Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (9)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 52 kali

Kanthi mangkono, lelandhesan karo keterangan  ing Al-Qur’an, sebagean ilmu­wan Muslim ana kang ndarbeni panemu, manawa Langit iku ana rong werna, yaiku Langit kang cedhak lan Langit kang adoh. Langit kang cedhak, yaiku Langit Donya kang bisa dinulu. Dene Langit sing adoh, yaiku Langit sing ora bisa dinulu. Hiya iku sing karan Langit ghaib.

Sebab Al-Qur’an sarta Hadits-hadits shahih uga asung keterangan, manawa Arasy ana ing Langit. Dene para Malaikat, yaiku makhluk Allah sing mapan ana ing Langit. Kajaba saka iku, perlu diaturake jejibahan (fungsi) Langit sarta lapisan-lapisane, yaiku Langit  sap pitu. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Nuli Panjenenane  kepareng mutus nitahake Langit pitung sap ana ing wektu sajeroning rong dina, sarta paring wahyu, pituduh marang sa­ben-saben Langit mau. Lan Ingsun wus kepareng maesi (ngrenggani)  Langiting Donya kalawan Lintang-lintang kaya dene damar, minangka pangreksa. Kaya mangkono iku wus dadi papesthening Allah Dzat kang Maha Mulya tur Maha Wikan.” (Q.S. Fushshilat (41):12).

Para ilmuwan Muslim, ing dalem  naf­siri Langit sap pitu, ana rong golongan, yaiku:

(a).Golongan kapisan nerangake, ma­nawa sing dimaksud ayat kasebut ana ing ndhuwur, yaiku Langit ghaib, pindha apa sing wus diterangake dening Hadits Shahih sing nerangake swasana (fenomena) isra’ mi’raj.

(b).Golongan kapindho nerangake, manawa sing dimaksud Langit sap pitu ing ayat kasebut, yaiku Langit kang nyata, sing bisa dinulu (diamati) sarta ditaliti dening ilmu pengetahuan, kanthi pawadan (ar­gumentasi) Langit kasebut tansah bina­rung, dipaesi (rinengga) dening Lintang-lintang saka keparenging Allah, kadi dene informasi ing Al-Qur’an kasebut ing ndhu­wur (Q.S.Fushshilat (41):12).

Yaiku sing njlentrehake, manawa Langit iku, Langit sing nyata, kang kasat mata kang rinengga, dipaesi dening Lintang-lintang ing wektu wengi. Kajaba saka iku uga nerangake babagan Langit sap pitu, ayat kasebut uga nerangake, yen ing saben-saben Langit ndarbeni jejibahan (fungsi) tinamtu. Babagan iki kinandhut ana ing makna “lan saben-saben Langit” Allah, Panjenengane paring wahyu ing urusan saben-saben Langit. Dene jejiba­han saben-saben lapisan, becik Langit sing ghaib utawa Langit sing nyata, wus kepa­reng katemtokake dening Allah, wiwit Langit iku cinipta. Dene lafadz “hifdzan (pangreksa” Sayyid Thanthawi nafsir­ake, makna tembung kasebut, yaiku mak­nane: Ingsun karsa njaga (Langit sap pitu  iku) supaya ora campur, obah (goyah) lan rontog (runtuh).

Lelandhesan karo sawatara penafsiran dening para Ulama sarta ilmuwan Muslim, makna pangreksa, becik tumraping Langit ghaib utawa Langit sing nyata

Mufassir Ibnu Katsir nerangake, ma­nawa pangreksa ing kene (demensi ghaib) yaiku panjaga saka syetan sing ngudi bakal nyolong (ngrungokake) infomasi saka La­ngit. Dene makna pangreksa marang La­ngit kang nyata, yaiku lapisan-lapisan Langit iku ngayomi unsur-unsur kang wi­gati, kaya ta oksigen, lan uap banyu sing banget diperlokake kanggo panguripan, tetep ana ing lumahing Bumi sarta ora ilang menyang njabaning Akasa, sarta ngayomi lumahing Bumi aja nganti ketiban wewatuan lan awu (debu) meteorit kang banget mbebayani tumraping panguripan ing lumahing Bumi. (Subhanallah).Kaya mangkono keajaiban kakuwasaning Allah. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Satemene ana ing bab gilir-gu­mantine lan beda -bedane rina kala­wan wengi, sarta sabarang (samuba­rang) kabeh kang kepareng dititaha­ke dening Allah ing Langit lan ing Bumi iku, temen dadi tandha yekti tumrap kaum kang padha taqwa marang Allah.” (Q.S.Yunus (10):6).

