Wayah sore Kaki Bawor jagongan nang
risban ngarep umah, medang kopi lawuhe balokan, sinambi rengeng-rengeng,
ngeling-eling sulukan wayang Banyumasan. “Jleg tumurun saking tepasana, ngagem
gamparanira gadhing... Mayar-mayar kanthi winambuh. Busana sutra maneka...
Lungsir balungsir kuning. Jamang, tundha tiga... Tah-utahan sinangga praba.
Sang nata tindaknya alon..., o...”
Mas Gathot tangga nunggal RT sing
bukak warung internet nang pinggir gili gedhe, ngrungokna karo gedheg-gedheg
mandan gumun, jane gole teka kawit mau, sidane alok, “Wah jan, ora ngira nek
ramane teyeng suluk maen pisan. Miki suluk cara ngendi, ramane? Inyong kayong
nembe krungu.”
“Eh, kowe,Thot? Gawe kaget bae lhuh.
Maen kepriwe? Anu suwarane wong tuwa, ya akeh blerone. Inyong agi ngemut -emut
sulukan gagrag Banyumasan, sing gemiyen tau disusun nang para dhalang asal
tlatah Banyumas,” saurane Kaki Bawor, karo ngakon mas Gathot supaya lungguh
nang risbane.
“O, dadi miki kuwe agi nembangaken
suluk Banyumasan, yah Ramane? Inyong nembe tau krungu kiye,” ujare mas Gathot
karo mapan njagong. “Kayonge dhalang-dhalang nom saiki ora tau suluk sing kaya
kuwe lhuh.”
Kaki Bawor ngunjal ambegan, “Lha, ya
kuwe sing marakaken inyong prihatin. Padhahal nggo nyusun Pathokan Pedhalangan
gagrag Banyumasan kuwe gemiyen, nang antarane tahun wolung puluhan, wis mesthi
nganggo meres pikiran, tenaga lan biyaya sing ora sethithik. Nek ora salah
gemiyen sing nangani sekang Yayasan Senawangi, pimpinane almarhum Bapak Brigjen
Supartono Brotosuhendro. Direwangi para dhalang lan pengurus Ganasidi sekang
Kabupaten Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas lan Cilacap. Akeh dhalang sepuh
sing saiki racake wis padha almarhum, kayata Ki Suyud sekang Somagedhe, Ki
Surono karo Ki Nyana sekang Banjarnegara, Ki Taram Tarjoharsono lan Ki Tjipto
sekang Kroya, Ki Sugir sekang Bangsa Kebasen, Ki Sugito Purbocarito lan Ki
Sugino Siswocarito sekang Purwokerto, karo isih akeh maning liyane.”
“Iya, yah. Jane dadi kuwajibane
inyong kabeh sing kudune nguri–uri. Utamane para seniman dhalang sing ana nang
wilayah Banyumas sekukuban. Kayong wingi durung suwe inyong tau maca nang
Internet, nek tanggal 7 Nopember kuwe ditetepaken dadi Hari Wayang Dunia. Kuwe
anu kepriwe, Ramane?” mas Gathot gole takon karo nyomot balokan.
“Hari Wayang Dunia kuwe
didheklarasekaken taun 2016 nang ISI Surakarta, dhasare anane pengukuhan wayang
minangka warisan utawa masterpiece Kebudayaan Donya sekang sidange UNESCO nang
Paris Perancis, nalikane tanggal 7 Nopember 2003,” wangsulane Kaki Bawor.
“O.
mulane tanggal 7 Nopember terus ditetepaken dadi Hari Wayang Dunia. Ya inyong
mudheng saiki.” Mas Gathot gole nanggapi karo menyat. “Inyong gole maring
ngeneh jane mung arep ngemutaken, mengko wengi bar ngisa aja klalen, kumpulan
RT nang omahe inyong. Gandheng wis sore, inyong pamit, Ramane.” Klilan.
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.