Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (10)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 64 kali

13. Ruang tanpa hawa lan gravitasi

Ing babagan iki Allah wus kepareng paring pituduh binukane ati manungsa sing iman lan manungsa kang kafir. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mak­sude: “Mangka sapa bae wonge kang kepareng dikersakake dening Allah, bakal pinaringan hidayah (pi­tuduh). PanjenengaNe bakal njem­bar­ake dhadhane wong iku, kanggo nampa (narima) wulangan Agama Is­lam. Lan sok sapa bae sing kepa­reng dikersakake sasar dening Allah sinasarake. PanjenengaNe mes­thi ndamel dhadhane wong iku ba­nget rupeke lan sesege, kaya-kaya wong mau didhawuhi munggah me­nyang Langit. Mangkono iku Allah ndamel jembar apa ing atine wong kang padha iman.” (Q.S.Al-An’aam (6):125).

Maksud kang kinandhut ana ing ayat kasebut, mujudake fenomena (swasana) atine manungsa sing iman marang Allah, dalah wong kafir anggone nampa hidayah saka ngarsaning Allah. Kaelok­aning Al-Qur’an wus nggawe analogi (qiyasan) kanthi sawijining kasunyatan ilmiyah. Iku, pawongan sing dhadhane  krasa seseg sarta angel anggone ambe­gan, amarga munggah (mendaki) ing papan kang dhuwur (Langit), iku babar pisan durung bisa diterangake dening ilmu-ilmu pengetahuan manungsa sing urip nalika ayat kasebut diturunake. Ma­lah informasi ilmiyah iku lagi bae bisa diterangake dening ilmu pengetahuan ing abad 20 iki.

Perlu dimangerteni, manawa seba­gian hawa (udara) sing dumunung ana ing lapisan atmosfer, sing kahanane ce­dhak karo lumahing Bumi, nganti watara 5 km, ing ndhuwure (permukaan) Sega­ra. Dene komposisi hawa iku dumadi saka nitrogen 78%, oksigen 21%, argon 0,93 %, karbon dioksida 0,38%. Lha nitrogen lan oksigen iku mujudake gas sing banget dibutuhake dening makhluk urip kanggo ambegan. Dene volume keka­rone (nitrogen lan oksigen) sing akeh du­munung ana ing lapisan atmosfer sing paling cedhak karo lumahing Bumi. Saya mendhuwur, volumene saya suda, sa­eng­ga babar pisan ora ana maneh, sing njalari sawijining pawongan ora bisa am­began (ruang hampa udara).

Lha hiya, kasunyatan ilmiyah sing wus disebutake dening Al-Qur’an 14 abad sing kepungkur iku, pranyata ora mung ndarbeni sesambungan karo pernafas­ane manungsa, nanging uga dadi salah sawijining faktor (kasunyatan) mirung­gan (penting) sing njalari Planet-planet Akasa, kaya ta Srengenge sarta Rembu­lan lan Bumi tetep bisa lumaku lan mider-mider (beredar dan bergerak), gilir-gu­manti ngorbit siji lan sijine, ing swasana orbit kang ajeg (rutin), sarta ing dalem kecepetan kang ajeg uga. Mangkono Rahmate Allah kang wus kepareng ka­paringake dening Allah marang manung­sa kang dumunung ana ing lumahing Bumi. (Subhanallah).

Kejaba saka iku, Allah uga wus kepa­reng ngeker (nahan) Langit sarta Bumi supaya ora sirna, mangkene maksud dha­wuhe Allah:

“Satemene Allah wus kepareng ngeker (nahan) Langit lan Bumi su­paya ora gingsir (lenyap). (Lha) sa­mungguha sakarone iku gingsir (le­nyap), sayekti ora ana siji-sijia sa­liyane Allah kang bisa ngeker. Sa­nyata PanjenengaNe iku Dzat kang Maha Aris lan Maha Ngapura.” (Q.S.Faa­thir (355:41).

Salah sawijining kasunyatan Rah­mate Allah iku tumraping manungsa, Allah wus kepareng Hanyipta daya gra­vitasi, sing njalari sekabehing  samuba­rang kang diumbulake menyang ndhu­wur tansah tumiba ing lemah lan ora ngambang ana ing awang-awang utawa terus mumbul menyang Akasa. Hiya da­ya gravitasi iku uga sing njalari Planet-planet ing tata surya tetep lumaku mu­beng ana ing orbite.

