LSW nganggo
aksara Jawa
Tumpukan Majalah
Inggih nuwun sewu bapak pimpinan PS, kula ngaturaken
serat dhumateng bapak. Ngangge seratan Jawi, basanipun inggih basa Jawi, Inggih
pangapunten kemawon. Lajeng ingkang kula suwunaken priksa punika makaten:
Kula punika tumbas majalah JB kaliyan PS punika sampun
dangu, lajeng sadaya majalah kula wau yen sampun cekap anggen kula maos lajeng
majalahipun kula simpen supados mboten risak, lajeng nuju satunggaling dinten
sedherek kula ingkang griyanipun celak kaliyan griya kula dolan dhateng griya
kula.
Sareng wonten griya kula, sumerep tumpukan majalah
punika, badhe dipun suwun. Lajeng kula jawab mekaten: upama majalah iku tak
wenehake kowe, upama majalah iku kok tampa, banjur majalah iku kok dol menyang
bakul, upama majalah iku ditampa bakul, banjur didol maneh menyang bakul
liyane, apa ora dadi masalah. Inggih punika ingkang kula suwunaken priksa kala
wau, lajeng akhiripun boten kula sukakaken.
Kejawi punika majalah ingkang taksih wonten ing griya
kula: PS taksih 158, JB taksih 150. Majalah ingkang taksih semanten jumlahipun
punika amargi ingkang rumiyin sami risak. Sanesipun punika, ingkang kasebat
punika saged kula aturaken lan dipun asta dhumateng bapak, kula diparingi
sumerep inggih punika ingkang kula aturaken dhateng bapak. Mbok bilih wonten
atur kula ingkang kirang nuju prama dhateng bapak, kula nyuwun pangaksami.
Wusana mugi-mugi dhumateng bapak sakulawarga dening
Gusti Allah pinaringan sugeng, tinebihaken ing sambekala lan pinanjang
yuswa/umur.
Inggih nuwun sewu pak yen bapak sampun nampi serat
punika kula dipun paringi dhawuh, nanging sarehne kula boten gadah HP. Menawi
bapak paring kabar, kabaripun dipun paringaken anak kula, ingkang griyanipun
kempal satunggal griya kaliyan griya kula. Dene anak kula nama Harmuji No
Hp.082233285995. Nuwun.
Saking kula,
Djaino – dhusun Tenggar, Senden Rt 11 Rw 06
Kampak —
Trenggalek.
l PS
kawratan nampi peparing panjenengan, awit ing redaksi sampun kathah PS lami, lan
badhe pekewed anggenipun ngopeni.
l Menawi
dipun sade namung bakal dianggep sami reginipun kaliyan kertas (tilas) koran, tanpa
masalah.
l Aluwung
panjenengan tawi dhateng para kolektor ingkang mbetahaken, saged hubungan
kalihan panjenegan.
Red.
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.