I. Dosa Turunan Kuwi Sejatine Ana Apa Ora
Cung, kowe aja
pisan-pisan gawe sengsarane liyan, sebab yen kowe durung bisa nyaur mengko
anakmu sing bakal nyaur. Yen anakmu durung bisa nyaur ya putumu sing kudu
nyaur, buyut, canggah, warèng, udheg-udheg, gantung-siwur, debog-bosok, galih
asem. Mengkono dhawuh-pangandikaning bapakku wektu aku isih bocah kencur.
Aku percaya yen
bapak dhawuh mangkono kuwi mesthi ana dhasare, bisa uga kabeh kuwi pancen
angger-angger utawa firasat sing diugemi wiwit jaman nenek moyang kita kabeh.
Sing dadi masalah, apa sedulur-sedulur isih percaya karo angger-angger iki
apa ora? Yen aku isih percaya, amarga ora ana rugine menawa tetep percaya.
Kita kabeh dadi wedi yen arep tumindak sing bisa gawe sengsaraning lian.
Sing tak gumuni
kuwi, ya sedulur, yen ana sebutan mesthine rak ana kedaden, dadi yen mung turun
lima, ya sebutane mung tekan warèng. Anak, putu, buyut, canggah, warèng. Lha
terus sebutan... udheg-udheg, gantung siwur, debog bosok lan galih asem kuwi
dijupuk saka apa? Yen manut panemuku, ya mesthi bae kedaden iku pancen ana,
tegese nenek moyang kita kabeh iki ana sing umure nganti nyandhak turun sanga.
Yen digawe rata-rata umur 20 taun, ateges mbah buyute dhewe ana sing nganti
nyandhak umur 180 taun. Utawa yen rata-rata 15 taun ya mung tekan antarane 120
nganti 150 taun.
Aku dhewe tau
menangi sedulur sing umure nganti nyandhak warèng, ananging tak sawang anak
putune tansah wadon, dadi arepa nganti duwe warèng, umure kira-kira mung tekan
110 taun, iku wae wektu warènge lair, durung nganti sepasar wis seda dipundhut
sing kuwasa. Yen para sedulur ana sing menangi nganti tekan udheg-udheg utawa
gantung-siwur utawa debog bosok apa maneh nganti galih asem ya bagus. Ateges
sesebutan kuwi pancen bener cocog karo kahanan sing sakbenere.
***
Cung...kuwi saka
tembung kuncung, sebutan kanggo bocah cilik sing tegese padha karo sebutan rek,
le, gus lan liya-liyane.
II. Ing Angkasa Ana
Naga Raseksa
....”Mak, sebabe apa
ya mak, montor mabur kuwi kok ndadak nganggo kitiran...? takonku marang emakku
wektu aku isih bocah kencur...” ngene lho cung, kowe tak kandhani, ing
awang-awang kuwi kebak naga sing gedhe-gedhe, mula yen montor mabur ora nganggo
kitiran mengko dicaplok karo naga, dadi kitiran kuwi gunane kanggo
meden-medeni naga supaya ora dicaplok. Mengkono jawabe emakku kanthi tembung
lan lagu sing mantep kaya yen maringi sesorah marang warga desaku.
...”Ngono ta mak”.
Aku percaya ning emakku sebab bapakku lurah, dadi minangka bu lurah ya kerep
paring dhawuh marang ibu-ibu desaku.
Aku dhewe lali, mbuh
setaun apa rong taun sawise kedadeyan iki aku dolan neng tangga desa. Pamanku
dadi carik neng desa kuwi dadi bulikku sing bu carik kuwi langsung tak
takoni...lik, makku kandha yen ing awang-awang kuwi akeh banget naga sing
gedhe-gedhe, mula yen montor mabur ora nganggo kitiran, mengko dicaplok
naga...?” bener cung, apa sing dicritakake makmu kuwi kabeh bener.... jawabe
bulikku kanthi pada sing mantep.
Sakteruse bulikku
malah takon... “Cung apa makmu durung crita ngenani wong ndhayak sing senengane
mangan uwong...”
“Durung lik, mbok
aku dicritani lik supaya ngerti” panjalukku kanthi memelas.
“Ngene lho cung,
wong ndhayak kuwi senengane mangan daginge menungsa. Jare daging menungsa luwih
enak tinimbang daging kewan, malah cung, wong ndhayak kuwi yen wis tuwa. Ora
kena nyambut gawe saben dina dikongkon mangan terus supaya lemu. Mengko yen wis
lemu dibeleh perlu kanggo bancakan...” jawabane bulik uga katon mantep tanpa
ragu-ragu.
Wektu iku aku isih
bocah, dadi durung bisa mikir kahanan sing sakbenere. Malah aku rumangsa bangga
sebab kanca-kancaku durung padha ngerti masalah iki. Bareng aku wis diwasa wis
sekolah neng njaban rangkah aku lagi ngerti yen kabeh kuwi mung pokal gawene
penjajah Landa, supaya bangsa kita tetep bodho lan ora rukun ing antarane suku
siji lan sijine.
Montor mabur nganggo
kitiran supaya ora dicaplok naga, tujuane supaya kita kabeh ora perlu sinau
aerodinamik lan gaya aksi reaksi minangka dhasar nggawe montor mabur.
Sakteruse wong ndhayak seneng mangan daging
menungsa tujuane jelas, supaya wong Jawa aja nganti rukun karo wong
dhayak, wong Jawa aja nganti rukun karo wong Bugis...lan sapiturute.
Jenenge penjajah ya
mesthi wae tansah mbudidaya supaya kita kabeh tetep bodho, dadi anggone njajah
bisa langgeng. Ananging kabeh kuwi wis ana sing ngatur, yen Gusti Allah
ngersakake merdika ya merdika. Mesthi wae lantaran jasane para pejuang
kamardikan sing ora bosen-bosen mbeber lan nggugah marang bangsaku supaya
ngerti kahanan sing sabanere.
Mula sedulur-sedulur
wajib kanggone kita kabeh melu njaga aja
nganti kamardikan kita iki dirusak dening liyan. Paling ora yen para
sedulur ora bisa melu ndandani, ya aja pisan-pisan melu ngrusak. Saupamane
sedulur mung bisa njaga kulawarga lan tangga-tangga, aja nganti katut kena
narkoba, ya wis apik luwih-luwih yen bisa melu njaga sakampung.
Muga-muga Gusti Allah tansah paring pangayoman marang
kita kabeh... amin. *
Akeh wong
kang nindakake bab kang padha ing nalikane kowe ora. Kuwi ora ateges kowe salah.
GROJOGAN PEDHUT-
Yen grojogan umume sing mili yakuwi banyu, nanging grojogan ing Islandia iki sing mili pedhut. Pedhut ksb mbentuk pola kaya banyu kang nggrojog saka gunung menyang segara. Pranyata uga ana suwarane banyu gembrojog ing segara mau, saengga kaya banyu kang nggrojok temenan ing laut. (d/ist)***
Nangkis hoaks, publik perlu ndhi-sikake rasionalitas
Benci
nganti tekan unyeng-unyeng kuwi mutawatiri
DPR ora kesusu ngrembug RUU HP
Ora
kaya RUU MD3 ya?
Partai Demokrat njaluk syarat kanggo nyengkuyung Jokowi
Ora
ana mangan awan gratis pancen…