Rahmat Allah, Sumber Energi Jagad Raya (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 349 kali

(6). Rembulan (Ratih) madhep ma­rang Bumi.

Mangerteni madhepe (posisine) rem­bulan marang bumi, yen dinulu saka ndhu­wur Kutub Lor Bumi, arah rotasi bu­mi ing po­rose (sumbune) iku lelawanan karo lumakune jarum jam. Semono uga arah gerak revolusine rembulan uga ngor­bit bumi (lumaku ngubengi bumi) uga tumuju (arah) kang lelawanan karo jarum jam. Lha sekabehing gerakan iku nemtokake kapan lan kepriye wangune (kelihatan seperti apa) rembulan saka bumi. Lha yen dinulu saka salah sawijining papan, bakal tumapak wektu  njedhule (terbitnya) rem­bulan tansah mundur watara 50 menit. Iku krana rembulan wus lumaku ngedohi (menjauhi) watara 13,8 derajat, sajerone ngorbit sasuwene 24 jam. Lha sasuwene ngorbit iku, rembulan bakal ngliwati  pi­rang-pirang tataran. Dene separo awake sing ketaman dening cahya rawikara (sre­ngenge) tansah katon padhang (bercah­ya), kadi dene bumi sing separo awake sing madhep marang rawikara (srenge­nge), bakal ngalami wektu rina (awan). De­ne awake sing ngungkurake (membela­kangi), bakal ngalami wektu ratri (wengi). Lha kahanan kang kaya mangkono mau tum­raping rembulan, kabeh ditindakake dening separo bagian awake sing ketaman cahya srengenge. Bisa dinulu saka luma­hing bumi. Dene rembulan, kang karan rem­bulan anyar, bagian rembulan sing ma­dhep marang bumi, mung katon ayang-ayang­e bae. Tumuli seminggu, rembulan ba­kal katon setengah lingkaran sing pa­dhang.

Banjur seminggu maneh, bakal du­ma­di rembulan Purnama (Purnama sidi). Yaiku nalikane sekabehing bagian  (sisi) rembulan sing madhep marang srenge­nge, nampa cahaya srengenge.

Dene remblan tumapak ing swasana “Rembulan Purnama Sidi” iku dumadi na­likane rembulan mapan ana ing titik paling adoh saka srengenge lan bumi. De­ne rem­bulan anyar, iku dumadi nalika rem­bulan mapan ana ing titik paling ce­dhak karo srengenge lan bumi (Subhanallah).

Kajaba saka iku perlu kinawruhan, nali­kane luwih separone awak rembulan, iku ka­ton terang (bercahaya), swasana kang mangkono mau rembulan katon dinulu mlengkung. Dene yen cahyane kurang saka separo, iku krana rembulan sabit (bu­lan sabit). Lha swasana kang mangkono mau mujudake anugerah paringaning Allah kang tanpa winilang (la tuhshuu ha)  sarta tandha yekti mahabbah (cinta) Allah marang kawulanE ing lumahing bumi. Hiya kanthi sipat Rahman lan RahimE, Pan­jenengane kepareng nyipta rawikara (sre­ngenge) satra ratih (rembulan) Kanggo ke­butuhaning manungsa, iku kawula kinasihE.

 

7. Dumadine Grahana (Orbit Rem­bu­lan lan Grahana)

Rasulullah saw. paring  dhawuh, ma­na­wa Rawikara (Srengenge) sarta Ratih (Rembulan) iku mujudake rong ayat-ayat Allah ana ing Jagad Raya iki. Kekarone iku ora dumadi grahana, jalaran krana ma­tine utawa laire sawijining pawongan.

Nalika sira kabeh padha ngalami tu­­mapaking grahana, mula sira ka­beh ma­si­gra (enggal-enggal) nin­dak­ake shalat sunnat (shalat sunnat grahana Srenge­nge utawa shalat sunnat grahana Rem­bu­lan. (HR. Bukari lan Muslim).

Makna kang kinandhut ana ing dha­wuhe Rasu­lullah kasebut, ora mung ne­rangake apa kang kudu kita tindakake na­lika dumadi grahana Srengenge utawa grahana Rem­bulan, nanging ndarbeni mak­na kang­go mbrastha kapitayan wa­risan peradaban jaman jahiliyyah, sing ndarbeni panganggep, manawa grahana Srengenge (Rawikara) utawa grahana Rembulan (Ratih), iku mujudake isyarat utawa pratandha kang penting (mi­runggan). Yaiku isyarat utawa pratandha laire utawa matine pemimpin agung (orang besar). Swasana kang kaya mang­kono mau, miturut piwulang Islam (syar’i), iku mujudake tandha-tandha kekuasa­a­ning Allah ing Jagad Raya iki. Grahana iku mau dumadi, nalika Rawikara (Sre­ngenge) utawa Ratih (Rembulan), ma­pan ana ing sak garis lurus. Yaiku nalika Rembulan ma­pan ana ing antarane Sre­ngenge lan Bumi. Nuli dumadi grahana Srengenge. Dene na­lika Bumi mapan ana antarane Srengenge lan Rembulan, nuli bakal dumadi grahana Rembulan. Hiya ing kene iki mapan kea­gunganing Allah kang dumadi, ora saben taun. (Subhanallah).

 

(8). Manfa’ate Rembulan lan Sre­ngenge.

Manfa’ate Rembulan lan Srengenge tumraping Bumi iku trep karo dhawuhe Allah, mangkenen maksude:

“Lan PanjenengaNe wus kepa­reng nundhukake  Rawikara (Sre­nge­nge) lan Ratih (Rembulan) kang­go sira kabeh, kang tansah lumaku, lan kepa­reng nundhukake wengi kalawan rina kanggo sira kabeh.” (Q.S. Ibrahim (14):33).

Pangerten kang kinandhut ana ing ayat kasebut, dhawuhe Allah “nundhuk­ake” iku ing pangangkah supaya bisa di­gu­nakake lan dimanfa’atake. Tegese, su­paya keka­rone Planet (Srengenge lan Rembulan) mau bisa aweh manfa’at tumraping ma­nungsa sing urip ana ing salumahing Bumi. Semono uga rina lan wengi, kekarone iku bisa dimanfa’atake, manungsa bisa ngu­padi rejeki sarta istirahat (leren makarya, leren nyabut gawe). Bisa diaturake, man­fa’at kekarone Srengenge lan Rembulan iku, antara liya, yaiku :

a). Gilir-gumantine rina lan wengi iku, langsung bisa dirasakake dening makhluk urip ing Bumi. Iku satemene mujudake asil rotasi (ngorbite) Bumi ing porose (as-nya) sing madhep marang Srengenge. Dene bagian (belahan)  Bumi sing madhep Sre­ngenge bakal ngalami wektu awan. Lha bagian (belahan) sing ngungkurake Sre­nge­nge bakal ngalami wektu bengi (we­ngi). Hiya krana lumakune lan mubenge (rotasi lan revolusi) Bumi iku manungsa bisa netepake etungan wektu, wiwit saka jam, menit nganti wilangan sasi lan taun.

b). Cahya (sinar) Srengenge iku mu­judake energy kang banget mirunggan (utama), sing dimanfa’atake dening the­thu­kulan kanggo foto sintetis. Hiya krana mangkono iku (proses iku), thethukulan /tetuwuhan bisa nuwuhake (mempro­duksi) oksigen sing baku dibutuhake  de­ning makhluk urip kanggo unjal nafas (am­began). Cetha banget tanpa anane ok­sigen ora bakal ana panguripan ing lu­mahing Bumi.

c). Cahya (sinar) Rawikara (Srenge­nge) iku uga ndarbeni jejibahan (fungsi) manasi lumahing Bumi,  becik dharatan utawa lautan. Kekarone (dharatan lan lau­tan) iku ndarbeni daya kang beda sa­jeroning nyesep (nyerot) sarta nyimpen panas mau. Hiya iku sing njalari duma­dine beda panas (suhu) ing lumahing Bumi. Lha hiya krana bedane suhu iku sing njalari angin sumidit. Dene salah sa­wijining manfa’at angin (samirana), iku antara liya sing nggawa munggah uap banyu saka lumahing segara, kang wusanane mudhun dadi banyu udan tumiba ing dharatan. Banyu udan mau mili lan sumimpen ing lemah, nuli dumadi sumber (tuk) banyu, tumrap sekabehing makhluk urip sing dumunung ana ing salumahing Bumi (dharatan).

d). Dene posisi Bumi sing miring wa­tara 23,44 derajat iku, sing lumaku ngu­bengi Srengenge, iku ora stabil. Gravitasi Rembulan asung pambiyantu nyeim­bang­ake poros Bumi saat rotasi iku, ing pangangkah Bumi ora oling (tergun­cang). Malah Rembulan uga ndartbeni pi­guna asung pambiyantu marang ke­cepatan rotasi lan revolusi Bumi.

e). Kajaba nyedhiyakake cahya ing wektu Bumi lan Rembulan uga sing nja­lari banyu dadi rob (pasang).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!