Mori Putih
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 139 kali

Nalika isih sekolah Basno duwe gegayuhan pengin dadi pegawe kantoran.

“Pegawe kantoran kuwi nyambutgawene ora rekasa. San­dhang panganggone rapi tur resik, lungguh ing ruwangan AC. Nyambut gawene ora abot, ora gluprut rege­dan, nam­pa gaji cukup saben wulan. Lan sing luwih wigati diajeni tangga teparo,” ujare Basno.

Nanging pepenginane ma­nungsa asring ora jumbuh karo panggantha. Rampung sekolah Basno nglamar ga­we­yan mrana-mrene. Wis ma­kaping-kaping mlebu metu kantor utawa perusaha­an, nanging kabeh blong ora ana sing gelem nampa.

Wekasane Basno trima nyam­butgawe srabutan. Sem­barang kalir dilakoni, wiwit bubut-bubut suket latar omah, negor uwit, mbuwang larahan, nganti tukang angkut barang. Pancen gaweyan kuwi ora nyugihi, nanging ngu­ripi. Kanti makarya srabutan mau Basno bisa nyukupi kabutuhane anak bojo sa­nadyan mung prasaja.

Wingi dheweke dikongkon Pak Pardi mbubuti suket lan resik-resik latar omah. Lumayan rong ndina kerja diwenehi sa­tus ewu. Isih ditambah beras rong kilo. Sadu-runge kuwi Basno dikongkon Pak Toyo ne-gor wit pelem sing ngrembuyung nutupi talang. Basno mulih kanthi ngga­wa dhuwit Rp 75.000 plus diparingi kaos sport.

Pakaryan kuwi dilakoni Basno wis mataun-taun nganti saiki duwe anak loro. Sapa wae sing mbutuhake tenaga bakal ditandangi kanthi senenging ati. Esuk iki dheweke dikongkon Pak Agus pegawe bank ngresiki cungkupe swargi bapak ibu­ne ing pesareyan. Sedhela maneh pan­cen wancine nyadran, mula pesareyane bapak ibune Pak Agus  kudu diresiki.

Biyasane Basno nyambutgawe ijen. Na­nging dina iki dheweke ngajak anake sing nembe umur patang taun bebare­ngan ma­karya resik-resik cungkup. Kan­thi nggawa  arit, pacul, cethok, lan cikrak Basno mancal pit jengki mboncengke anake mbarep aran Teguh budhal me­nyang kuburan.

Basno nuli njujug cungkup. Dheweke wis ngerti papan dunung cungkupe swargi bapak ibune Pak Agus jalaran taun kepung­kur uga dheweke sing ngresiki. Pit disen­­-dhek­ake wit semboja sacedhake cungkup. Dheweke nuli miwiti tumandang gawe.

“Le, bapak takmacul longsoran lemah ndhuwur cungkup iki. Kowe mbabadi su­ket sing nutupi cungkup iki ya,” prentahe sinambi ngulungake arit marang anake mbarep. “Ya Pak, aku wis isa ngarit kok,” wangsulane Teguh.

Lelorone banjur nyambutgawe kanthi sengkut. Basno tumandang maculi lemah sacedhake kuburan. Kringete dleweran kena panase srengenge. Basno duwe pa­ngarep-arep muga mengko diopahi sing akeh dening Pak Agus. Sebab, Pak Agus kuwi kawentar loma tinimbang tangga te­paro liyane. “Apamaneh Pak Agus bar nam­pa THR saka kantore,” batine Basno.

Nyedhaki jam sewelas awan Basno durung leren saka anggone pacul-pacul. Lemah sing dipaculi dikukupi nganggo cikrak nuli diguwang ing pinggir kuburan. Dene anake durung rampung mbabadi suket. Mbok menawa merga wis kesel apa piye, Teguh leren nuli nuthuk-nuthuk­ake arite menyang cungkup kuburan.

Basno sing mangerteni solah ting­kahe anake nuli…………….

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja nganggep awakmu tansah salah, uga aja nganggep awakmu tansah bener.

Klik

KAYA JELI

Iki dudu plastik utawa ager-ager jeli, nanging iki bangsane iwak. Jelase iki Plankton kang wujude bening. Jeneng latine yakuwi Salp (Salpingo-oophorectomy) mujudake kewan kang nduweni kaunikan kanthi kulit transparan. Saking transparane, akeh wong ngira yen plankton iki plastik bening kang ngambang ing laut. (d/ist)***

Pethilan

Saperangan gedhe kabutuhan bawang putih diimpor

Petani wis biasa nangis bawang Bombay kok!

Sertifikasi tanah kuwi program nyata, dhawuhe Presiden

Dadi sing apus-apus sapa iki?

Wakil rakyat saya adoh saka rakyat

Saya adoh, menyang segara wae!