Kasudibyane kang Namur Laku (16)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 196 kali

Krungu kabar kang nggawokake mau, warga desa padha gemrudug  melu nyatakake menyang panggonane sumber ti­ban. Mesthi bae kabeh padha gumun, ingatase dhek sabene ora ana wit pu­cung lha kok saiki wis ana wite pucung dhuwur gedhe ngrembuyung kaya ngo­no. Aneh banget, gek sapa sing nan­dur kuwi. Apa dhayange desa ke­ne? Mangkono sakehing pitakon kang ngemuli atine warga desa.

Mbah Darmo malah mikir tekan ta­mune kang nyalawadi mau. Sapa se­jatine dheweke kuwi, mangkono batine Mbah Darmo. Dene tamune Mbah Dar­mo mung mesem bae sajak kaya ora gumun babar pisah meruhi bab kang aneh kuwi. Malah banjur ngomong marang kabeh warga desa.

“Mangga bab punika dipun tampi bingah. Panci sampun keparengipun Ingkang Akarya Jagad, dhusun mriki salajengipun ngantos rejaning jaman mangke mboten ngantos kasadan to­ya. Taneman sami subur, namung ke­dah enget saben tigang mangsa mang­ga sami ngawontenaken slametan re­sik dhusun. Menawi wonten rejaning jaman dados kitha, mugi papan mriki kagantos naminipun dados Sumber Pucung. Dene nami Bandungan, dipun gantos dados Bandung ngaten kema­won.”

Kabeh warga desa sarujuk karo iguh pretikele tamune Mbah Darmo kuwi. Mulih saka anggone nyekseni ke­a­nehan mau, antarane Mbah Darmo karo tamune padha-padha nduweni ke­karepan. Lelorone padhadene mikirake Sri Wening. Yen Mbah Darmo mikire mu­ga-muga putune kuwi oleh jodho kang pas. Mbah Darmo ora nampik yen ta ta­mune mau gelem ngrengkuh putune kang ditresnani kuwi minangka sisihan.

Nanging arep miwiti ngomong kok ya saru, mosok Sri Wening dipadhakake ja­jan kang ditawak-tawakake. Iya yen di­tampa, lha yen ora? Harak wirang. Jejer­ing wong wadon mono pancen kayadene  ngadhang tetesing bun, mula batine Mbah Darmo mung ndedonga muga-muga bae putune mau enggal karengkuh dening priya kang dadi panujuning nala sarta nresnani lair batin, bisa mulyakake uripe nganti kaken-ninen.

Dene tamune Mbah Darmo mikire apa iya dheweke bakal nggliwar saka tu­juwan sakawit kang disangkul saka pa­ngarsane prajurit kraton upama ngayun­ake sawenehe kenya? Apa maneh ndhu­wurane kuwi wis dianggep minangka ba­pa gurune. Tur kabeh ngelmune  persa­sat wis disuntak kabeh marang dheweke. Nanging saupama sajrone lelaku mau dheweke nemu jodho, wis padha dene senenge, apa bab kuwi klebu nggliwar saka kapercayaning pangarsane mau?  Pancen ya ewuh tenan menawa dipikir, minangka prajurit andhahan dheweke kudu tansah mituhu apa kang didha­wuhake pangarsane. Kuwi kang njalari dheweke bingung.

Mikir rana, mikir rene dadakan kok banjur oleh dalan kang mbokmenawa  bisa dadi jalaran ngudhari ruwete pikir. Kejaba kuwi isih ana sing nggubel pi­kire, yaiku sasuwene srawung karo Mbah Darmo, dheweke krasa menawa Mbah Darmo dudu wong padesan lum­rah, nanging paraga kang nduweni se­jarah urip kang winadi. Senajan yen dideleng ngelmune mung winates, na­nging tamune kuwi yakin Mbah Darmo isih duwe gembolan ngelmu pinunjul. Apamaneh ingatase wong desa kok duwe putu wadon kang kaya ngono ayune sarta ganep tata kramane. Seje karo bocah wadon ing padesan umume.

Ing wektu kuwi lelorone padha………..

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip ing donya iki gawe kesel, merga akeh wong kang pengin mamerake bab-bab kang satemene dheweke ora nduweni.

Klik

BUKA PALING DAWA

Rekor buka pasa paling dawa ing donya, ana ing Hanover, Jerman mentas iki. Dawane nggayuh 10.2 km. Gunggung mejane 10.200 meja, lan sing melu buka ana wong 42.100. Acara iki wis kaca-thet ing Guiness Book Record. Iki nuduhake yen wong kang nggilut agama Islam ing Jerman saya akeh wae. (d/ist)

Pethilan

Janji-janji reformasi diajab enggal dicepetake

Janji kang dilalekake

Jamane reformasi wis 20 taun

KKN durung ilang uga

Bulog mesthekake stok beras aman nganti riyaya

Bab mundhak orane rega aja takon lo ya