Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (8)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 81 kali

11. Langit lan Bumi maune nyawiji nuli pinisah.

Nalika semana (jaman ja mbejuja) Langit lan Bumi iku dadi siji (nyawiji). Nuli saka keparenging Allah, Langit lan  Bumi iku dipisahake.Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan Allah wus ke­pareng ndamel Langit sap pitu ana ing ndhuwur, sarta Allah, Panjene­nga­ne ndadekake traju (timbangan) keadilan, supaya sira kabeh aja pa­dha leluwihan (melebihi batas) tum­rap perkara traju (timbangan). Lan sira padha ngecakake adil ing timba­ngan, lan aja sira kurangi.” (Q.S. Ar-Rahman (55):7-9).

Ayat kang katur ing ndhuwur  ngandhut makna, manawa Langit sing didhuwurake ing ayat kasebut, mujudake proses pemi­sahan sing diterangake ana ing Al-Qur’an Surat Al-Anbiyaa ayat 30. “Apa wong-wong kafir iku ora padha sumurup, sarta satemene Langit-langit lan Bu­mi iku asale dhempet (nyawiji) dadi siji nuli Ingsun kepareng misahake? Lan Ingsun wus nitahake kabeh ba­rang kang urip iku (asale) saka ba­nyu.” (Q.S. Al-Ambiyaa (21):30). Gem­blenge ayat kasebut nerangake, yen Langit lan Bumi nalika jaman  semana dadi siji (nyawiji). Wusanane Allah tumuli kepa­reng misahake antara kekarone. Lha pro­ses pe-misahan antara Langit lan Bumi iku dinuga (diperkirakan), krana dumadine ble­dhosan kang ngedab-edabi (Big Bang) kang wus dumadi welasan milliar taun kepungkur. Pa-ra Ilmuwan nerangake, ma­nawa samuba-rang kang mbledhos nge­dab-edabi iku kang karan “ROTQON”(ayat kasebut), yaiku sawi-jining materi kang ndarbeni tekakan kepa-dhetan sing dhuwur  banget, panas banget. Hiya mangkono ku­wi sing dadi cikal-bakal ciniptane Jagad Ra­ya iki.

Proses didhuwurake Langit sing dite­rangake (diinforamsikan) ayat kasebut, mu­judake swasana kang harmonis, sing ne­rangake, manawa  Srengenge lan Rem­bulan pancen cinipta kanggo keperluwan panguripan, sing ing kono wus cumepak te­­tu­wuhan, maneka werna aromane sarta rasane, minangka sumbering nutrisi makh­luk Allah sing urip ana ing salumahing Bumi.

Kajaba saka iku, supaya dimangerteni, manawa Rawikara (Srengenge), Ratih (Rembulan) sarta Planet-planet liyane, kabeh iku ndarbeni daya gravitasi, nuli duma­di ke-simbangan ing tata surya sarta Jagad Raya iki. Lha saupama ana owah-owahan utawa cacat kang dumadi ana ing saben-saben Pla-net mau, bakal dumadi samuba­rang utawa swasana (fenomena) kang ba­nget nggegi-risi, sing mengaruhi (mengan­cam) marang panguripan ing salumahing Bumi iki.

Saliyane saka iku, ana ing Al-Qur’anul Karim Surat Al-Muluk, uga diterangake, La­ngit Bumi kang rinengga dening Lintang-lintang iku pindha damar. Dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Sayekti Ingsun wus kepareng maes-maesi (ngrenggani) Langiting donya Kalawan Tanggana(Lintang-lin­tang), pindha damar, Ingsun kang­go mbalangi syetan-syetan. Lan uga Ingsun nyawisake marang syetan-sye­tan mau siksa Neraka sair, kang murub selawase.” (Q.S. Al-Mulk (67):5).

