Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (7)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 405 kali

9. Jagad Raya sujud.

Kabeh takdzim marang  pepesthening Allah. Sawuse nerangake jejibahan (fung­si) Srengenge lan Rembulan, Al-Qur’anul Ka­rim nerangake jejibahane (fungsi) tetu­wuhan ijo lan wit-witan. Kekarone ndarbeni jejibahan kang  mirunggan (utama), ing sajerone ngasilake (memproduksi) oksigen lan bahan pangan kanggo keperluane makh­luk urip. sarta takdzim marang perin­tah sarta larangane Allah. Dhawuhe Allah mangkene:

“Lan thethuklan sarta kekayon padha sumungkem ing Allah.” (Q.S. Ar-Rahman (55):6).

Tembung an’Najmu, kang katur ana ing ayat kasebut miturut para Ulama, nda­teni makna thethukulan kang ora darbe wit, ora ngepang sarta ora tuwuh dhuwur kadi dene kekayon. Kalebu ja­mur, sesuketan, lumut lan liyal-iyane. Na­nging makna sing umum, an-Najmu te­gese Lintang sing dumunung ana ing La­ngit wektu bengi. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maknane:

“Apa sira ora sumurup, manawa satemene Allah iku kang disujudi dening kabeh kang ana ing Langit-langit lan kabeh kang ana ing Bumi, Srengenge, Rembulan lan Lintang-lintang, Gunung-gunung, wit-witan kabeh sato iwen lan sebagian akeh saka manungsa?. Lan akeh para ma­nungsa kang kapatrapan siksa. Lan sok sapa wonge sing diasorake dening Allah, mangka ora ana wong kag bisa mulyakake, satemene Allh iku atindak miturut kepareng karsa­Ne.” (QS. Al-Hajj (22):18).

Makna kang kinandhut ing ayat kase­but, manawa sekabehing tetuwuhan wi­wit saka sing cilik nganti sing gedhe, ka­beh padha ngestokake (patuh) marang katamtuan kang wus ditetepake dening Allah. Sebagian Ulama tafsir ana sing ndar­beni panemu,  manawa sujude tetu­wuhan lan kekayon iku mujudake dzikir lan tasbehe, kadi dene kang sinebut ana ing dhawuhe Allah, mangkene maksude:

a). Pitung Langit lan pitung Bumi dalah sak isine kabeh, padha Maha nucekake Panjenengane Allah. Ora ana siji bae makhluk Allah, nge­mung­ake padha Maha nucekake ka­la­wan  pujiNe. Mung bae sira kabeh padha ora mangerteni cara anggo­ne padha Maha nucekake. Sanyata Pangerane Iku Pangeran kang Ma­ha Aris tur kang Maha Ngapura.” (Q.S. Al-Isra (17):44).

Ayat kang katur ing nduwur ngandhut makna, sekabehing makhluk kang dumu­nung ana ing Langit sing adoh utawa kang cedhak, tansah padha muji sarta ngagungake Allah, Dzat kang Maha Ha­nyipta. Semono uga samubarang kang dumunung ana ing salumahing Bumi, saka thethukulan, kewan, sarta manung­sa, gunung, wit-witan, banyu lan liya-liya­ne, kabeh tansah padha muji sarta tan­sah ngagungake marang Allah. Sa­ben-saben  makhluk padha ngucap dzikir sarta sumarah ndhedhipe marang Allah. Ana sing mawa basa verbal, ana sing  mawa basa isyarat, sing ora dingerteni de­ning makhluk saliyane.Trep karo dha­wuhe Allah, maksude mangkene:

b). “Apa sira iku durung sumurup, yen satemene Allah iku di Maha su­cekake dening sekabehing makhluk ing Langit-langit lan Bumi, sarta de­ning manuk kalawan ngegarake su­wiwine ana ing awang-awang, ngi­gel-ngigel. Siji-sijine titah ngalam donya mangerteni shalate lan ang­gone Maha nucekake Pangeran, lan Allah iku ngudaneni marang seka­be­hing samubarang kang padha di­la­koni dening para titah.” (Q.S. An-Nur (24):41).

Kajaba saka iku Rasulullah paring dha­wuh, sing diriwayatake dening Ibnu Mas’ud neranagke, manawa driji astane Rasulullah ngilekake banyu. Ibnu Mas’ud ngucap:“Nalika iku, aku lagi bae ngru­­ngokake tasbehe pangan sing lagi didhahar.” (HR. Imam Bukhari lan Muslim). Uga ing kalodhangan iku Njeng Nabi mundhut sawatara krikil, dipapan­ake ana ing astane, nuli Njeng Nabi mi­dhanget tasbehe krikil-krikil iku padha bre­ngengngeng pindha swarane tawon. Semono uga sing mapan ana ing astane Abu Bakar, Umar, lan Utsman.” (HR. Imam Ahmad).

