Reca Dwarapala Candhi Gempur Mrimpeni Tim Ekskavasi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 45 kali

Watara taun 1990-an ing udayana iki wis nate kita aturake anane candhi Gempur ing Desa Adan-adan, Kecamatan Gurah, Kabupaten Kediri. Candhi iki mapan ing kebonan sing biyen arupa tegal sawah, presis ing sakidule kuburan desa. Watu-watu bagean candhi sumebar ing tengah kebon, ana sirah kala sing gedhene satampah luwih gemlethak ora krumat. Malah ana watu-watu relief candhi dinggo ancik-ancik papan wudlu ing masjid kulon situs. Watu-watu kasebut yen diwalik katon ukir-ukiran sawijine relief.

 

Embuh wiwit kapan bageyan saka candhi kasebut pating slebar dijarake kapiran, dening warga situs kasebut sinebut candhi Gempur, alesane biyen anane candhi kuwi digempur warga lan watu-watu candhi sing sajak bisa digu­nakake njur digawa bali. Kapan prastawa kuwi klakon lan apa sababe, emane wis ora ana sesepuh sing bisa nyaritakake.

Taun 2016 Tim Pusat Penelitian Ar­keologi Nasional (Puslit Arkenas) nin­dak­ake ekskavasi (penggalian), banjur diba­cutake sasi Oktober 2017. Ing ekskavasi kasebut ditemokake reca buta Dwarapala lan makara kang rinengga ukir-ukiran endah. Kajaba saka kuwi uga ditemokake sirah kala loro cacahe, mung we reca dwa­rapala sing ditemokake ing candhi Gempur iki posisine ngadeg, ana jeng­keng kaya dwa­ra­pala umume.

“Nindakake ekskavasi ana kene nye­nengake banget, akeh te­mon isti­mewa. Neng ke­ne ana babagan anyar sing ora kita prangguli ing papan liya,” ngo­no kandhane Su­kawati Susetyo, ketua tim peneliti Arkenas.

Ditambahake, saben pengga­lian sing jerune 20 sentimeter, tansaya jeru ang­gone nge­dhuk lemah ana temon anyar. Kajaba sawetara reca lan makarane sing rinengga ukiran endah, struktur lemah utawa geologine uga neng­semake merga ing kebon kasebut dipikantuk informasi ngenani perkem­bangan gunung Kelud. Iya babagan iki sing maraake kita terkesan ing kene sasuwene iki, ngono tandhese Sukawati nalika aweh katerangan marang war­tawan kanthi lesehan ing lokasi candhi disandhing Wakil Bupati Kediri Masykuri.

Sukawati nambahi crita, nalika ka­witan reca dwarapala kuwi ditemokake lan isih dikedhuk wates dhadha, nyawang reca buta kasebut dheweke ora bisa turu lan ketok-ketoken rupane terus. Miturut wanita saka Purworejo, Jateng kuwi ru­pane reca kasebut serem, wengis, ora beda kaya pembunuh berdarah dingin. Anggone ketok-ketoken nganti digawa ngimpi, meh kabeh anggota tim diimpeni rupane reca kasebut. Nanging sawise reca kuwi kasil dikedhuk nganti tekan sikil, Sukawati lagi sadhar jebul ora nye­remake kaya nalika kawitan ditemokake. Kesane malih apik, ora medeni. Malah tim peneliti reca kuwi guyon, disiram banyu karo alok “Ayo adus sik, Bro…suwe ra adus ambumu ra enak.”

“Reca kuwi posisine ngadek, ora jengkeng kaya dwarapala umume. Na­nging bisa wae kuwi nuduhake kawibawa raja wektu semana,” kandhane Suka­wati.

Tim Pusat Penelitian Arkenas kasebut aweh kasimpulan yen situs Adan-adan kasebut kependhem endapan piroklastik asile gunung Kelud erupsi sing periode panjebluge ora padha. Mula saka kuwi, miturut geolog anggota tim peneliti Agus Setianto dinuga pembangunan komplek candhi Adan-adan bola-bali kandhek merga Kelud erupsi. Ana sewelas lapisan lemah sing mendhem candhi kasebut, sing paling tuwa umure yakuwi endapan piroklastik purba.

“Ing sandhuwure piroklastik purba kuwi ana endapan Paelosol, sing nuduh­ake ing sakupenge situs iki wis ana pa­nguripan, lan masyarakat wiwit mba­ngun candhi. Sabanjure nalika mbangun ana erupsi Piroklastik saka gunung Kelud engga kanggo sawetara bangunan di­ting­gal,” jlentrehe Agus Setianto.

Lapisan piroklastik sing mendhem situs kasebut cukup kandel, watara 50 sentimeter saka formasi pasir kasar nganti lapisan awu. Merga anane udan awu sing disababake njebluge gunung Kelud, ing lokasi akeh ditemokake ba­ngu­nan sing formasine durung rampung jalaran kerep ditinggal. Kajaba saka kuwi uga ana lapisan pasir Tufan sing kandele 40 sentimeter. Iki nuduhake yen lokasi situs kependhem maneh karo material panjebluge gunung Kelud. Sawise pasir Tufan wis ora ditemokake maneh pe­ngaruh panjebluge Kelud sing sabanjure.

