Kasudibyane kang Namur Laku
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 299 kali

Bengine, si tamu gedabigan miring ngiwa nengen. Pikirane mrana-mrene, sedhela menyang Sri Banun woding ati, sedhela wis gumanti marang Sri Wening putune Mbah Darmo, sedhela wis tekan bab kang isih kudu dituntasake. Merga bab kang wigati banget tur winadi sing ngerti mung kang aweh prentah nandangi ayahan  mau lan si tamu iku dhewe.

Ewasemono sanggane batin kang ora kalah abote yaiku marang Sri Banun. Bener Sri Banun uga ngim­bangi tresna tuluse, nanging apa iya dheweke bisa nggayuh lintang kang kumerlip ing akasa kuwi? Dheweke ngrumangsani mung kadidene wong kang cebol kang ora duwe dedeg paribasane, saengga tangeh lamun bisa nggayuh lintang.

Saupama gagal methik Sri Banun banjur ganti ngepek Sri Wening, tamu mau wis trima. Kepara dhapur kebeneran awit drajate setimbang. Nanging apa Mbah Darmo lila putune sing sulistya iku dirabi priya kang ora cetha mungguh asal-usul sarta jati dhirine? Ah, suwir-suwir godhonge juwet, dipikir-pikir kok saya mumet.

Saupama dheweke nekad nembung marang Mbah Darmo kepengin mengku Sri Wening lan dening Mbah Darmo diolehi, lha sateruse banjur kepriye? Wong saiki lagi darbe sesanggeman wigati sing durung rampung. Bisa-bisa dheweke kesrimpet tapihe wanita, bakal oleh deduka, malah bisa uga dipocot kalungguhane minangka prajurit kraton awit atine kaanggep ringkih. Harak eman-eman banget. Tur maneh bakal kucem jenenge kanggo salawase.

Nanging minangka manungsa lumrah wis kinodrat manungsa nduweni hak andon katresnan marang lawan jinise, nduweni hak kanggo mangun balewisma kanggo mecaki panguripan salawase ana alam ndonya iki. Ah, ora beda mangan woh simalakama. Yen dipangan biyunge sing mati, nanging yen ora dipangan bapake sing mati. Sarwa repot menawa diterjang. Saking kesele mikir mrana mikir mrene, suwe-suwe dheweke keturon.

Sauntara kuwi Mbah Darmo ing senthong sisihe uga kena dayane pikiran ngalor ngidul, ngentha-entha  arep ngrekadaya kepriye amrih sumber tiban kang ora liya saka pitulungane tamune kang nyalawadi kuwi kanggo ngileni pasawahan ing padesan kono kabeh. Mbah Darmo duwe rancangan ngerigake wong sadesa gugur gunung, tumandang bebarengan.

Nanging saking kang dadi underane pikirane ora liya Sri Wening. Ndeleng umure wis pantes menawa Sri Wening omah-omah. Apa merga saka Sri Wening ora tau lunga saka ngomah apa piye kok engga seprene durung ana sing nakokake. Mbokmenawa anane ora ana jejaka sing wani nyedhaki merga duwe rasa sungkan marang Mbah Darmo kang dianggep sesepuhe desa kono. Selagine anake prangkat desa bae menawa lagi liwat ngarep omahe Mbah Darmo wanine uga mung mesem karo manthuk.

Sri Wening dhewe pancen klebu bocah kang…………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih