Manganan Ngerong
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 116 kali

Manganan Ngerong yaiku sawi­jining upacara adat kang ditindakake ing kompleks Guwa Ngerong, Desa Rengel, Kecamatan Rengel, Kabupaten Tuban. Upacara adat iki dileksanakake ing dina Minggu Kliwon, wulan Besar, miturut etu­ngan penanggalan Jawa. Ing wiwi­tane upacara iki ditindakake sapungkure mang­sa panen, nalika masyarakat seneng-seneng ngucapake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa krana wis pinaringan sumber/kali ngisor lemah dawane rong meter sing digunakake dening masyarakat ora mung kanggo ngelepi tanduran, ning uga kanggo kaperluan saben ndinane. Ing jaman kawuri upacara iki ditindakake dening masyarakat telung desa, yaiku Desa Re­ngel, Desa Sawahan, lan Desa Sum­berejo.

Gandheng karo upacara adat Ma­nganan Ngerong, warga Rengel nganak­ake pagelaran wayang kulit kanthi lakon kang kudu dijupuk saka kitab Ramayana. Lakon-lakon kasebut antarane liya Rama Tambak, Anggada Balik, utawa Anoman Duta. Lakon sing nglibatake kethek akeh iku sengaja dijupuk krana ing sakitere Guwa Ngerong pancen akeh ketheke, ubarampe sesaji sing disiapake kanggo upacara Manganan Ngerong antarane liya klapa, iwak, jajan pasar, tumpeng lan panggang ayam tanpa bumbu sing disajekake ing saben Jum’at Paing. Pagelaran wayang kang diwiwiti wiwit awan diterusake nganti bengi kanthi lakon kang beda.

Masyarakat ora wani milih lakon sing salah krana nate ing sawijining wektu, nalika lakon sing dipilih salah, banyu kali malih abang kaya getih. Ing sumber banyu sing mili ing ngisor Guwa Ngerong iku akeh iwake lan buluse. Ning ora ana wong siji-sijia sing wani nyekel (njupuk) saengga nganti saiki iwak badher lan bulus bisa urip bebas ing kono. Yen dijingglengi kanthi permati ana sajinis andheng-andheng ing awake iwak-iwak kasebut. Mula saka iku, dening sapera­ngan wong, iwak kasebut dikramatake saengga ora ana wong sing wani nyekeli. Kejaba iku, ing perangan njaba ndhuwur guwa uga ana ewon lawa sing mapan kanthi kanthi bebas ing kono tanpa ana wong sing wani ngganggu. Miturut legendhane, sumber banyu ing Guwa Ngerong iku ditemokake dening wong tuwa kang nulungi wong wedok meteng sing kabener golek banyu. Wong tuwa kasebut banjur ngeblesake tongkate menyang wetenge bumi, banjur metu banyu. Banjur muncul sawetara bulus kang sabanjure sumber kasebut dadi gedhe lan dadi kali ngisor lemah kaya saiki iki.

Upacara Manganan Ngerong dileksanakake dening masyarakat Desa Rengel, Kecamatan Rengel, Kabupaten Tuban, setaun sepisan. Upacara iki arupa ritual makani iwak palung lan bulus karo klentheng (wiji randhu) sing ana ing jero Guwa Ngerong, sawijining guwa sing ana kaline. Miturut ujare kandha yen ing upacara kasebut klenthenge dipangan dening bulus, mula tujuan lan niat saka sing makan bakal kinabulan.

Perlengkapan upacara dumadi saka (1) judhang minangka papan kanggo ndeleh panganan, digawe saka kayu kanthi ukuran dawa 125 cm lan amba 40 cm, (2) rinjing, digawe saka nam-naman pring kanthi diameter 40 cm, lan (3) ancak, digawe saka nam-naman pring.

Ubarampe sesaji arupa kembang boreh: pandhan sing dirajang dicampuri jelonan tepungn beras lan kunir, klen­theng/wiji randhu, lan tumpeng kayon: tumpeng kang dumadi saka maneka jinis panganan lan asile olah tetanen. Wondene alat-alat arupa payung, rontek lan obor.

Kabeh peserta upacara kumpul ing bale desa, banjur nganakake arak-arakan tumuju Guwa Ngerong dipandhe­gani dening kepala desa, lan dipandu dening penganut adat. Urutan arak-arakan dumadi saka dhayang-dhayang, cucuk lampah, tumpeng kayon, lan war­ga. Arak-arakan ditampa dening pemuka adat lan uga dibukak dening pemuka adat sinambi nyedhaki watu sing wujude reca. Dhayang-dhayang nyebar kem­bang, dibacutake kanthi maca donga dening pemuka adat. Pelaku upacara nindakake borehan yaiku ngolesake kembang boreh ing reca wurung, larung sesaji menyang cangkeme guwa uga dipandu dening pemuka adat. Peserta upacara menehi mangan (makan) iwak palung lan bulus karo klentheng. Ke­giatan iki dimaksudake minangka ung­kapan rasa syukur marang kaki lan nini dhanyang Kembang Jaya. Ing acara sla­metan, kabeh panganan didum-dumake kang wiwitan njupuk tumpeng kayon yaiku perangkat desa, banjur dibacutake dening kabeh warga (peserta upacara) kanthi acara rebutan.

(Budiono SPd)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…