Sauntara miturut arkeolog Ismail Luthfi, sing ngutuni bidhang epigrafi, aweh kasimpulan situs yen Adan-adan iki bisa dikandhakake minangka bangu­nan candhi. Kasimpulane kasebut diseng­kuyung dening sakehing temon sawise nindakake ekskavasi, data kawitan anane makara. Ing masa sing luwih kuna, biasane makara kasebut disandhing sira kala, jenenge kala makara. Papane sirah kala ing ndhuwur, makara ing ngisor. Ing situs kasebut kala lan makara dite­mokake wis ora nyawiji, miturut Luthfi, saya jeru anggone nindakake penggalian ditemokake bu­daya sing luwih tuwa. Iya baba­gan iki sing nda­dekake tim pe­neliti rada eram.

“Kawitane ki­ta pikir yen situs iki tinggalan saka abad ka-11, na­nging nyatane ing lapisan ngisor ana budaya sing luwih tuwa ma­neh. Yen disam­bung rapete karo daerah kene, wilayah Kediri wis wilayah budaya saploke abad ka 9 Masehi, jamane Raja Sindok,” jlen­trehe Luthfi, kang uga dosen arkologi ing Universitas Negeri Malang. Kanggo nemtokake pira satemene umure situs kasebut, isih nunggu asile tes labora­torium. Kanthi anane lapisan lemah sing ditemokake bakal ditindakake radiokar­bon dating. Nanging yen gaya senine nuduhake yen gaya seni sing adoh sa­durunge jaman Majapahit, malah sa­durunge jaman Singosari. Mamula di­du­dut kasimpulan yen situs kuwi pe­ninggalan Krajan Kediri. Nanging bisa wae adoh sadurunge jaman Kediri.

Sawise ditindakake ekskavasi lokasi situs diurung maneh, miturut Sukawati pihake mung nindakake paneliten. Merga kuwatir marang keamanane mula lokasi situs dikubur maneh, dikandhakake yen taun 2018 iki bakal nindakake ekskavasi maneh, embuh suk kapan penere durung ana jelas kasimpulane, 75 persen diyakini yen situs kasebut biyene arupa candhi. Yen ndeleng sirah kala lan makara sing blegere cukup gedhe, paling ora biyen ing lokasi kono ana bangunan kang uga gedhe.

Sauntara Wakil Bupati Kediri Masykuri ngandharake, wiwit penggalian taun 2016 pihake wis nindakake kosentrasi kanggo pengembangane. Upaya tim peneliti kasebut disengkuyung dening Pemkab Kediri, jalaran wektu iki pihak pemkab ngupaya ndhudhah maneh kabudayan ing Kabupaten Kediri. Kaya sing wis ditindakake yakuwi Panji Balik Kampung. Senajan ana sing ngarepake temon ing situs kuwi diangkat, Masykuri nerangake yen Pemkab Kediri amung nyumanggakake marang pepinginane para ahli.

“Kita tetep koordinasi karo para ahli lan peneliti iki,” ngono kandhane Masy­kuri. Panjenengane uga ngajap murih war­ga kiwa tengen situs melu ngaman­ake situs sing wis dikubur maneh kase­but. Jalaran lemah sagegem gedhe ajine kanggo panaliten. Yen ta para peneliti ngarepake pengamanan sakehing temon ing candhi Gempur kasebut, Bupati Kediri Haryanti nyediaake papan ing kantor. Pemkab kanggo nyimpen tinimbang adoh-adoh digawa menyang Mojokerto, luwih becik disimpen ing kantor pemkab.

Nyatane nganti dinane iki Pemkab Kediri pancen durung duwe museum kanggo nyimpen temon sejarah, kamangka yen dikumpulake cacahe akeh banget sumebar ing plosok padesan. Contone reca ing situs Semen, situs Tondowongso, situs Brumbung lan liya-liyane. Biyen nate ana ada-ada mbangun museum. Nanging rencana kuwi mung tinemu ing angen-angen tanpa kanyatan, sauntara yen Kediri Kota pancen wis duwe museum yakuwi museum Airlangga sing mapan ing lokasi guwa Selamangleng. Banjur kapan Kabupaten Kediri duwe museum? Ngono pitakone warga. (Oemaryanto)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora bisa ngajeni, mula aja tau ngina.

Klik

KENYA MAIN TONG SETAN

Pemain tong setan biyasane wong lanang, nanging ing kene sing main sawijining wanita yakuwi kang jenenge Karmila Purba. Kenya umur 18 taun asal Pematang Siantar, Sumatra Utara iki cukup kondhang ora mung ing Indonesia, nanging uga ing donya. Iki gara-garane merga aksine diliput dening media asing yakuwi Guardian lan Metro. (d/ist)***

Pethilan

Presiden mundhut motor Royal Enfield Bullet 350 cc

Dadi kelingan esemka…

Tata kelola anggaran olahraga ala

Sabandhing lurus karo prestasine

Kabeh calon kepala daerah nyerahake LHKPN

Perkara datane bener apa ora uru­san mburi