Makna Sastra Babad (2):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 28 kali

Crita Rakyat Kang Ana Gathuke Karo ‘Mitos’

Anane crita sarasilah ing sastra babad mbuktekake yen babad iku isine uga dumadi saka urut-urutan silsilah kelu­warga wiwit jaman kuna. Kajaba iku, babad uga minangka pangeling-eling marang dumadine lelakon ing jaman kawuri, sarta minangka cathetan ngenani prastawa-prastawa wigati kang wis dumadi (utawa kang wis dianggep dumadi). Malah kala mangsane sarasilah ing crita babad iku isine ora ngandhut dhapukan kepentingan apa-apa kang mirunggan, satemah anane runtutan ing cathetan sarasilah keluwarga jaman nenek moyang iku ora patiya digagas.

Upamane crita babad kang nggam­barake paperangan, ing crita kasebut sing luwih digatekake yaiku bab balu­ngan critane kang nggambarake marang lakune paperangan kasebut. Kayata crita “Babad Blambangan Macapat” (manus­krip: Bataviaasch Genootschap, JLA Bran­des, Leiden Oriental Manuscript. Koleksi Museum Pusat Jakarta) kang isine nyritakake paperangan nalika Blambangan dibroki prajurit Bali, bab iki dumadi amarga ing Blambangan lagi ana kerusuhan. Banjur pehak Blambangan njaluk bantuwan Kumpeni Walanda, ja­laran wis ngadani sesambungan dagang karo Inggris.

Sumber Penulisan Babad

Kaya kang wis katur ing ngarep, crita babad iku isine bab theg-kliwere crita se­jarah. Mula bisa diteksir yen sum­ber penulisan crita babad iku migunakake bahan-bahan kesejarahan, becik kang wujud tulisan utawa kang wujud le­san. Kayata naskah-naskah lawas kang wis akeh cumawis, sarasilah, cathetan-cathetan penting, uga crita tutur kang ana gandhenge karo peninggalan jaman kuna. Kayata candhi, reca, kuburan, gu­nung, pemali, kali, tlaga, sendhang, papan-papan mirunggan, lan paraga-paraga tinamtu kang kabeh mau mujud­ake bahan sumber penulisan tumraping sastra babad kang tansah mbanyu mili tanpa kendhat lan tansah kebak tanpa nganggo asat.

Bahan sumber penulisan crita babad iku ing antarane wujud crita rakyat (le­gen­da, folklor lisan), luwih-luwih kang ana gathuke karo unsur mitos (dongeng). Crita mau dianggep minangka kedadey­an kang nyata-nyata dumadi ing masya­rakat, saengga ing sastra babad akeh muncul crita-crita kang ngandhut unsur-unsur mite, legende, hagiografi, simblisme, lan su­gesti. Kabeh mau digathukake ing kar­ya tulis babad minangka motifasi kanggo nguripake lakuning crita, sarta aweh gegambaran marang bab-bab kang bakal dumadi kang disengkuyung dening paraga utama (tokoh istimewa) uga melu mrenahake marang dumadine lelakon kang digambarake ing babad.

Conto crita babad kang ngandhut unsur mite (dongeng) yaiku kaya kang kasebut ing awal crita “Babad Tanah Jawi” (Bale Poestaka, Batavia. 31 Jilid, 1939-1941). Ing crita iku disebutake sa­ra­silahe raja-raja ing Tanah Jawa kang digathukake marang dumadine para dewa, para nabi, para tokoh pewaya­ngan, para tokoh suci/sekti/wingit, lan episode crita “Jaka Tarub-Nawang­wulan.”