 

10. Wibawane Al-Qur’an lelawanan karo musik.

Wibawa ing kene maknane pengaruh. Allah wus kepareng paring piranti ma­rang manungsa arupa akal pikiran, kang­go milih marang samubarang kang dika­repake. Antara liya kanggo ngudi cara ngukuhake iman, supaya cumondhok ana ing ati nuranine. Pangudi ngukuhake iman iku pindha cara-cara kaya sing di­tin­dakake dening Nabi Ibrahim kha­lilullah. Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude:

“Lan nalika Nabi Ibrahim munjuk ma­rang Pangerane, Dhuh Pngeran kawula, mugi Paduka kepareng nedahna dhuma­teng kawula, kados pundi Paduka badhe nggesangaken para tetiyang ingkang sampun tumekeng pati (pejah)!

Dhawuhe Allah: “Apa sira du­rung pitaya?”  Nabi Ibrahim munjuk maneh. “Inggih sampun pitados, na­nging supados manah kawula ten­trem (jenjem)”. Allah nuli kepareng paring dhawuh: “Sira njupukna ma­nuk papat (cacahe). Banjur manuk iku sira gawenen cumbu marang sira. Nuli juwing-juwingen, banjur  dokokna ana ing (papanake ana ing) gunung-gunung sebagean saka manuk-manuk mau. Tumuli unda­ngen, (manuk-manuk mau), mesthi ban­jur mabur, marani ing sira (kan­thi) abure rerikatan. Lan sira padha sumurupa, sanyata Allah iku, Maha Mulya, sarta Maha Wicaksana.” (Q.S. Al-Baqarah (2):260).

Gemblenge, manungsa mono uger ge­lem mikir sarta ikhtiyar (sunnatullah), tamtu Allah bakal nuntun ing kita nuju marang bebener kang haqiqi. Kasunya­tan ing masyarakat ilmiyah, sanepane mang­kene; Ana musabaqah  ilmiyah ing sawijining pamulangan. Nalika iku ana pa­wongan, Ilmuwan (Quanita Rizvi), ko­munitas Muslim Kanada, nindakake  pa­co­ban (uji coba) kang ndudut kawigaten, yaiku hipotesine dheweke, asung pitu­duh, manawa Al-Qur’anul Karim iku ndar­beni pengaruh (efek) secara pisik. Padha dene ngrungokake musik, uga ndarbeni pengaruh (efek) secara pisik. Lha kanggo mbuktekake hipotesine lmuwan mau, dhe­weke nyediyakake woh apel, sing kan­hungan banyune sak trep (mirip) karo awake manungsa, yaiku watara 60-70 %. Apel mau disigar dadi loro. Sa­ben-saben potongan apel kasebut dipa­panake ing kothak (boks) sing dikunci rapet. Lha sak suwene seminggu seba­geyan sigaran apel iku diputerake  wacan Al-Qur’an. Dene sing sak potong liyane di­puterake musik. Kekarone apel (siga­ran) mau dipapanake ana ing papan (ber­temperatur) standart ruangan.  Asile nggumunake banget sarta hipotese mau ditampa dening kalangan ilmuwan. Apel sing diputerake wacan Al-Qur’an sasu­wene rong minggu panalitian, kahanane isih cukup seger sarta isih ana aroma apel (sing uga cukup seger). Dene apel sing diputerake musik, kahanane dadi bosok. Aromane bisa dibayangake. Pe­ngaruh (wibawane) Al-Qur’anul Karim be­ner-bener nggawokake. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

a).”Lan sawenehing manungsa, ana kang tuku crita ngayawara, per­lune kanggo nyasarake saka aga­ma­ne Allah, tanpa ilmu, sarta nga­lap aga­mane Allah iku kanggo gegu­yonan. Wong-wong mau tetep ka­pa­trapan siksa kang nginakake (meng­-hi­na­kannya).” (Q.S. Luqman (31):6).

(b).”He para manungsa! Sanya­ta  sira kabeh wus ketekanan pepe­ling, yaiku Al-Qura’nul Karim saka Pa­ngeranira, dadi tamba lelara (kang cumondhok ana ing atinira, ing dhadhanira) sarta dadi pituduh lan rahmat tumrap wong-wong kang padha iman.” (Q.S. Yunus (10):57). (Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!