Khitanan Using
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 106 kali

Jeneng Blambangan ing sejarah wis ana wiwit jaman Majapahit. Sumber crita sing nyritakake prastawa-prastawa wigati tinulis ana ing Babat Sember, Babat Tawang Alun, Babat Wilis, Babat Mas Sepuh, Babat Bayu, lan Babat Natadiningratan. Mligi buku Babat Tawang Alun nyritakake kisah wangsa raja-raja Blambangan kang leluhure bisa ditlusuri nganti tumekane jaman Majapahit ing pung­kasane abad ka-15. Makna Blamba­ngan malih dadi ciyut, nalika asal-usule raja-raja Brang Kulon (Lumajang) wis ora ana sing nggatekake, lan cikal bakale Blambangan diwiwiti saka raja Tawang Alun.

Ing dhaerah Blambangan (saiki Banyuwangi) kasebut saliyane nggu­nak­ake basa Using uga diprangguli ora kurang saka 24 jinis kesenian rakyat. Kesenian rakyat kang paling populer kanthi ciri khas budaya lokal yaiku seni Damar Ulan, Angklung Caruk, Barong Gendrung, Jaran Buta, Patrol, lan Prabulara/Rengganis.

Blambangan uga nate dikuasai Bali (Kerajaan Buleleng). Sadurunge Indonesia dijajah Walanda, wis atusan taun perkebunan-perkebunan dikuasai Inggris. Latar belakang sejarah kase­but nekakake residu (sisa peninggalan budaya lawa) ing basa Using. Tula­dhane kosa kata basa Inggris “no good” mlebu ing basa Using dadi “nagud” (ora becik), tembung “so long” dadi “sulung” ing ateges kawuri. Ing cecaturan saben ndinane uga diprangguli tetembungan basa Bali, tula-dhane: bojog tegese kethek sing wu-lune putih, suwung (suung) tegese sapi, sepi, kosong, sareg tegese anak kunci. Nyereg lawang tegese mbukak kunci lawang. Dene wilayah kecama­tan kang dipanggoni masyarakat Using yaiku Kecamatan Banyuwangi Kota, Kabar, Glagah, Srana, Cluring, Singo­juruh, Senggon, Giri, Rogojampi, lan Genteng.

Kanthi jlentrehe singkat bab asal usule sejarah, budaya, lan basa ing ndhuwur bisa dititik warisan lelu­hure arupa maneka upacara adat utawa tradhisi wong Using. Pengaruh agama Islam uga gedhe banget. Ajaran Islam wis nyawiji karo tradhisi lokal, salah siji tradhisi kang penulis aturake ing kene yaiku “Upacara Khitanan”.

Khitanan asale saka bahasa Arab khitan, tegese sunat, dikhitan: disunat. Ing tulisan iki penulis sengaja nglaporake Upacara Khitanan kang ditindakake dening warga Kabupaten Banyuwangi sing isih ngleluri tradhisi Using. Sacara tradhisional anak lanang sing dikhitan yen wis umur ing antarane 6 taun nganti 12 taun.

Khitan ngemu teges kang duwe dhasar, kejaba minangka pratandha pendewasaan (insiniasi), khitan asale saka kepercayaan yen saben anak yaiku titipan saka Gusti Allah. Dheweke dikarepake urip sholeh, piguna tumrap Nusa lan Bangsa, bekti marang Gusti Allah lan kurmat marang wong tuwa.

Ing masyarakat Using, bocah sing dikhitan asring ditegesake di-Islamake. Khitanan lumaku marang bocah lanang lan bocah wedok, bocah wedok biasane dikhitan sacara khusus. Bab iki beda karo bocah lanang, khitanan sing ditindakake marang bocah lanang tansah dileksanakake sacara gedhen-gedhen. Biasane dileksanakake ing umur watara pitung taun. Biyen kegiatan khitanan ditindakake dening dukun sunat sacara tradhisional kanthi alat sing dijenengake calug. Anggone nambani biasane kanthi menehi lenga putih, pemilihane dina ora ditindakake sembarangan, ning dipilihake dina sing becik adhedhasar etungan tartamtu. Kegiatan khitanan ing masyarakat Using dimeriyahake kanthi nanggap Barong, Seblang, Angklung, lan liya-liyane.

Upacara khitanan mbutuhake prabeya gedhe, upacara khitanan luwih dhisik diwiwiti kanthi upacara memule sedulure si bocah (ari-ari) lan ngirim warta marang para leluhur kang dipimpin dening sesepuh. Saliyane iku, uga dileksanakake slametan ing Makam Buyut Cili kanthi menehi sesajian arupa tumpeng serakat kanthi sajen utama pecel pitik. Sesajian iki dikarepake amrih sing duwe kajad lan bocah sing dikhitan didohake saka maneka alangan lan bahaya, sarta maneka kang ditindakake bisa nguwohake asil apik. Sadurunge budhal menyang omahe dhukun/mantri sunat, si bocah nyuwun donga pangestu marang para tamu undangan, banjur dibacutake kanthi sedhekahan lan tahlilan sarta maca Lontar Yusuf sewengi. Para tamu undangan menehi sumbangan ing maneka wujud marang si bocah, contone arupa dhuwit, klambi lan liya-liyane. Ing bengine, dibacutake kanthi acara jagongan lan hiburan.

(Dias Lentera Yuliano)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!