Ilmu pengetahuan modern njlentreh­ake, manawa Lintang-lintang iku sumebar tanpa wilangan (ora bisa  dietung) ana ing Jagad Raya iki, yaiku sing katon saka Bumi, pindha kelap-keliping lampu ana ing Langit, wengi kang peteng. Lha kanthi mangkono jembare Langit miturut Al-Qur’an, ora mung nyakup lapisan-lapisan atmosfer, sing nylimuti (menyelubungi) Bumi, nanging uga sanjabaning Akasa, papan dumununge galaksi kang sumebar. Dadine lelandhesan karo keterangan-ke­terangan ing Al-Qur’anul Karim kasebut, se­bagian ilmuwan Muslim ana kang ndar­beni panemu manawa Langit iku ana rong perkara (jinis), yaiku Langit cedhak lan La­ngit adoh. Langit cedhak, yaiku Langit Donya sing bisa dinulu  kanthi pandulu wan­tah, becik nganggo piranti bantu,  kaya ta teleskop utawa tanpa piranti pambiyantu. Dene Langit adoh, yaiku Langit sing ora bisa dinulu dening manungsa, yaiku Langit ghaib Sebab Al-Qur’an lan Hadits-hadits shahih aweh keterangan, manawa Arsy iku ana ing Langit, sarta para Malaikat sing mapan ana ing Langit iku.

Eloking maneh, ciptane Allah kang ka­ran Langit, mujudake ruangan kang bawe­ra, gumelar ana ing sak ndhuwure Bumi, papan dumununge (beredar) Lintang-lin­tang, Rembulan, Srengenge lan Planet-pla­net sarta samubarang (benda Angkasa) liyane. Langit iku mujudake lapisan kang pa­ling padhet sarta lapisan atmosfer. Kan­thi mangkono Langit iku dumadi saka rong bagian, yaiku atmosfer sarta lapisan-la­pisan sing ngayomi (yang melindungi) Bu­mi lan ruang Akasa. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Panjenengane, Allah kang kepa­reng ndadekake Bumi minangka pa­pan kanggo manungsa. Lan Langit minangka payon. Lan Panjenegane kang wus kepareng nurunake banyu (udan). Banjur karo banyu mau bisa ngasilake woh-wohan minangka re­jeki kanggo sira kabeh.” (Q.S. Al-Baqarah (2):22).

Makna kang kinadhut ana ing ayat ka­sebut, antarra liya yaiku, Langit mono mi­nangka papan dumadine siklus hidrologi, yaiku banyu udan. Mapan ana ing Langit, la­pisan atmosfer sing paling endhek. Kaja­ba saka iku uga disebutake Langit Bumi sing rinengga (dipaesi) dening Lintang-lin­tang kadi dene sing kasebut ana ing Al-Qur’anul Karim Surat Al-Mulk, mangkene maksude:

“Yekti Ingsun wus kepareng maes-maesi (ngrengga) Lintang-lin­tang pindha damar, Ingsun anggo mba­langi syetan-syetan, lan uga Ing­sun wus kepareng nyawisake ma­rang syetan-syetan mau siksa Nera­ka sair, kang murub selawase.” (QS. Al-Mulk (67):5).

Kajaba saka iku, ilmu pengetahuan mo­dern njlentrehake, manawa Lintang-lin­tang iku sumebar tanpa wilangan (ora bisa diwilang), ana ing Jagad Raya iki. Hiya iku sing katon saka Bumi pindha kelap-keliping lampu ing Langit wengi kang peteng. Lha kanthi mangkono,  jembare Langit miturut keterangan Al-Qur’an, ora mung nyakup lapisan-lapisan atmosfer sing ngemuli (menyelubungi) Bumi, nanging uga sajaba­ning Akasa, papan dumununge galaksi-galaksi kang sumebar. (Ana Candhake)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh wong kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.

Klik

GROJOGAN PEDHUT-

Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas

Benci nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri

DPR ora kesusu ngrembug RUU HP

Ora kaya RUU MD3 ya?

Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi

Ora ana mangan awan gratis pancen…