Lungguh kang Ewuh (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 797 kali

Wancine meh jam telu sore. Nanging bise durung rampung anggone masang ban. Martini wiwit goreh. Wewayangane Jat­miko saya ngegla, uga kedadeyan sing njalari dheweke kepeksa pepisahan karo anak lanange kuwi.

Keputusane Martini pegatan karo War­doyo njalari dheweke kudu pepisah­an karo anak mbarep. Yen kelingan kuwi kabeh Martini bali getem-getem marang War­doyo. Tresnane marang Wardoyo kang dilabuhi nganti direwangi wurung dadi guru saya ngropok atine. Apama­neh ja­man sing wis kaya ngene iki, se­ngara banget bisa diangkat dadi guru ne­gri, se­bab paling ora kudu lulusan sar­jana. Ka­mangka dheweke mung lulusan SPG. 

Sawise proses pegatane karo War­do­yo beres, Martini mulih ndesa ngiras ngopeni simboke sing wis tuwa. Martini amor saomah. Tegese, mangan lan turu me­lu simboke.  Awit sanadyan ing omah kuwi  ana adhine wadon kang aran Luky, nanging prekara mangan Luky wis mi­sah karo simboke, mandhiri bareng lan bojone kang nyambut gawe ana bengkel mobil. Dene Luky dari guru honorer ing TK swasta.

 Sanadyan ora nate kawetu, nanging atine Martini krasa menawa bubare rumah tanggane klawan Wardoyo iku oleh-olehe saka anggone ora nggugu marang pituture wong tuwa. Wirang isin karo sanak sedulure disangga saben ndina, awit rumangsa kleru anggone mi­lih Wardoyo minangka bojone.

Kanggo nyingkrihi klesak-klesike tang­ga teparo, Martini nglungani desane nggawa Kemuning sing wis SD. Ana kutha Martini oleh tepungan anyar, arane Mbok Mistun, duwe warung kopi ing cedhak Pasar Wage. Ing kono Martini njur rerewang dodolan wedang kopi. Satekane Martini, waru­nge Mbok Mistun mun­dhak rame. Nganti ana sing ngarani yen warung kuwi digolekake tumbal penglarisan. Na­nging sa­tenane larise warung mer­ga Martini grapyak anggone dodol. Dhasar rupane ora ngu­ciwani. Mula sing marung mrono akeh-akehe ya wong lanang.

 “Panjenengan tiyang enggal nggih, Mbak?” pri­ya kang jeneng Kusno, langganane Mbok Mitun, takon.

“Inggih, Pak,” wang­sulane Martini sing nalika semana isih rong ndina anggone rerewang Mbok Mitun.

 “Asli saking pundi?”

 “Tebih, Pak.”

 “Adoh? Adoh niku rak nggih wonten jenenge ku­tha napa ndesa napa kecamatan ngaten?”

Kusno sajak ana rasa kepranan. Jer Martini kuwi ayu. Mung­guhing Kusno Mar­tini ora pantes yen mung nyambut gawe ana warung kopi karo ngadhep jajanan goreng-gorengan. Luwih pantes menawa kerja ing restoran gedhe.

Jalaran saka pintere anggone ngri­muk, sidane Martini blaka ngenani asal-usule. Wiwit dina iku Kusno saya kerep tuku sarapan ana warunge Mbok Mistun. Malah suwe-suwe Kusno anggone me­nyang warunge Mbok Mistun ora mung wanci sarapan wae. Esuk, awan uga sore mangane Kusno pijer ana warung kuwi.

Kejaba pancen masakane kang mi­rasa lan rega kang………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ma­ngerteni anane watu cilik ing da­lan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula singkir­na… Sapa ngerti iku dadi sebab di­gangsarake da­lan­­mu nuju su­warga.

Klik

JEBAKAN PIKIRAN

Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***

Pethilan

Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor

Rukun agawe santosa crah agawe bu­brah.

Dibutuhake panggung interaksi kang toleran

Panggung kampanye malah ana in­toleran.

Korupsi mbegal karaharjane rakyat

Metu pakunjaran wae koruptor isih raharja.