Warga masyarakat Kediri brang wetan
dumunung ing perenging Gunung Kelud. Warga masyarakat kasebut sumenar ing
Kecamatan Kandangan, Kepung, Puncu, lan Ngancar. Kediri nduweni latar belakang
sejarah lan budaya kang akeh banget, krana dinasti Isyana dadi panguwasa ing
Kediri wiwit abad X nganti XIII. Kerajaan iki didegake dening Empu Sendog
(929-947 M). Dinasti kang dadi panguwasa suwene 300 taun iki wis nglairake 13
raja, lan raja Kediri kang pungkasan saka dinasti iki yaiku Prabu Kertajaya
(Dandanggendhis) ing taun 1185-1222.
Jaman dinasti Isyana minangka jaman kencana rukmine
sastra klasik, ana empu sastra kang ngasilake karya misuwur, yaiku Empu Triguna
ngarang crita Kresnayana, Empu Maguna ngarang Sumansantaka, Empu Darmaja ngarang
Smaradhana, Empu Sedah lan Empu Panuluh nyusun buku Bharatayuda, Empu Panuluh
nyusun buku Gatotkacasraya, Empu Tan Akung nyusun buku Lubdaka. Lakon tresna
abadi abdi Panji lan Candrakirana minangka karya sastra misuwur sing pengaruhe
nganti tekan Malaya (Malaysia) lan kerajaan Muangthai.
Residu (sisa peninggalan kuna) ing perenging Gunung
Kelud, yaiku upacara adat Larung Sesaji. Larung tegese jegur utawa kenter,
tembung nglarung tegese njegurake, ngenterake. Mula saka iku sing jenenge
nglarung (Larung Sesaji) ya kudu ana banyu. Wondene yen ora ana banyune jenenge
ritual, dudu larung (nglarung).
Upacara adat Larung Sesaji Gunung Kelud ing Kabupaten
Kediri minangka tradhisi kanthi ancas tujuan kanggo nyenyuwun berkah, nyenyuwun
rejeki akeh didohake saka malapetaka lan nyenyuwun keslametan donya akherat.
Ning tujuan kang luwih utama saka pelaksanaan upacara iki yaiku kanggo
ningkatake kualitas manunggaling kawula Gusti (nyawijine antarane Gusti Kang
Akarya Jagad lan umat kang diciptakake). Larung Sesaji Gunung Kelud
dileksanakake setaun sepisan, wondene pelaksanakane gumantung marang kahanane.
Miturut katrangan Sukemi (Kades Sugihwaras), nalika
isih wujud kawah, Larung Sesaji Gunung Kelud wis dileksanakake wiwit taun 2005.
Ning bareng taun 2007 kobong, lan sabanjure njedhul anak gunung, Larung Sesaji
Gunung Kelud banjur ora dianakake. Wondene minangka gantine banjur
dileksanakake Ritual Anak Gunung Kelud. Lagi wiwit taun 2014, sapungkure Gunung
Kelud njeblug, Larung Sesaji Gunung Kelud banjur dianakake maneh. Sarehne
kahanan dalan tumuju kawah nganti saiki isih rusak, arak-arakan Larung Sesaji
Gunung Kelud dhek dina Setu Pon tanggal 30 September 2017 kepungkur ora bisa
nganti tekan kawah. Krana iku larung sesaji sing khusus warga Desa Sugihwaras
banjur dileksanakake dhek dina Setu Legi tanggal 23 September 2017.
Ubarampe sesaji sing dilarung menyang kawah Gunung
Kelud dina iku arupa endhas wedhus sasikile, sakulite, sagetihe. Wondene
daginge kanggo slametan nyambung tuwuh. Sarehne ubarampe sesaji sing dilarung
menyang kawah Gunung Kelud wis dileksanakake seminggu sadurunge, arak-arakan
Larung Sesaji Gunung Kelud dhek dina Setu Pon mung tekan perenge, dudu kawahe.
Kejaba dieloni peserta saka 10 desa (Sugihwaras, Ngancar, Babadan, Sempu,
Manggis, Margourip, Bedali, Kunjang, Jagul, Pandantoya) lan umat Hindu saka
Kabupaten Kediri, uga diestreni dwija-dwija SD lan SMP sak-Kabupaten Kediri.
