Wayah bakda ngisak, Saimit teka neng
omahe Karmijan. Isih kambi nyendhekake sepedha ing cagak emper dheweke wis undang-undang
sing duwe omah. Kabener wektu iku Karmijan lagi enak-enak teturon neng bangku
karo nglaras wirama gendhing-gendhing Palaran saka radhio.
Bareng krungu swarane Saimit, Karmijan terus
krengkangan tangi lan mbagekake sing mara dhayoh.
“Wah, kok lehe ayem. Lagi yah mene wis teturon karo
ngematake gendhing-gendhing Palaran garapan Condhong Raose Ki Narto Sabdo”,
cluluke Saimit glendhang-glendheng banjur ajak-ajak, “Mumpung padhang mbulan,
ayo dha njala ae!”
“Ra ngerti petung, kowe iki!” Sumambunge Karmijan
ngemu pameleh. “Iki mau rak naas sasi Tali Wangke. Wong iki dina Jumuwah Wage
sasi Apit.”
“Walah, nek nggatekne petungan, menungsa ya ra kober
ngrembyah. Sing ika, sing iki!” Saimit mbantah. “Hayo nek ana wong kacilakan
megap-megap mangka kabener dina naas, apa kudu ngenteni dina sesuke lagi entuk
digawa nyang rumah sakit? Mengko rak malah kedlarung mati no!”
Karmijan njegreg. Saimit mbacutake omong, “Petung ya
petung, Jan. ning kudu pilah, nek kanggo wong duwe gawe mantu, sunatan,
tingkeban, ngedegake omah utawa nenandur ya samesthine nek nganggo petung.
Ning upama nyambut gawe kanggo butuh urip padinan, petunge ya angger awak
waras. Kejaba saka kuwi nek kanggo bab-bab sing sipate dharurat.”
Embuh bener embuh luput, kojahe Saimit kuwawa ngowahi
nalar pangertene Karmijan. Petunge, waton dheweke madhep mantep olehe percaya
marang panguwasane Kang Gawe Urip. Mula temahane dheweke kaya kebo dikeluhi,
manut marang karepe Saimit.
“Njur nyang endi lehe njala?”
“Neng Kedhung Singkal, Kidul Umbul Tambar, Godo. Iwake
kutuk salengen-lengen lan wader cathule gedhe-gedhe,” pratelane Saimit
ngyakinake.
Pancen Saimit
lan Karmijan iku kaya tumbu entuk tutup. Duwe hobi padha, seneng njala. Kejaba
kanggo lawuh dhewe, iwak entuk-entukane asring didum-dumake marang tangga
teparo lan sanak wedrah. Saengga uripe ing tengah bebrayan bisa sumrambah, ora
duwe kasepen. Jalaran dumadine rasa kasepen iku merga menungsa luwih seneng
mbangun tembok tinimbang gawe kreteg panguripan, kreteg panguripan kang bisa
dadi sarana sesambungan lan sesama.
Rampung cepak-cepak, jala, kepis, aki cilik lan senter
kang diterapake neng bathuk, Karmijan terus pamit sing wedok lan gageyan
ngetokake sepedha. Wekasane wong loro nunggal klangenan kasebut banjur bablas
tumuju Desa Godo kang yen dilakoni kanthi numpak sepedha udakara sakjam.
Tekan Desa
Godo senajan lagi jam sanga nanging wis ketok…………
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.