Kasudibyane kang Namur Laku (14)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 257 kali

Jenang gula dilali-lali saya ngalela, mripat direm-remake meksa ora bisa turu. Merga kang katon ana ngarepe mung wewayangane Sri Banun. Dumadakan lap, wewaya­ngane Sri Banun ilang saka pandulu, gumanti wewayangane kenya putune Mbah Darmo kang datan slewah kala­wan Sri Banun. Kuwi kang dirasakake tamune Mbah Darmo nalika arep mi­witi turu ing senthong cilik. Wong le­laku kuwi krasan cumondhok ing omahe Mbah Darmo awit bisa sinambi nyawang putune Mbah Darmo kang ayu merak ati. Kanggo sawetara wek­tu dheweke lali marang ayahan kang disangkul saka gurune, yaiku golek sisik melik prakara kang winadi.

Nanging bawane satriyatama, bab mau mung sedhela kelakone. Dhe­weke banjur eling marang jejibahane kang ora kena dilirwakake, yakuwi tan­sah nyebar kabecikan, tetulung ma­rang kang nandhang kesusahan lan ora kendhat gawe senenge liyan. Aja pisan-pisan nganti ketliweng dening urusan liya kang bisa njugarake ang­gone nindakake jejibahan kasebut. Mu­la dheweke enggal-enggal ngipat­ake wewayangane wanita loro mau, nyarehake rasane, nganti wekasane bisa turu angler.

Antarane jam loro bengi kaya ana sing gugah-gugah. Dheweke tangi ce­kekal. Patrap sila ngedhepes, mripat merem, pikiran dipunjerake marang lenging cipta. Ngadhepake parak esuk anggone semedi lagi leren. Melek byar atine karasa longgar, lambene mesem sajak entuk wisik kang becik.

Wanci sapejagong karo Mbah Dar­mo, wong lelaku kuwi disuguhi puluran kanggo sarapan esuk, disisihi wedang kopi panas kumebul. Senajan mung ko­pi glombyaran, nanging wis cukup ngle­jarake pikir. Karo nyruput wedang lan  nyomak-nyamuk ngicipi puluran, wong lelaku mau  medharakake ganjelan atine marang Mbah Darmo.

“Nuwun sewu inggih Mbah, menawi kula atur pratikel, punapa Mbah Darmo saged nampi? Awit bab punika wigatos sanget kangge tiyang dhusun mriki, ma­lah kangge saterusipun. Menawi Mbah Darmo percados dhateng atur krenah kula punika, mangke mbokmenawi ti­yang dhusun mriki sedaya mboten ba­dhe nulak. Awit sedaya punika rak kang­ge kabetahanipun warga dhusun.”

Kejaba pancen wis duwe rasa per­caya marang tamune, senajanta durung ngerti tenan sapa sejatine tamune kuwi, uga pancen kepengin banget amrih wong Bandungan enggal kalis saka ka­sangsaran, mula Mbah Darmo mang­suli, “Lha inggih sumangga kersa ke­mawon.”

Ditambah omongan ngalor ngidul kang ana gegayutane karo kahanane Desa Bandungan kono kang lagi entuk cobane Gusti, wis mutusake menawa wong lelaku dalah Mbah Darmo ngajak sawatara warga desa nggoleki papan. Manut pituduhe ing wisik impene ta­mune kuwi, jenenge bae pancen wis watak wantune wong padesan kang seneng kang sarwa regedeg, senajan diwatesi meksa gemrudug. Akeh sing padha melu ngetutake jangkahe ta­mu­ne Mbah Darmo mau. Adhedhasar prentahe tamu kuwi, warga kang melu mlaku kudu nggawa pacul utawa linggis.

Embuh wis pirang jam anggone………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan