Ngudi Karomah ing Makam Sunan Bromo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 707 kali

Sunan Bromo, mengkono sebutan kanggo jizim sing di sarekake  ing salah sijine makam sing paling akeh diziarahi,  ing antarane makam-makam (puluhan cacahe) sing ana kono. Apamaneh ing wektu-wektu tinamtu, kayata Wulan Ruwah (ngarepake Wulan Pasa Rama­dan), Sura lan wulan Syawal, makam iki mesthi kahanane uyel-uyelan, kebak wong sing padha kepengin umbul donga ing makam kasebut. Embuh, ora ana wong sing mangerteni kanthi cetha, geneya jizim mau sinebut kaya jeneng Gunung Bromo.

Anehe, para peziarah sing asale saka sadhengah tlatah kuwi, meh kabeh pa­dha nyebut yen Sunan Bromo mono minangka salah sijine Wali, sing kajibah syiar Agama Islam ing tlatah Kecamatan Bojo, Kabupaten Kendal.  Kamangka ora ana cathetan sejarah sing njangkep, sing bisa njlentrehke bab iki. Sing ana mung sawijine crita turun temurun, yen Sunan Bromo iki muasale saka Cirebon lan mi­nangka salah siji muride Sunan Kalijaga. Dadi Sunan Bromo iki uga klebu salah sijine Wali Sanga, sing tugase syiar Agama Islam ing Tanah Jawa.

Nalika PS Sanja mrono, sing katon sepisanan ananae bangunan sing sarwa prasaja, kanthi dicet sarwa ijo, sing mbok menawa minangka ciri khas area makam ing tlatah kono, saengga gam­pang kang­go sapa wae sing pengin ziarah kubur ing panggonan iki. Werna ijo iki kaya-kaya nyawiji karo kahanan ing lingku­ngan kono, sing dikupengi wit-wit gedhe sing katon ngrembuyung lan ijo royo-royo. Saengga gawe suwasana edhum, ayem lan tentrem ing tengah-tengahe Kutha Kendal sing awan kuwi panase srengenge krasa sumelet panas ing kulit. 

Jeneg Sunan Bromo ora patiya ka­wentar kaya para wali sanga liyane, nanging kanggone wong sing manger­teni lan lagi lelaku ziarah ing makam Wali Sanga bakal luwih cetha sapa ta sejatine Sunan Bromo kuwi? Kaya dene para Wali Sanga sing liyane, Sunan Bromo uga dianggep nduweni sadengah kadig­dayan lan ilmu menjila tinamtu sing pilih tandhing. Saengga akeh para peziarah sing ngyakini yen ing makam kono nge­mu karomah sing gedhe diban­dhingke karo makam-makam pasuja­rahan liyane.

“Sunan Bromo pancen  sengaja teka saka Cirebon mligi kanggo syiar lan nye­bar Agama Islam  ing tlatah Boja kene, kanthi sangu ilmu sing disinau saka gurune (Sunan Kalijaga). Gandheng  Su­nan Bromo mono lageyane semanak, grapyak lan pinter srawung marang sapa wae, mula tekane mrono gampang di­tam­pa dening masyarakat sekitare. Kan­thi mengkono wis samesthine yen Aga­ma Islam bisa enggal sumrambah ing tlatah kene, kaya-kaya tanpa rubeda nir sambekala,” ujare Sumarno, juru kunci Makam Sunan Bromo awan kuwi

Mboknewa ya bab iki sing ndadeke ma­kame sing ana njero cungkup sing pra­­­saja iku meh saben wayah ora sepi saka peziarah. Saben ndina ana wae sing padha mrono kanggo ziarah lan uga ana sing padha umbul donga kanthi kekarepan sing ora padha siji lan sijine. Nanging manut pamawase Sumarno, ing antarane  akehe pangajap  iku sing paling wong sing nduweni gaweyan dagang. “Embuh tujuwane ya mung pengin umbul donga lan ziarah kubur Sunan Bromo, apa kekarepan liyane aku ora nduweni hak mangerteni,” kandhane.

Sumarno uga ora mangerteni kanthi terwaca, apa sing minangka dhasar ke­yakinane para peziarah kuwi teka mron­o. Nanging uga akeh sing ngan­dhake, yen merga kerep teka mrono awit akeh kekerepane sing kabul, sakwise ziarah. Mula saka kuwi wong-wong sing ru­mangsa Kabul panjangkane mau banjur padha janji bakal mrono maneh ing dina-dina candhake karo ngajak kadang lan sedulur-sedulure kanggo ziarah kubur ing kono. Anehe maneh, ing antarane para peziarah sing teka kono, akeh-akehe teka saka tlatah Jawa Barat.

Mbaokmenawa wae, bab iki ana gan­dheng cenenge, yen Sunan Bromo mono uga asale saka Cirebon, Jawa Barat, sing nduweni profesi dagang. Mula pantes wae yen akeh wong sing ngarani yen ma­kam Sunan Bromo mono minangka ju­jugan para pedagang. “Aku dhewe ora ngerti sejarahe Sunan Bro­mo, nanging amarga Sang Sunan kajibah amanah syiar Agama Islam, mesthi wae dudu wong sing sembarangan. Awit manut critane mbah-mbah mbiyen tlatah Boja kene klebu gawat kaliwat-liwat,” ujare.

Geneya ? ora saben wong bisa mle­bu mrene, apa maneh kanggo jebarake aliran tinamtu? Awit ing kene minangka pang­gonane kumpul para bromocorah, begal, lsp. Nanging amarga Sunan Bro­mo iki nduweni kadigdayan sing menjila, salah sijine bisa nambani sadhengah lelara sing disandhang  wong desa kono, sa­eng­ga kabisane Sunan bromo mono di­anggep bisa minggunani, saengga kan­thi gampang Sunan Bromo banjur bisa mlebu ing tlatah kono lan narik sim­pati warga kanggo ajar ngaji lan ngilmu Aga­ma Islam.

 

Haul lan Bukak Lu’ur.

Kanthi migunake tongkat lan tasbih, Sunan Bromo bisa ngripta sawijine ra­muan obat sing mujarab kanggo ma­raske sadengan lelara sing maune ora bisa diusadani. Saka lelakon kasebut, mula uga akeh para peziarah sing teka mrono, minangka upaya kanggo ngu­sadani ruwet renteng sing lagi diadhepi lan lelara fisik sing lagi disandhang. Mligi kanggo para ziarah iki, biasane ndedo­nga, karo njupuk utawa njimpit sethithik apa wae sing ana kono, kayata lemah,  kembang sing alum, kabeh mau mung minangka sarana ngaliske ruwet renteng sing diadhepi.

Uga sarana amrih waras lelara fisik sing lagi disandhang dening peziarah utawa sanak kadange. Nanging  pokoke anggone padha mburu barang-barang sing sing dianggep ngemu tuah mono, ana gandheng cenenge nalika prosesi ritual haul makam Sunan Bromo, sing di­­adani setaun sepisan. Ing wanci kuwi pihak pengurus bakal ngganti mori tutup makam Sunan Bromo, prosesi ritual iki sing kinaran ritual bukak lu’ur. “Pengurus banjur ngguntingi mori tilas penutup makam mau dadi cilik-cilik,” tambahe

Banjur kanggo apa mori mau? Pra­nyata  ana atusan wong sing mbutuhke, sing pigunane ora padha kanggone wong siji lan sijine. Malah ora mung wong kiwa tengen  tlatah Kabupaten Kendal wae sing teka mrono ing wancine haul ma­kam Sunan Bromo, nanging uga ana sing teka saka Semarang, Salatiga, Solo uga saka Ngawi Jember, Lamongan lan ora keri saka Jawa Barat. “Kabeh wong mau kaya-kaya mung kepengin mburu kain tilas lurup makam Sunan Bromo mau,”  panambahe Sumarno.

Ora wurung rayahan mori lurup ma­kam mau dadi tontonan sing narik ati kanggone atusan wong sing mrono. Kajaba saka kuwi ing wanci iku uga ju­medhul pasar tiban, ana atusan peda­gang sing mbukak warung. Sakwernane barang dagangan di gelar ana kono, wiwit panganan, omben-omben, nganti tekan dolanan tumpleg bleg “Bab cara mingunake suwekan mori yilas tutup makam, mesthi wae saben wong ora padha,” terange.

Makam Sunan Bromo mono pase, manggon ing Desa Bebengan, Kecama­tan Boja, Kabupaten Kendal. Kanthi mengkono, pantes yen makam iki dike­ra­matke, minangka wisata spiritual. Mung sayange pemerintah daerah (Pemda) Kendal katone durung nggarap area makam iki kanthi temen, saengga kabeh kedadeyan, prosesi perayaan mau dipandhegani dening warga kono wae. Kamangka yen pemerintah bisa melu cawe cawe, mesthi bakal luwih regeng lan asile bisa kanggo ngankat PAD (pen­dapatan asli daerah) Kendal. (Kang Hong)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan