Tumapake Grebeg Mulud Taun Dal 1951
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 18 kali

Taun Dal, Wedalan Kangjeng Nabi Muhammad

 

Ature Hugo M Satyapara

 

Katon ana wanodya cacah loro, pengagem kebayak ijo, rikma kasanggul, nyebar dhuwit receh ana ing emper. Saben-saben tangan kaobahke, dhuwit receh sumebar. Masyarakat sing wis sumadya tata wiwit sore, kanthi trengginas, rebut ducung migunakake  tangan apadene payung kuwalik kanggo nadhahi.

Mangkono gegambaran saktleraman acara nyebar udhik-udhik, katindake dening GKR Mangkubumi sarta GKR Hayu, minangka pambuka rerangkening acara Hajad Dalem Grebeg Mulud Taun Dal 1951 ing Bangsal Pancaniti Kraton Yogyakarta dina Jumuah Pon tanggal 24 November 2017 wanci jam 20.20 WIB.

Udhik-udhik mengku lambang rasa sih katresnan ingkang Sinuhun marang kawula. Uga minangka sarana tulak balak. Kanthi pangajab amrih tumapake acara sing lumaku wiwit tanggal 24 November tekan 01 Desember bisa lancar sarta ingedohke saka saliring bebaya.

Tan antara suwe keprungu unine gendhing rambu. Asale saka pusaka gamelan Kyai Gunturmadu sing katata ing Bangsal Pancaniti siring wetan. 15 menit candhake keprungu unine gendhing rangkung saka Bangsal Pancaniti siring kulon. Papan panabuh pusaka gamelan Kyai Nagawilaga.

Swarane gendhing tidhem sawatara wektu. Gumanti umyeg, nalika abdi dalem kanca abang nata gamelan ana ing usungan. Sawatara iku para niyaga, abdi dalem nggawa lampu sarta bregada prajurit padha siyaga tata ana ing papane dhewe-dhewe.

Wanci jam 23.00 WIB, bregada prajurit ngirit gelaring miyos gangsa saka Bangsal Pancaniti tumuju  Pagongan Lor sarta Pagongan Kidul Mesjid Gedhe. Lakune liwat Regol Brajanala nuju Siti HInggil. Banjur mudhun Pagelaran. Tekan kidul waringin kurung alun-alun lor menggok ngiwa nuju Mesjid Gedhe.

Tekan Mesjid Gedhe, Gamelan Kyai Guntur Madu didunungke ing Pagongan kidul. Gamelan Kyai Nagawilaga ing Pagongan lor. Jam 24.00 WIB keprungu unine gendhing Andong-andong. Ing antarane para niyaga katon KPH Natanegara mantu dalem Sri Sultan Hamengku Bawana X ngiring nabuh bonang.

Dina esuke pusaka gamelan katabuh maneh wiwit jam wolu nganti dina Kamis Wage tanggal 30 November. Cacahe gendhing sing katabuh kabeh ana 16 gendhing. Kayata Gendhing Rambu, Rangkung sarta Andong-andong, Lung Gandhung, Yahume, Burung Putih, Raja Pulang, Lenggang Rambon, Supiyatun, Ngajatun sarta Salatun.

Anggone nikmati gendhing sinambi ngrahapi endhog abang sarta suruh kinang. Endhog abang mengku lambang kemakmuran, sarta minangka pepeling marang sangkan paraning dumadi. Dene suruh kinang, sakliyane amrih sehat, mengku lambang pakurmatan marang leluhur sing wis sumare.

Sakdurunge katabuh, pusaka gamelan dibersihi luwih dhisik ing dina Kemis esuk dening abdi dalem kanca inggil reh Kawedanan Hageng Punakawan Kridamardawa. Migunake watu ijo sarta lenga patra. Banjur kausap nganggo grajen sarta lap garing.

Liya iku masyarakat bisa nikmati maneka warna jajanan sarta panganan Pasar Malem. Utawa nonton pameran koleksi Kraton Yogyakarta. Kayata kreta Kyai Garudayaksa, naskah kuna, wayang kulit, wayang golek, sanjata pistol, maneka warna foto, topeng kayu apadene kain bathik.

Sawernane koleksi bisa dadi sarana pamulangan tumrap masyarakat. Utamane marang generasi now. Amrih tetep eling marang warisan budaya leluhur. Sakbacute kedudut ulah pikir apadene rasane, banjur ngudi amrih tetep bisa lestari sarta ngudi amrih bisa tuwuh kembang ing jaman kamajuwan sing sarwa ringkes.

Ringkesing rembug, bregada prajurit padha nglantihke anggone pacak baris dina Minggu Kliwon tanggal 26 November ana ing Pracimosono, Pagelaran sarta alun-alun. Jaman saikine dunung minangka memanis ambyuke pariwisata. Soal daya kekuwatan isoteris kamot ing njerone pusaka ora dianggep wigati maneh.

Sawatara iku para abdi dalem keparak paring pambiyantu marang utusan dalem ing gelaran numplak wajik dina Selasa Paing tanggal 28 November ing Panti Pareden. Panggawene wajik saka beras ketan ingulenan gula Jawa. Mujudake bahan utama panggawene gunungan wadon.

Sajrone Grebeg Tahun Dal kawiyoske gunungan Kutuk utawa Bromo, Gunungan Lanang, Gunungan Wadon, Gunungan Pawuan, Gunungan Darat sarta Gepak. Kajangkepi rerenggan picisan, songom, tebok angking sarta tenggok kanggo wadhah sega.

Ing antarane  sing antuk kawigaten yaiku Gunungan Brama. Awit mligi kawiyoske wolung taun sepisan, yaiku ing taun Dal. Yektine minangka lambang urubing geni nalika para Nabi, wiwit Nabi Adam tekan Nabi Musa nindake kurban bakaran. Dene wujud gunungan minangka lambang redi Himalaya, papan lenggahe para dewa.

Gunungan lanang pralampita sarira dalem Sultan Hamengku Bawana. Sakawit karan Gunungan Pancaprada. Awit ing pepucuke wujud pepethan cacah lima pralambang anasir cacah lima sing dadi bebakal ananing manungsa utawa papat keblat lima pancer.

Gunungan wadon pralampita garwa Prameswari dalem. Sakarsa Dalem uga yasa gunungan liya minangka pralampita sariraning para putra sentana, bebadaning abdi dalem apadene pralampita kawula nagari sakabehe.

Apa sing dadi jalaran tata gelar Grebeg Mulud taun Dal luwih semuwa katimbang tata gelar ing taun Alif, Ehe, Jimawal, Je, Be, Wawu utawa Jimakir. Anane prabeda gegayutam kalawan kapitayan wong Jawa marang titi wanci wiyosan kangjeng Nabi Muhammad.

Wis kauningan, kalender taun Jawa sing digunake minangka underan dening Kraton Yogyakarta mujudake pangyasa Sultan Agung. Jaman semana, ingkang Sinuhun mracayani menawa wiyosan Kangjeng Nabi dumadi ing taun Dal. Tembung Dal asal saka tembung wedalan. Lire wedalan Kangjeng Nabi. Mula tata gelaring acara kagawe luwih semuwa.

Semuwaning tata gelar ora mung ana ing Gunungan Brama thok, uga anane acara nyebar udhik-udhik sarta jejak betenging gelaran Pesowanan Malem Grebeg dina Kamis Wage tanggal 30 November ing Mesjid Gedhe. Wanci jam 23.00 WIB Sri Sultan Hamengku Bawana X arsa njejak tatanan bata sing katata ana ing butulan dalan kauman.

Jejak beteng yektine minangka sindiran marang pamarentah Kolonial Welanda sing jaman semana nguwasani sabageyan wilayah Karaton Yogyakarta. Kadidene wayang Buta Cakil yasan Sultan Agung. Yektine minangka representasi rasa ora seneng sarta lambang lelawanan marang penjajah.

Tatanan bata sing ambaruk, banjur kanggo rebutan masyarakat sing padha teka mbengi iku. Ana sing mracayani menawa bata iku bisa dadi sarana pikukuh anggone mbangun bale somah. Nanging ana uga sing nyimpen mligi minangka cinderamata utawa pangeling-eling.

Elinge rembug katuju marang iring-iringan kanca abang ing gelaring acara kondur gangsa. Ngusung pusaka gamelan saka Pagongan lor sarta Pagongan kidul tumuju papan panyimpen ing Bangsal Trajumas. Jaman biyen kasimpen ana ing Gedhong Gangsa, kapernah sakidul Bangsal Kasatriyan.

Para ksatriya kagabung ana ing bregada Prajurit banjur ngiring miyose Hajad Dalem Gunungan dina Jumuah Kliwon tanggal 01 Desember. Kawiwitan saka ngarep regol Kemagangan. Penganggo jangkep, prabot sarta bandera miturut jenenge dhewe-dhewe.

Wirabraja aciri bandera gulaklapa. Dhaeng, Bahningsari. Patangpuluh, Banteng Ktaton. Jagakarya, Papasan Mateng. Prawiratama, Banteng Ktaton. Nyutra, Padma Srikresna. Ketanggung, Banguntulak. Bugis, bandera ireng rinengga gambar cakra. Surakarsa, bandera ijo enom rinengga wulan kapurnaman.

Mbengine wanci jam 20.00 WIB, rerangkening Hajad Dalem Grebeg Mulud taun Dal 1951 kapungkasi kanthi gelaran Ringgit Bedhol Songsong ing Pagelaran. Minangka jejangkep gelaring rasa budaya adiluhung.**

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora bisa ngajeni, mula aja tau ngina.

Klik

KENYA MAIN TONG SETAN

Pemain tong setan biyasane wong lanang, nanging ing kene sing main sawijining wanita yakuwi kang jenenge Karmila Purba. Kenya umur 18 taun asal Pematang Siantar, Sumatra Utara iki cukup kondhang ora mung ing Indonesia, nanging uga ing donya. Iki gara-garane merga aksine diliput dening media asing yakuwi Guardian lan Metro. (d/ist)***

Pethilan

Presiden mundhut motor Royal Enfield Bullet 350 cc

Dadi kelingan esemka…

Tata kelola anggaran olahraga ala

Sabandhing lurus karo prestasine

Kabeh calon kepala daerah nyerahake LHKPN

Perkara datane bener apa ora uru­san mburi