 

12. Daya lan lumakune.

Daya lan lumakune rina kalawan wengi sarta lumakune Rawikara lan Ratih (Sre­ngenge lan Rembulan), ing babagan iki Al­lah wus kepareng paring dhawuh, mang­kene maksude: “Lan Panjenengane wus kepareng nitahake rina kalawan wengi, Srengenge lan Rembulan. Kabeh padha lumaku mider-mider tur rikat ana ing dalane.” (Q.S.Al-Anbi­yaa (21):33). Mangerteni lan mahami maksud kang kinandhut ana ing ayat kasebut, Mufassir kondhang Ibnu Katsir, sarujuk karo Ibnu Abbas, sing nerangake, manawa maksud lumaku mider-mider (yasbahuun) ing ayat kasebut, kanthi nggawe sanepan (supaya cetha), yaiku mutere benang ing piranti tenun (pintalan benang tenun). Mangkene jlentrehe: “Piranti kanggo ngu­kel benang tenun iku dumadi saka rodha loro, yaiku rodha gedhe lan rodha cilik, sing digandhengake karo rante saka karet utawa tali. Rodha sing gedhe ndarbeni jejibahan (fungsi) kanggo muter mubenge benang sing dipapanake ana ing sumbu rodha cilik. Lha lelandhesan karo bukti  Arkeologi piranti kasebut, sing wus digu­nakake dening manungsa watara 20.000 taun kepungkur, Ibnu Abbas (mufassir) ngiyasake (menganalogikan) lumakune Srengenge lan Rembulan iku pindha lu­makune sumbu rodha piranti ngukel benang kasebut.

Gemblenge, kajaba gerak mubeng Sengenge lan Rembulan uga mubeng ana ing porose dhewe-dhewe. Kanthi mang­kono nuduhake marang kita, manawa kaum Muslimin nalika wektu Al-Qur’an diturunake (nuzul) wus mangerteni lan mahami, manawa Srengenge lan Rembu­lan sing mlaku mubeng ana ing porose, nanging sekabehing Planet kang dumu­nung ana ing Akasa, iku uga mlaku mubeng ing porose dhewe-dhewe, ing sajeroning swasana seimbang. Iki kabeh krana saben Planet (benda Angkasa) ndarbeni daya gravitasi. Yen dinalar, gerakan (lumakune mubeng mider-mider) sekabehing Planet, utamane Srengenge lan Rembulan, iku mujudake tandha yekti Rahmate Allah, tumraping makhluk urip ing salumahing Bumi. Jlentrehe, saben esuk Srengenge njedhul (terbit) sisih Wetan lan surub ing sisih Kulon, iku mujudake fenomena utawa swasana sing ajeg, lan tetep lumaku terus-terusan saben dinane, ora ana owah-owah­an babar pisan. Kanthi mangkono manungsa bisa mahami, yen gerakan Bumi, Rembulan, Srengenge, Planet-pla­net, Lintang-lintang sarta sekabehing sa­mubarang (benda) ing Jagad Raya iki dia­tur dening katemtuan kang wus kepa­reng ketetepake dening Allah Dzat kang Maha Hanyipta, sarana gaya lan gerak.

Hiya krana katemtuan kasebut sipate ajeg sarta ora ana owah-owahan, saengga  manungsa bisa ndeduga (memperkirakan), yen samubarang kang dumadi iku diken­dhaleni dening kekuwatan, yaiku sing ka­wong karan Gravitasi lan Inersia. Hiya Iner­sia iku sing ngatur samubarang supaya te­tep lumaku miturut garis lurus sarta ke­cepatan kang ajeg.

Mangkene jlentrehe: Samubarang kang njaga Planet-planet kang dumunung ana ing sakiwa tengene Srengenge, tetep lumaku ana ing garis orbite, iku mujudake keseimbangan antara gaya tolak gravitasi lan inersia. Gravitasi Srengenge narik Pla­net tumuju ing arah Srengenge. Dene iner­sia njaga Planet tetep dumunung ana garis edhare, sing awangun (berbentuk) elip. Iki mono maknane planet mau lumaku ngu­bengi Srengenge, ana ing garis kang awa­ngun oval. Dene Srengenge persis ana ing garis oval iku. Mangkono Rahmat kang wus kepareng kaparingake marang Srengenge lan Rembulan, sa­engga dumadine rina lan wengi, kang dar­be manfa’at marang kebu­tuhan pangurip­aning manungsa sarta makhluk liyane ing salumahing Bumi iki (Subhanallah). (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…