Mulih
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 503 kali

Isine mung cekak aos, ning aku cukup paham karo karepe pesen WhatsApp saka ibu kuwi. Mula ora kakehan mbu­wang wektu aku enggal packing barang sing arep dakgawa mulih. Nekad idin cuti seminggu, mesi­san taun baru ana ndesaku.

Karo ngringkesi barang-ba­rangku, gumawang ibuku, njur WA-ne ibu patang dina kepung­kur, “Ris, kapan bali? Majalah-ma­jalah neng kamarmu isih kang­go apa ora? Nggo omah coro!” Mung iku. Ora ngertakake piye kahananku. Ning aku paham karepe, aku kudu bali!

Esuk candhake aku wis ana kamarku sing dhawuhe ibu nggo omah coro kuwi. Sakehing maja­lah lan kertas-kertas kang ana lemari kamarku enggal daktoka­ke. Sing sajake wis ora kanggo dakwadhahi karung, dene maja­lah-majalah lawas kang ngemot tulisanku dakresiki lan daklebok­ake lemari buku maneh.

Lan amplop kuwi ceblok nalika aku ngangkat tumpukan majalah sing wis dak­resiki arep daklebokake lemari maneh.. Amplop soklat kanthi tulisan tangan ngra­wit. Saka Puspa! Ing perangan ngarep am­plop ana tulisan tanggal 28 Maret 1998, tang­gal olehku nampa surat. Puspa, na ndi kowe saiki? Wis meh sepuluh taun!

Olehku kekancan wiwit SMP. Ratnawati Puspa. Sing banjur dadi kanca raketku. Ngan­ti SMA, lan wusanane pisah merga kuliyah ing panggonan kang beda. Taun semana durung akeh kang duwe ha-pe. Mula kala-kala ya lumantar layang yen dhong perlu sesambungan.

“…. rasane iki wis cocog, Ris. Dedege pi­degsa, sabar, sorot mripate edhum, eseme … uh.. bisa ngruntuhake atine para wanita, Ris…,” ngono cuplikan isi surate Puspa sing daktemu mau. Intine, dheweke bener-bener rumangsa ketemu klawan pri­ya sing dikarepake, sawise bola-bali lara ati merga kapedhotan tresna.

Dina candhake aku ngeterake ibu bu­wuh ana tangga dhukuh. Budhe Kasih man­tu. Merga isih mambu dulur, mula aku lan ibu digandholi supaya ora kesusu kondur. Lan aku weruh wong iku, wong lanang ka­ya kang digambarake ing surate Puspa ing sisih kana. Dedege pidegsa, katon sa­bar, ketara saka solah bawane, eseme…..

“Mas Tomi!” dumadakan wae  Endah, adhine manten putri, mbengok ana cedhak­ku. Lan pawongan  kang jenenge Tomi mau nyedhak.

“Iki hlo, takkenalke putrane budhe, Mbak Risa. Mbak Risa, iki Mas Tomi, po­nakane Bapak.”

Rada kecipuhan aku nampani tangane. Bener kandhane Puspa, eseme bisa ngrun­tuhake atine wanita.

“Mas Tomi iki arsitek Mbak, isih jomblo. Hla piye, pacaran mung karo meja gam­bar wae,” kandhane Endah semu nggodha, terus nglungani karo mesem. Aku njur ngo­brol sawetara.

Tomi Raharjo, wis sawetara taun mang­gon ana Jakarta. Kesibukan sing luwar biasa, kepeksa arang bali. Ngerti-ngerti umure wis………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ma­ngerteni anane watu cilik ing da­lan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula singkir­na… Sapa ngerti iku dadi sebab di­gangsarake da­lan­­mu nuju su­warga.

Klik

JEBAKAN PIKIRAN

Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***

Pethilan

Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor

Rukun agawe santosa crah agawe bu­brah.

Dibutuhake panggung interaksi kang toleran

Panggung kampanye malah ana in­toleran.

Korupsi mbegal karaharjane rakyat

Metu pakunjaran wae koruptor isih raharja.