Dene crita babad kang ngandhut unsur legende critane nggambarake manungsa kang darbe kaluwihan, kayata bisa sesambungan karo bangsa alus (lelembut) kang ana gandhenge karo unsur alam (lemah, banyu, geni, angin). Tuladhane: sesambungan antarane Panembahan Senapati karo Kangjeng Ratu Kidul, lelembut kang nguwasani Segara Kidul (“Babad Tanah Jawi”). Utawa paraga Bagus Asrah ing crita “Babad Bandawasa” (manuskrip Brandes, koleksi Museum Pusat Jakarta). Bagus Asrah digambarake bisa nyu­narake cahya padhang nalika pinuju sare ing pendhapa Kabupaten Basuki. Bagus Asrah iku tokoh utama kang babad alas Bandawasa, lan sabanjure lenggah minangka panguwasa kang sapisanan ing Bandawasa kanthi gelar Rangga Ker­tanegara.

Mungguh crita babad kang ngandhut unsur legende sarta ana gathuke karo “banyu” kaya kasebut ing “Babad Galuh” (manuskrip Bataviaasch Ge­nootschap, koleksi Museum Pusat Jakarta) kang nyritakake Ciyungwanara (bayi) dikelekake ing Kali Karawang dening Sri Pamekas raja Pajajaran. Uta­wa crita “Babad Gresik” (naskah koleksi Museum Panti Budaya Yogyakarta lan Museum Radyapustaka Surakarta) kang nyritakake lelakone Raden Paku (Bagus Samodra) atmajane putri Blambangan Dewi Sekar Dadu karo She Maulana Ishak nalika ing tengah segara. Sawise dhiwasa Bagus Samudra kawentar si­nebut Sunan Giri. Utawa uga crita “Babad Kebumen” (teks Sarengat Zarkasi, juru kunci makam Arung­binangun, Kuthawi­nangun, Kebumen) kang nyritakake lelakone Jaka Sangkrib (Surawijaya) kang adus kungkum ing Sendhang Kebejen. Sawise dhiwasa Jaka Sangkrib disebut Tumenggung Arumbinang.

Parandene crita babad kang ngan­dhut unsur simbolisme (wujud perlam­bang), kayata cahya kang cumlorot ing akasa, pusaka-pusaka ampuh, tembung-tembung samudana/ malati lan angka-angka keramat. Contone kaya ing crita “Babad Tanah Jawi” (Bale Poestaka Batavia). Ing crita kasebut dikandhakake: (1) Ki Ageng Butuh nga­wuningani clumorote pulung Kraton Demak mlebu ing anggane Jaka Tingkir kang lagi turu kepati, (2) Pangeran Puger nyucup cahya nur­buwat ing salirane Sunan Mangkurat II natkala bakal seda, (3) Ampuhe tum­bak Kyai Pleret pusaka Kraton Mataram kang turun temurun, (4) Tembung-tembung winadi (malati) ing lakon “Dhadhang­awuk Pingit-Jaka Tingkir”, lan (5) Crita mimis kencana kang gawe tiwase Adipati Wiranegara (Untung Surapati), satemah lelawanan mungsuh Kumpeni Walanda kelakon punthes.

Mungguh crita kang ngandhut unsur hagiografi utawa gegambaran gaib kang dikatonake tokoh-tokoh wingit. Contone kayata: 1). Crita kuburane Sunan Giri kang ngetokake tawon sapirang-pirang nalika diserang prajurit Majapahit kaya kagambarake ing “Babad Tanah Jawi” (koleksi Bale Poestaka). 2). Sunan Bonang bisa malih wujud dadi sapirang-pirang kaya kacaritakake ing “Babad Demak” (manuskrip Bataviaasch Genootschap, koleksi Museum Pusat Jakarta). 3). Sunan Kalijaga kang bisa gawe punthukan lemah dadi saprongkol emas kaya kacaritakake ing “Babad Semarang” (koleksi Meseum Peme­rintah Daerah Kabupaten Sumenep), 4). Sunan Bayat kang kuwawa migunakake drijine kanggo nggarang keren nalika gawe srabi (apem) kaya kaserat ing “Babad Bayat” (Teks Gena Suwarna, juru kunci Makam Bayat, Klaten).

Dene crita babad kang ngandhut unsur sugesti utawa ramalan, ngalamat, firasat, suwara gaib, lan tafsir mimpi. Contone ing antarane kayata: 1). Adeging Krajan Majapahit lan Mataram kang wis diramal nalika Jaka Suruh saka Pajajaran ketemu Ajar Cemaratunggal. 2). Lebure Krajan Blambangan kang wis dimangerteni Pangeran Danuningrat awit saka pambisike (firasat) manuk gagak putih kang mencok ing wit ringin Alun-alun Lumajang. Mangkono kaya kang kacaritakake ing “Babad Blambangan Macapat” (koleksi Museum Pusat Jakarta).

 

Crita Babad Kang Wujud Gancaran.

Kasunyatan nuduhake yen jinis karya sastra ing crita babad iku ditulis kanthi cara gancaran (prosa) lan uga tembang (puisi). Nanging lamun lelo­rone iku ditandhingake, mula bisa kabukten yen crita babad iku luwih akeh ditulis ing wujud tembang, tinimbang ing wujud gancaran. Dene crita babad sing ditulis ing wujud gancaran iku akeh-akehe isine wujud cathetan keluwarga tumrap panguwasa tartamtu. Luwih akeh maneh babad kang wujud gan­caran iku umume cathetan bab sarasilah lan gegambaran tali paseduluran, sarta uga gegambaran marang prastawa wigati (kang cekak) lan kadangkala ditambahi mawa sebutan angka-angka taun.

Crita babad sing ditulis ing wujud gancaran, contone kaya ing ngandhap iki:

1. “Babad Onje” (naskah tulisan tangan duweke keluwarga keturunan Bupati Onje ing Purbalingga, Banyu­mas). Isine nyritakake nalika Bupati Onje kang sapisanan kanjunjung mi­nangka bupati dening Sultan Hadiwijaya ing Kasultanan Pajang, banjur ka­bacutake dening anak turune.

2. “Babad Sangkala” (manuskrip JLA Brandes, koleksi Museum Pusat Jakarta), isine bab cathetan angka taun lan prastawa wigati kang digambarake dumadi ing jaman Kedhiri, Pajajaran, Majapahit, Demak, Pajang, Mataram, Kartasura, nganti Surakarta.

3. “Babad Blambangan” (koleksi Mu­seum Pusat Jakarta). Isine bab sa­rasilah para panguwasa ing Blamba­ngan sarta sakehing prastawa kang dumadi, kawit paraga Tanpauna, pa­ngeran Kedhawung (bapake Tawang­alun utawa Sinuhun Macanputih), nganti tekan anak turune. Ing antarane Adipati Wir­yadanuningrat lan Tumenggung Pring­gakusuma (bupati Banyuwangi). Dinasti kasebut mujudake trah tumerah engga pitung turunan, sarta nyekel panguwasa ing Blambangan selawase 200 taun (taun 1690-1890) kanthi kuthanagara ing Kedhawung, banjur pindhah ing Bayu, terus ing Macan Putih, Wijenan, Ka­brukan, Pangpang, lan pungkasane ing Banyuwangi. (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita ora bisa ngajeni, mula aja tau ngina.

Klik

KENYA MAIN TONG SETAN

Pemain tong setan biyasane wong lanang, nanging ing kene sing main sawijining wanita yakuwi kang jenenge Karmila Purba. Kenya umur 18 taun asal Pematang Siantar, Sumatra Utara iki cukup kondhang ora mung ing Indonesia, nanging uga ing donya. Iki gara-garane merga aksine diliput dening media asing yakuwi Guardian lan Metro. (d/ist)***

Pethilan

Presiden mundhut motor Royal Enfield Bullet 350 cc

Dadi kelingan esemka…

Tata kelola anggaran olahraga ala

Sabandhing lurus karo prestasine

Kabeh calon kepala daerah nyerahake LHKPN

Perkara datane bener apa ora uru­san mburi