Ora Bisa Maca
Taun 1960 aku sekolah ana Salatiga
dilajo, menyang mulih numpak bis Esto. Saka ngomah tekan stasiun 4 km. dadi
mangkat ya kudu mlaku 4 km, mulih ya mlaku maneh 4 km, sebab bise mung tekan
stasiun.
Dina iku pas dina Selasa, mulih rada gasik marga
guru-guru arep dha takziah, aku cepet-cepet gendring tekan stanplat Salatiga,
karepku cepet bali, soale selak luwe. Jebul bisa dudu bis langganan nanging bis
liya, bis Naga. Pancen bis ana loro Esto karo Naga. Karo ngenteni aku lungguh
bangku, jejerku lungguh mak-mak kira-kira umur 45 th. Sajake ya wong desa kaya
aku, karo mangku kandhi isi blanjan, ketoke pikirane agek rada bingung. Karo
mepet lungguhku dheweke takon.
“Wangsul sekolah nak?”
“Nggih, niki nengga bis.”
“Anu, badhe nyuwun tulung. Cobi mang pilihke serta
gandheng niki, wau kula king gadhean, nggadhekke werni sekawan. Sing pundi sing
gadhen dandang tembaga, soale niki titipan.”
Layang gadhen 4 dak tampani, dak waca dak wolak-walik
kok angel macane. Suwe ora ketemu-ketemu sing endi layang dandang.
“Pripun pun temu? Kok dangu men, boten saged maos
nggih!”
Aku rada glagepan olehku arep semaur, pancen ya ora
bisa maca tenan.
“Wah, mak nyuwun pangapunten mboten saged maos.”
“Lho jare cah sekolah, kathik ora isa maca.”
“Cah wis gedhe ngono kok isih bodho urung isa maca.”
Walah isinku ora jamak, arep dak genahake pancen
tulisane angel diwaca. Ning wonge isih grememeng terus, aku terus ngalih nggon
lan untung bisku teka. Ngimpi apa aku mau bengi, apes temen bali sekolah selak
luwe arep jajan ora duwe dhuwit. Dipaido wong marga ora bisa maca. Ayake pada
karo tulisan nggon resep obat kae, apik tulisane ning susah diwaca. Apa tumon (Suprapti-Bringin)
Oh Angin…Angin
Kedadeyan iki wis pirang-pirang taun
kepungkur, ibu-ibu jaman biyen dak akoni tenan. Sing jenenge ngunjuk jamu Jawa
pancen dipenake tenanan, malah ana sing ngagem tatanan Senen Kamis beras
kencur, Selasa Jum’at kunir asem, Rebo Sabtu temulawak, Minggu prei.
Mangkono uga Ibu maratuwa karo Bulik ya sregep ngunjuk
jamu saliyane nginang. Pas dina Minggu Ibu karo Bulik padha arep tindhak
menyang pasar, blanja, nitih becak. Kahanan tarwaca ya rada ora pati kepenak
angine sumilir, nanging sok-sok rada banter. Bareng becak meh tekan jeplakan
sepur, dumadakan angine rada banter tenan, saengga topi sing dianggo pak becak
kabur, sanajan ora adoh.
Becak anggone mandheg ya ndadak, amarga selak arep
nututi topi mau banjur diculake. Tan kocapa Ibu karo Bulik padha cingak,
lenggah sakloron ora ana sing nggondheli ya ndilalah pisan becake mengo
mangiwa, kamangka bobote Ibu kuwi ping pindhone Bulik, ya ginuk-ginuk ngana
kae. Pungkasane becake tibake miring, sendhen neng aspal.
Wong-wong sing ana sacedhake kono ya padha
bengok-bengok
- Piye ta
pak-pak lha kok becake ditinggal ta
- Nggih
sepuntene mawon kula nggih mboten sengaja nilarake niki wau kula nggih dadakan
mboten sadhar.
Becak tumuli dijejegake maneh, ibu karo Bulik tetep
lenggah kruntelan nanging ora padha tiba. Alhamdulillah… banjur tumuli dionthel
maneh becake tumuju pasar. Ibu karo Bulik ora sambat apa-apa, tetep mesem sehat
amarga tansah sregep ngunjuk jamu. (Is Hastuti-Madiun)
Kewan Alas Metu Kabeh
Jam sepuluh mbengi aku sak kanca nganggo
mobil kijang metu saka terminal wisata gunung Kemukus. Ana ndalan di stop
piyayi putri, arep nunut tekan Bawen. Dheweke lungguh ana tengah antarane aku
karo kancaku P.
Pancen blater, sedalan dalan ana wae sing diceritakake
apamaneh jejer karo wanita mau olehe cerita dadi luwih semangat, tekan Bawen
mudhun arep mulih Semarang karo dha…dha… lan matur nuwun.
P kanda jare paling beja, tangane dheweke
ngemek-ngemek pupuku, diwarahi ngono aku ya males ngelus-elus pupune, kala-kala
nyenggol nggon nganu barang.
Kanca sakmobil ngguyu bareng, P olehe cerita mau
semangat banget dene aku olehe ngguyu kepingkel pingkel nganti mrebes mili.
Bareng olehe guyon wis rada sauntara aku wis ora tahan
ngempet guyu “P sakjane sing ngelus ngelus pupumu kae dudu dheweke ning aku”
Kontan sak mobil ngguyu bareng, mung P sing muni-muni
kewan alas metu kabeh. Ha ha ha. (Gatot Purwadi-Sapuran)
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.