Tanpa Tilas
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 451 kali

Lungguh lincak ing wayah sore pancen kepenak tenan. Mulih nyambut gawe awak krasa kesel, bareng wis ke­sampyuk semilire angin rasane da­di seger. Lungguhku takkepe­nak­ake sinambi ngeluk boyok karo nyawang kahanan ngarep omah. Weruh kendharaan sliwar-sliwer. Ana bocah cilik-cilik pada mlayu pa­ting jlerit gegojegan. Aku banjur ngungak mendhuwur, langit katon semburat kuning campur abang, pratandha srengenge meh angslup ing pangkuning jagad sisih kulon. Manuk-manuk padha mabur kine­teran ing akasa, arep mulih ing pa­pan paleremane. 

Sesawangan sing kaya mang­kono mau bisa nyuda pikiran sing lagi kesel. Sedina muput ora ana lerene. Rampung gaweyan siji, ga­weyan liyane wis ngenteni. Gawe­yan sing ngenteni ditandangi, ga­weyan sijine ngawe-awe. Prasasat ora ana enteke. Pikiran lan tenagaku bakal pulih yen wis krungu swara thik-thok liwat ngarep omah. Pak Min bakul bakmi karo nyurung rombonge mlaku alon saka kulon.

Sinambi nyurung rombong, tangan tengene nuthuki kenthongan cilik saka bonggol ori, thik –thok, thik-thok, thik-thik. Mripate jlalatan nyawang omah-omah sing diliwati, mbokmenawa ana pawong­an sing ngundang karo ngawe. Yen ora ana sing ngundang, jangkahe dibablaske nganti ngarep omahku, awit ing kono ana buk sing bisa kanggo lungguhan sapa wae.   Thik-thok, thik-thok, thik-thik. Senajan karo lungguhan ing buk tanganne Pak Min ora gelem meneng.

“Pak, Min!” alokku.

“O, njenengan teng mriku ta, Mas? Lha mboten sumerap, kaling-kalingan tanduran pot niku napa,” ujare. “Pripun, badhe ngersakaken bakmi?”

Aku menyat saka kursi, mlaku marani Pak Min. Lawang pager takbukak, aku lung­guh buk karo aba, “Godhog, kaya biyasane.”

“Nggih, Mas.”

Wis kaya padatan yen aku aba bakmi godhog, Pak Min gage nyandhak lading. Kanthi landhesan telenan banjur ngrajang lombok rawit cacah loro. Aku mesthi ngang­go rajangan lombok. Lombok iku kejaba nggo ngenakake rasa uga migu­nani kanggo nundhung masuk angin awit ing weteng krasa anget. Nanging yen ka­kehan lombok weteng bisa  panas saeng­ga ndadekake diare. Yen diare ora mam­pet, ya kudu mlayu menyang rumah sakit.

Pak Min padha karo aku. Padha-padha wong neneka, adu nasib ing kutha kene sing jarene nggon dhuwit. Senajan nggon dhuwit nanging yen ora nyambutgawe ya kelakon ora mangan tenan. Bedane, Pak Min wis omah-omah lan duwe anak siji. Dene aku isih legan, durung wani mikir cilike sir-siran gedhene bojo. Aku lagi nyrempeng ngoyak karier. Mengko yen wis diwenehi kursi empuk lagi wiwit mikirake omah-omah.

Pak Min crita yen omahe…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ma­ngerteni anane watu cilik ing da­lan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula singkir­na… Sapa ngerti iku dadi sebab di­gangsarake da­lan­­mu nuju su­warga.

Klik

JEBAKAN PIKIRAN

Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***

Pethilan

Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor

Rukun agawe santosa crah agawe bu­brah.

Dibutuhake panggung interaksi kang toleran

Panggung kampanye malah ana in­toleran.

Korupsi mbegal karaharjane rakyat

Metu pakunjaran wae koruptor isih raharja.