, SpPD-KGer iku tegese dhokter Werkudoro mau ahli bidhang Geriatri (penyakit lansia).

Iku isih durung. Yen dhokter mau arep njupuk S3 kudu sekolah maneh, amarga spesialis II iku jalur klinis yen arep mlebu jalur riset kudu njupuk S3. Sekolah maneh watara patang tahun yen arep nggayuh profesor. Amarga Prof iku kudu dhoktor utawa lulus sekolah S3. Wis ta pokoke sekolah dhokter iku ora ana enteke. Mula yen ana Prof bidhang kedokteran kae yen gelare mangkene Prof. dr. Kresno, SpPD (K) PhD iku dhokter kang bener seneng sekolah. Coba para maos galih. Sekolah dhokter udakara nem taun, sekolah spesialis patang taun, sekolah spesialis II utawa konsultan rong taun lan sekolah njupuk PhD ana luwar negeri limang taun. La rak sekolah terus tanpa kendhat. Mula rikala anakku wedok daktakoni yen wis lulus spesialis anak apa terus njupuk spesialis II (konsultan) lan terus njupuk S3. Kanthi cekak olehe kandha karo ngguyu, “Ah embuh Pak!” Gawang-gawang aku banjur kelingan rikala aku ngeterake anakku saperlu monitor pasiene ana Rangkasbitung kang biyene rikala teka ana RSCM banjur dicekel anakku lan dhosene, bisa slamet lan bisa urip normal katon seneng atine. Pak dhokter iku ana rasa marem ing ati yen ndeleng pasien bisa mari lan urip normal kaya lumrahe bocah. Endah mulyane para WKDS kang bisa nylametake puluhan ewu generasi Indonesia ing wewengkon kang kapencil mau. Nuwun. n

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora bisa seduluran, mula aja memung-suhan.

Klik

ARMADILLO

Iki dudu bal, nanging kewan Armadillo kang lagi turu kepati. Kewan sajinis Trenggiling iki pancen senengane mlungker kanggo ngayomi awake, apamaneh kulite uga atos kaya tameng. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah yakin jendral pulisi kang dadi pejabat gubernur bakal netral

Tapi luwih ngyakinake yen dudu wong-wong kuwi

Wis wektune dianakake Dewan Etik Pilot

Tukang becak wae dilatih nggenjot!

Propinsi Papua kekurangan dokter

Numpuk ing Jawa