Rubrik Kasarasan
Aku kerep dijaluki tulung dening warga kampung, kang padha golek
jamu/tamba kanggo ngobati penyakit. Tujune ana “Rubrik Kasarasan” dadi saben
ana wong sing butuh, dakakon nggoleki dhewe ana ing majalah PS. Jebul jodho
padha waras, nganti akeh tangga sing klangenan ngampil majalah PS kanggo
nggoleki rubrik kasarasan.
Nanging emane jroning njlentrehake kagunane jamu/obat isih kurang
gamblang. Kayadene tulisane Pak Suhadi Tukang Cukur, kang asring ngisi tulisan
ing rubrik Kasarasan. Anggone nerangake pigunane jamu tradhisional/TOGA kurang
cetha, sebab dicampur karo artikele. Kudune rak dipisah dhewe digawe kaya
Resep.
Lan nek perlu ing rubrik Kasarasan mau kala-kala diisi artikel, kepiye
anggone ngupakara/nambani wong kang nandhang kacilakan patah tulang cara
tradisionil kaya modhel “Sangkal Putung”. Dijlentrehake wiwit carane
nyepaleg/nglempengake balung sing putung, carane mbalut/mpreban engga bahan
jamu tradisionil kang arep kanggo nambani.
Sebab ing kanyatan isih akeh kadang ing karang padesan sing nandhang
kacilakan patah tulang mung dijarke wae marine cacad, ora bisa menyang rumah
sakit sebab ora duwe beyaya kanggo ongkos opname ing rumah sakit. Kagem bapak
Suhadi Tukang Cukur muga-muga pirsa tulisan iki. Nuwun.
Eman Suwarto
Desa Tegalsari RT 011 RW 001
Kecamatan Kandeman, Kabupaten Batang 51261
Sugeng mahargya Natal
Dina gumanti, sasi angalih lan taun mlaku angedhar. Mangkono gampange
dina-dina sing ora krasa tansah nyuda turahane umur kita. Tanpa rinasa saiki
wis tumapak ing akhir taun 2017, bakal enggal ganti taun anyar. Lan ing akhir
wulan Desember, sadurunge gumantining taun, ana dina penting kanggone umat
Nasrani, yaiku pengetan laire Jesus Kristus juru selamat kita.
Senajan dina/tanggal laire sing sabenere ora ana sing ngerti, nanging
wis dadi kapitayan umum yen Natal dipahargya dening umat Nasrani bebarengan ing
tanggal kasebut. Mula ya wis senajan mung salah kaprah, nanging ora ana alane
umat Nasrani bebarengan mahargya Natal.
Liwat LSW iki aku ngucapaké Sugeng mahargya Natal marang sagung umat
Nasrani ing ngendi waé, muga-muga kita sedaya nampa berkahing Gusti Kang
Maha Agung, lan urip kita sateruse tansah ngalami ayem tentrem ora kurang
sawiji apa. Amin.
Irawan — Palembang.
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.