Upacara Adat Tingkeban utawi Mitoni
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 12 kali

Para maos “Panjebar Semangat” ingkang kinurmatan, sakderengipun keparenga kula ngaturaken nyuwun pangapunten mbokbilih ing samangke pinanggih isi, tembung-tembung (istilah) ingkang kirang pas saha “tata cara” ingkang benten sarta tegesipun boten sami kaliyan kawruh panjenengan sedaya. Awit upacara adat rumit sanget, punapa tuwuhipun mbetahaken wekdal ingkang panjang temtu kemawon wonten ewah-ewahan, tambah saha kirang manut dhumateng ingkang nindakaken amargi dipunlarasaken kaliyan jam anipun. Pramila kita sedaya asring midhanget tetembungan negara mawa tata desa mawa cara, kamangka tujuwanipun sami.

Upacara adat minangka perangnipun budaya ingkang sesambetan kaliyan “kapitadosan” (religius spiritual), pamanggih, rancangan, ide, panitilaksana, ubarampe, papan, wekdal, isi saha tujuwanipun. Menggah “wosipun” para kadang mastani “nilai” utawai “falue” inggih punika ngawrat babagan: filosofi utawi gegebenganipun tiyang gesang.

‘Etika’ utawi sopan santun sesambetan kaliyan pangandikan, tumindak, busana lan sapanunggalanipun. ‘Moral’ utawi bebudenipun tiyang ‘edukasi’ utawi piwucal-piwucal ugi taksih kathah isinipun kadosta gotong royong lan sanes-sanesipun. Sedaya wau dipun wujudaken lumantar donga, ubarampe minangka simbul-simbul lan tata trasilanipun anggenipun nindakaken.

Pramila para winasis kagungan pemanggih kabudayan punika dipun perang kados kalih: (1) Budaya Material, kados ta griya, candhi, reca lan sapanunggalane, (2) Budaya Non Material, kados ta kapitadosan utawi keyakinan, utawi budaya spiritual. Musik sae punika suwanten alat musikipun saha suwanten sindhenanipun (vokal).

Upacara adat ugi sinebat upacara tradhisi, dipuntindakaken masyarakat mliginipun wonten ingkang ngripta, saha sedaya titah gesang ugi wonten ingkang anggesangaken. Piyantun Jawi nyebat Gusti Allah, Gusti Ingkang Hakarya Gesang malah wonten ingkang nyebat “Tan Kena Kinaya Ngapa” awit boten saged dipun gambaraken. Saha taksih kathah aran-aran sanes namung masyarakat ugi pitados bilih Gusti Allah namung satunggal.

Menggah kapitadosan masyarakat Jawi ugi pitados bilih tiyang (manungsa) asal-usulipun saking Gusti Allah lan badhe wangsul dhateng Ngarsanipun, pramila kanthah ingkang nyebat “Sangkan Paraning Dumadi”, gandheng yuswanipun tiyang namung winates dipun gambaraken “pindhaning mampir ngombe”. Kanthi punika tiyang Jawi tansah emut lan ngemuti bilih manungsa namung saderma nglakoni sedaya sampun wonten ingkang ngatur pramila sadaya lir tumindak sumarah saha sumendhe dedepe mring Hyang Murbeng Dumadi.

Lelandhesan ing nginggil tuwuh budining cipta tiyang Jawi inggih punika upacara-upacara tradhisi sesambetan kaliyan dhiri pribadhinipun ugi kaliyan gesang bebrayanipun, kadosta: upacara adat ingkang dipuntindakaken pribadi/individu kawiwitan saking wiji kakung ingkang dipuntampi pawestri punika saged katitik wanita sampun kendel anggenipun nggarapsari (mentruasi). Dipunadani upacara adat “Ngebor-bori” kanthi srana wanita wau saben dinten Selasa lan Setu ngunjuk toya pethak angitee ingkang dipunparingi kunir satunggal iris, menggah tujuwanipun njagi kesehatanipun ibu saha calon ponang jabang bayi, ugi ngirangi nyambut damel ingkang awrat saha ibu lan ramanipun njagi tumindak lan pangandikan ingkang sae. Awit masyarakat pitados, bilih yen nyikara dhumateng sesamaning gesang samangke ingkang nandhang ponang jabang bayi ingkang taksih wonten guwa garbane ibu lair cacad utawi saged nandhang cilaka.

Salajengipun ‘Ngloroni’, Neloni, Ngapati. Kuniripun dipun tambah laras kaliyan wulanipun, menggah “Nglimani” wonten ingkang ngadani upacara namung saperangan ageng dipundadosaken setunggal mbenjang yen “Mitoni”, bilih sampun nem wulan, sami upacara saderengipun.

Upacara Adat Tingkeban utawi Mitoni menika satunggaling tataran upacara Daur Hidup (Siklus Hidup) ingkang paling ageng linangkung bilih ekonominipun tiyang punika kiyat. Sinartan ropyan-ropyan kejawi Upacara Adat Siraman, Kendhuri, Slametan ugi ngagem wungon utawi lek-lekan kanthi ngaturi sanak kadang utawi tangga tepalih.