Isih miturut katrangan Sukemi, kango ngregengake
upacara adat Larung Sesaji Gunung Kelud uga dianakake Festival Kelud 2017. Gagasan
kasebut muncul saka memori prastawa Gunung Kelud tengah wengi 14 Februari 2014
kepungkur. Jeblugane wektu iku njalari langit peteng ndhedhet. Material sing
metu saka njero kawah nyebabake desa-desa ing sakitere ancur. Yutan wong uga
kudu ngungsi, ninggalake omah lan maneka aktivitase kanggo sawetara wektu.
Golek papan aman, nylametake nyawa saka amukane “Lembu Sura”.
Memori kasebut kang sabanjure munculake infirasi
Festival Kelud 2017 kanthi tema “Gugah Kelud”. Tema kang ngupaya nglalekake
prastawa erupsi dahsyat telung taun kepungkur. Nglalekake dhampak bencana kang
disebabake dening jeblugan gunung kang dhuwure 1.731 meter saka lumahe segara.
Ngowahi dadi tangine kesadaran lan semangat pasca
erupsi. Dadi paneges yen bencana kang dumadi krana erupsi Gunung Kelud kasebut
dudu musibah, ning titik pijak owah-owahan kesadaran yen Gunung Kelud kudu
tansah dikurmati, dijaga lan dilestarekake.
Gugah Kelud ora saderma tema kang dumadi rong tembung,
Gugah Kelud uga nduweni dimensi semangat warga perenging Gunung Kelud. Semangat
kang bali munculake potensi kang ana, krana Gunung Kelud ora mung nyimpen
potensi jeblugan dahsyat wae. Gunung Kelud uga nyimpen potensi gedhe ing
adat-istiadat, budaya, nilai tradhisi, sarta kearifan lokal. Kabeh nyawiji ing
potensi gedhe donyane wisata.
Festival Kelud kanthi tema “Gugah Kelud” iki
dikarepake ora mung dadi ajang promosi wisata wae. Ning uga bisa masarake kabeh
potensi sing diduweni kang bisa ningkatake kunjungan wisata Gunung Kelud.
Mligine pasca erupsi kang dumadi telung taun kepungkur.
Isih ana maneh event kang tansah diantu-antu, ana
bursa woh-wohan lan agrobisnis, Kelud Bike Camp, Festival Jaranan, Lomba Tari
lan Pentas Campursari, sarta kang banget diantu-antu para pecinta oleh raga
mlayu, Kelud Volcano Road Run (KVRR) minangkat penutup.
Bali maneh atur sakawit, sadurunge arak-arakan Larung
Sesaji Gunung Kelud dileksanakake, warga nganakake bengi tirakatan lan masang
pager desa ing papan-papan kramat. Ubarampe sesaji kanggo masang pager desa
antarane liyan, yaiku: cok bakal kembang gatal, menyan madu ganda arum, sekar
telon ganda wangi (kembang telon), panggang ayam tulak raja muka, pisang ayu
apupus cindhe (pisang raja lan pisang ambon ijo), jenang sapta warna (bubur
pitung rupa), arang-arang kembang (dhawet ketan juruh), asahan bekti pertiwi,
golong angesti tunggal (golong kabehe sanga), pudah ripih widadari, lan raja
tetukulan (asile olah tetanen).
Wondene arak-arakan Larung Sesaji Gunung Kelud ing
esuke ditata kaya mangkene: paling ngarep, barisan ogoh-ogoh Pitik Walik Saba
Kebon minangka maskote Kabupaten Kediri, banjur barisan nggawa buceng lanang
sing digawe saka nanas, barisan punggawa mikul Dewi Kilisuci, barisan putri
dhomas saka SMPN I Ngancar, barisan nggawa buceng wadon sing digawe saka maneka
woh-wohan, barisan umat Hindu, sesepuh adat kang maca mantra, pengawal sesepuh
adat, sesepuh desa, pengawal sesepuh desa, barisan nggawa songsong agung,
barisan nggawa tumpeng agung, barisan nggawa sesaji asile olah tetanen, barisan
kejawen, barisan perangkat desa, lan barisan warga masyarakat.
n
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.