Kajaba saka iku, mungguhing swa­sana (struktur) sing luwih gedhe saka tata surya, kaya dene galaksi, gugusan Lintang-lintang (Kluster), para ilmuwan padha ndarbeni panemu (pangira), ma­nawa daya gravitasi bae ora bakal kuwa­gang (mampu), ngadhepi (membuat) ga­laksi-galaksi lan gugusan Lintang-lintang sing Super lan lumaku (bergerak) ce­pet banget, iku tetep ana ing posisine dhewe-dhewe ing dalem sak Kluster, galaksi mau gilir-gumanti lumaku ngorbit antara siji lan sijine, kanthi kecepetan kang ngedab-edabi. Nuli tuwuh pitakon­an! Lha apa hiya sing njalari galaksi-ga­laksi mau tetep saling nahan ing dalem sawijining Kluster, sarta ora padha men­car? Mangkene keterangane :

Hiya iku watara ing taun 1930-an, para ilmuwan wus kelakon nyelidhiki, apa ta sing njalari swasana kasebut dadi seimbang, galaksi mau ora padha men­car?

Iki kabeh bisa uga, gravitasi mau fungsine (jejibahane) beda tumraping galaksi sing dumadi ing skala kosmis yen ditandhing karo gravitasi sing lumaku ana ing tata surya kita. Bisa uga ana ma­teri kang sinandi (peteng) sing njurung kinerjane gravitasi, saengga ndarbeni kekuwatan tikel kaping limane luwih ge­dhe katimbang ing swasana normal. Wus ana bukti kang nyata, babagan materi peteng (gelap) mau, yaiku kanthi migu­nakake piranti kang canggih sing karan teleskop Hubble.

(Subhanallah, Rahmate Allah mura­kabi marang Jagad Raya iki).

 

14. Anjaga marang keseimbangan

Dhawuhe Allah ing babagan iki ne­rangake, mangkene maksude:

“Lan yekti Ingsun wus kepareng ngutus marang para utusanIngsun, padha ngampil ayat kaagungan kang pratela, sarta Ingsun wus kepareng ngantheni Kitab Suci, sarta timba­ng­an adil, supaya para manungsa enggal padha netepi kalawan adil. Lan maneh Ingsun wus kepareng nurunake wesi kang ndarbeni kekuwatan gedhe (rosa) tur akeh paedahe marang para ma­nungsa. Allah bakal kepareng Nguni­ngani marang wong kang nulungi Aga­ma­Ne Allah. Lan para ndika utusaNe, kalawan pitaya ing janjine Allah kang  isih ghaib. Sanyata Allah iku kagungan kekuwatan lan Kamenangan.” (Q.S.Al- Hadid (57):25).

Maksud ayat kang katur ing ndhuwur nerangake, manawa timbangan ing ke­ne, tegese undhang-undhang utawa atu­ran kanggo nuntun marang sikepe ma­nungsa supaya tumindak kang adil. Lha gegandhengan karo ciniptane Langit lan ndhuwuraKe iku, Allah wus kepareng ne­tepake hukum-hukum Alam sing adil, kang­go ngayomi panguripan ing Bumi su­paya lestari lan tumata kanthi becik. Mula saka iku kabeh samubarang wus cinipta kanthi maton lan mantep, kanthi etungan kang akurat (bener lan pener). Mula cetha banget ora pantes, manawa swasana kang tumata seimbang (ing da­lem keseimbangan) ing Jagad Raya iku dirusak dening manungsa kang ora ndar­beni ati nurani.

Swasana utawa fenomena kang ka­tur ing Q.S.Ar-Rahman (55):9) kasebut ing ndhuwur, nerangake: “Lan sira pa­dha ngetrepna adil ing timbangan, lan aja sira kurangi.” Pangajap iku mi­gunakake tembung “aqiimuu (sira padha ngetrepna), iku ciplek (padha) karo sing kepareng dikersakake dening Allah ing da­lem perintah ngedegake shalat. (Q.S.Al-Baqarah (2):43). Miturut Sayyid Thanthawy nerangake, manawa dha­wuh (perintah) iku ngandhut maksud nin­dakake sawijining perintah kanthi cara kang bagus sarta sampurna. Tegese, nin­dakake ibadah shalat iku kanthi khu­syu’, ajeg sarta  tepat wektu (ashsha­laatu fii waktiha). Kanthi mangkono nja­ga keseimbangan Alam (Jagad Raya) iku, diajap pindha nindakake upaya ka­didene nindakake dhawuh shalat limang wektu iku. Mangkono Rahmate Allah ing dalem njaga keseimbangan Jagad Raya iki. (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…