Ananging, menawi ekonominipun boten kiyat namung dipuntindakaken kaping kalih, nggih punika wulan ka-3 utawi wulan ka-5 lan wulan ka-7. Dospundi kok makaten? Amargi menawi wulan ka-3 sampun slametan “Neloni” (sebutanipun slametan wulan ka-3) wulan ka-5 sampun boten slametan malih. Semanten ugi kosok balenipun, amargi ubarampenipun slametan “Neloni” kaliyan slametan “Nglimani” (Sebutanipun slametan wulan ka-5) punika sami, nggih punika takir plonthang ingkang dipunbitingi dom (ing Bangan Sragen takir conthong abiting jarum emas). Salajengipun wulan ka-7 tumrapipun warga ingkang taksih nglestarekaken kabudayan Jawi taksih sami slametan “tingkeban” kanthi upacara “siraman”.

Ciri khas wonten ing upacara siraman (calon ibu ingkang dipun sirami ngagem toya sekar), buceng (tumpeng) dipun kompliti kendhi pratola lan cengkir gadhing sajodho, sarta sapungkuripun sadeyan (dodol) “rujak” dhateng sanak kadang dalah tamu undangan.

Cengkir gadhing kasebut dipun gambari tokoh wayang, contonipun tokoh “Kamajaya-Dewi Ratih utawi Arjuna-Sembadra). Kanthi pangajeng-ajeng bilih bayi lair mijil kakung anggadhahi watak satriya kados Dewa Kamajaya, pinaringan pasuryan bagus kados Arjuna. Kosok wangsulipun bilih mijil pawestri anggadhahi karakter kados Dewi Ratih utawi Sembadra.

Wondene urut-urutanipun upacara “tingkeban” ing antaranipun nggih punika: pambuka, sungkeman, ngracik toya, donga pamuji, siraman, mecah kendhi pratola, magas sukerta, glundhungan, mantes busana, angrem, magas tumpeng, rujak uyub lan ngaburaken ayam.

Perlu kawuningan, upacara adat pribadi inggih punika upacara tradhisi ingkang dipun tindakaken kanthi pribadi ingkang tebanipun boten wajar. Wosipun ugi sami kaliyan ingkang dipun tindakaken upacara adat masyarakat, babagan wekdal panindakipun ubarampe utawi srananipun saha donganipun, menggah papan upacara adat pribadhi wonten dalemipun piyambak-piyambak. Tumrap ingkang dereng kagungan dalem piyambak saged dipun tindakaken wonten dalemipun tiyang sepuhipun (daleme tiyang sepuhipun calon bapa ibune si jabang bayi).

Ing LSW (PS No. 46) kadang Tuti Joko Pramono saking Bangan Sragen nyuwun prisa bab tingkeban/pitonan kandhutan. Pitakonan-pitakonipun inggih punika: (1) menawi mitoni menika leresipun wonten panggenan manten jaler, menapa wonten panggenanipun manten estri? (2) umur kandhutan pinten wulan? (3) bancakan ingkang kedah dipunwadhahi takir conthong abiting jarum emas, lan (4) sajen-sajen kanggo siraman punika napa kedah pepak?

Miturut panemune penulis, mitoni wonten pundi-pundi sae (maksudipun leres, boten salah). Lha ingkang boten sae menika ingkang mboten dipitoni, lajeng anggenipun mitoni prayoganipun sampun ngantos langkung pitung wulan (maksudipun kandhutanipun langkung pitung wulan). Amargi yen ngantos langkung pitung wulan, sok-sok sampun dipundhisiki si jabang bayi lari. Wondene bab bancakan kedah dipunwadhahi takir conthong abiting jarum emas menapa bonten lan sesaji damel siraman kedah pepak menapa boten? Menika gumantung keyakinan lan kemareman.

Maksudipun, menawi boten pepak kok boten marem, prayoginipun inggih dipun pepaki. Wondene menawi boten pepak kok sampun marem, boten dipunpepaki inggih boten menapa-menapa.

(Budiono MG)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora bisa ngajeni, mula aja tau ngina.

Klik

KENYA MAIN TONG SETAN

Pemain tong setan biyasane wong lanang, nanging ing kene sing main sawijining wanita yakuwi kang jenenge Karmila Purba. Kenya umur 18 taun asal Pematang Siantar, Sumatra Utara iki cukup kondhang ora mung ing Indonesia, nanging uga ing donya. Iki gara-garane merga aksine diliput dening media asing yakuwi Guardian lan Metro. (d/ist)***

Pethilan

Presiden mundhut motor Royal Enfield Bullet 350 cc

Dadi kelingan esemka…

Tata kelola anggaran olahraga ala

Sabandhing lurus karo prestasine

Kabeh calon kepala daerah nyerahake LHKPN

Perkara datane bener apa ora uru­san mburi